Kunci Jawaban SMP

45 Soal Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 2 Kurikulum Merdeka Kunci Jawaban Ulangan 2025

Materi soal bahasa Jawa Kelas 7 semester 2 Kurikulum Merdeka. Ukara ing ngisor iki sing kalebu krama inggil yaiku.

TRIBUNPONTIANAK.CO.ID/DOY MELANO
Materi soal bahasa Jawa Kelas 7 semester 2 Kurikulum Merdeka. Ukara ing ngisor iki sing kalebu krama inggil yaiku. 

33.     Mbak Rani wingi lunga menyang Pekalongan arep tuku Batik.
Yen nganggo basa ngoko alus, yaiku ….
a. Mbak Rani kalawingi kesah dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik
b. Mbak Rani kalawingi tindhak dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik
c. Mbak Rani wingi tindhak menyang Pekalongan arep mundhut Batik.
d. Mbak Rani wingi kesah datheng Pekalongan arep mundhut Batik
Kunci Jawaban: C

34.     Gunung Arjuna yen didheleng saka kutha Malang mligine tlatah Singosari katon ijo royo royo.
Ing lembah utawa kaki gunung kaya kaya astane satria kang gagah prakosa njaga alam ing sakiwa tengene.
Miturut tata rakite utawa jenise tembung, tembung “saka” kalebu tembung ancer ancer amarga tembung saka….
a. Sesulihing Gunung Arjuna
b. Nerangake kaendahan ing Gunung Arjuna
c. Kanggo nerangake pangrasa ndheleng Gunung Arjuna
d. Kanggo nyambung tembung di dheleng karo Kutha Malang
Kunci Jawaban: D

35.     Agrowisata Kebun Teh Wonosari minangka salah satunggaling papan wisata kang asri ana ing wewengkon Kutha Malang. 
Dumunung kira kira 6 km saka Lawang lan 30 km saka Malang, ana ing lerenge Gunung Arjuna, mula hawane adhem
Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ....
a. Kolaborasi
b. Idhentifikasi 
c. Klasifikasi
d. Deskripsi bageyan
Kunci Jawaban: B

36.     Ing Coban randa saliyane banyu anjlog akeh wahana wisata kang bisa kita temoni kayata : kebun satwa lan kebon woh - wohan, taman labirin kanggo wahana dolanan goleki dalan, papan kanggo outbond uga ana, ana kuliner utawa café lan uga ana hunting foto.
Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ....
a. Idhentifikasi 
b. Kolaborasi 
c. Klasifikasi
d. Deskripsi bageyan
Kunci Jawaban: D

37.     Minangka salah sawijining papan wisata ing Jawa Wetan, dumunung ing kutha Blitar kalebu wisata budaya / cagar budaya. 
Manggon ana ing sangisore Gunung Kelud. 
Ing sakupenge tinemu  reca ( arca ) peninggalan saka kerajaan Kediri.
Wisata ing dhuwur nyritakake ….
a. Pesisir Ngliyep
b. Kampung Coklat
c. Candi Penataran
d. Pesarean Bung karno
Kunci Jawaban: C

38.     Piranti sing digunakake petani methiki pari yaiku ….
a. Pacul
b. Dos
c. Ani-ani
d. Arit
Kunci Jawaban: C

39.     Tuladha ukara tanggap ing ngisor iki yaiku ….
a. Adhi nangis goro-goro tiba
b. Budi dikongkon ibune tuku gula
c. Bayu numpak sepur seneng banget
d. Santi nyirami kembang ing pekarangan
Kunci Jawaban: B

40.     Tukang gawe barang saka kayu iku diarani ….
a. Kemasan
b. Jlagra
c. Pandhe
d. Undhagi
Kunci Jawaban: D

41.     Lemah kang dikanggokake nandur lan tetanen palawija utawa tanduran liyane diarani ….
a. Pekarangan
b. Alun-alun
c. Tegalan
d. Lapangan
Kunci Jawaban: C

42.     I) Kembang jagung arane sinuwun
II) Kembang lombok arane gleges
III) Kembang cengkeh arane polong
IV) Kembang blimbing arane maya
Arane wit lan kembange sing bener ditunjukake nomer ….
a. I, II, III, IV
b. II lan IV
c. I lan IV
d. I, III lan IV
Kunci Jawaban: D

43.     Roni iku bocahe isinan, ora kaya kanca-kancane.
Tembung isinan iku tegese ….
a. Ora nduwe isin
b. Seneng ngisin-ngisini
c. Gampang isin
d. Ora isin blas
Kunci Jawaban: C

44.     Bocah kui lungguhe antheng kitiran.
Tegese sanepa ing dhuwur yaiku ….
a. Tansah antheng banget
b. Tansah polah ora bisa meneng
c. Tansah tengok-tengok nganti keturu
d. Tansah ajeg ora bisa obah
Kunci Jawaban: B

45.     Rukun agawe santosa, crah ….
Paribasan ing dhuwur iku terusane sing bener yaiku ….
a. Agawe lumrah
b. Agawe bungah
c. Agawe susah
d. Agawe bubrah
Kunci Jawaban: D

(*)

* Baca Berita Terbaru Lainnya di GOOGLE NEWS
* Dapatkan Berita Viral Via Saluran WhatsApp
!!!Membaca Bagi Pikiran Seperti Olahraga Bagi Tubuh!!!

Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved