Kunci Jawaban SMP

45 Soal Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 2 Kurikulum Merdeka Kunci Jawaban Ulangan 2025

Materi soal bahasa Jawa Kelas 7 semester 2 Kurikulum Merdeka. Ukara ing ngisor iki sing kalebu krama inggil yaiku.

TRIBUNPONTIANAK.CO.ID/DOY MELANO
Materi soal bahasa Jawa Kelas 7 semester 2 Kurikulum Merdeka. Ukara ing ngisor iki sing kalebu krama inggil yaiku. 

TRIBUNPONTIANAK.CO.ID - Materi soal bahasa Jawa Kelas 7 semester 2 Kurikulum Merdeka.

Kumpulan soal ini diberikan untuk siswa Kelas 7 SMP.

Siswa dapat menggunakannya untuk latihan belajar.

Latihan belajar diperlukan untuk melakukan persiapan menjelang Ulangan, UTS UAS.

Caranya dengan latihan soal dari contoh soal materi mata pelajaran bahasa Jawa.

Setiap pertanyaan soal memiliki kunci jawaban soal bahasa Jawa Kelas 7 semester 2.

Adanya kunci jawaban dapat mempermudah proses belajar siswa.

Ada 45 pertanyaan soal pilihan ganda yang dirangkum untuk siswa.

Berikut ini kunci jawaban soal bahasa Jawa Kelas 7 SMP Kurikulum Merdeka yang disadur dari beragam sumber.

[Cek Berita dan informasi kunci jawaban SMP KLIK DISINI]

Soal Bahasa Jawa Kelas 7

1.     Ukara ing ngisor iki sing kalebu krama inggil yaiku ….
a. Kula dipunsukani duwet katah
b. Simbah dipunaturi sare wonten kamar
c. Adik lagi dolanan ana ing plataran
d. Bapak nembe kesah saking omah
Kunci Jawaban: B

2.     Bocah-boah lagi mloya-mlayu ing lapangan kidul desa.
Ukara ing dhuwur iku sing kalebu tembung dwilingga salin swara yaiku ….
a. Bocah-bocah
b. Mloya-mlayu
c. Lapangan
d. Kidul desa
Kunci Jawaban: B

3.     Anak wedus jenenge cempe, yen anak sapi jenenge ….
a. Bledug
b. Beyes
c. Pedet
d. Cemeng
Kunci Jawaban: C

4.     Bayu, braja, maruta, pawana lan samirana iku dasanamane ….
a. Langit
b. Geni
c. Angin
d. Bumi
Kunci Jawaban: C

5.     Gagasan pokok kang dadi dhasaran kanggo ngembangake carita diarani ….
a. Tema
b. Judul
c. Alur
d. Pachelaton
Kunci Jawaban: A

6.     Babagan sing ora perlu dilaporke ing dalem nulis palaporan tulisan yaiku ….
a. Sing diamati
b. Wektu ngamati
c. Panggonan ngamati
d. Bekal Ngamati
Kunci Jawaban: D

7.     Tanduran kang wite mrambat ing lemah iku diarani ….
a. Pala wija
b. Pala kesimpar
c. Pala kependhem
d. Pala kitri
Kunci Jawaban: B

8.     Basa ngoko lugu yaiku basa kang tembung-tembunge diucapake kanthi ngoko kabeh. 
Basa ngoko lugu iku ora panteng diucapake ….
a. Wong tuwa marang anake
b. Bocah marang kancane
c. Anak marang wong tuwa
d. Wong tuwa marang wong enom
Kunci Jawaban: C

9.     Pakdhe nembe ngendhikan kalian Mas Ahmad sing ana kutha Surabaya kanthi sarana ….
a. Televisi
b. Radio
c. Bis
d. Telepon
Kunci Jawaban: D

10.     Perangane layang kang nelakake ungah-ungguhe kang ngirim layang marang wong kang dikirimi diarani ….
a. Adangiyah
b. Titi mangsa
c. Surasa basa
d. Wasana basa
Kunci Jawaban: A

11.     Kembang kencur, gandha sedhep sandhing sumur
Kudu jujur, …..
Lanjutane parikan ing dhuwur yaiku ….
a. Yen kepengen uripe ajur
b. Yen kepengen uripe makmur
c. Yen kepengen nduweni sumur
d. Yen kepengen tuku kasur
Kunci Jawaban: B

12.     Perang Baratayudha iku perange Pandhawa kalian ….
a. Prabu Kresna
b. Kurawa
c. Punakawan
d. Ramayana
Kunci Jawaban: B

13.     Gatekna macapat ing ngisor iki!

Gambuh
Laras Pelog Patet Barang
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa kapatuh,
Kapatuh pan dadi awon

Macapat ing dhuwur iku guru gatrane ana ….
a. 7 larik
b. 5 larik
c. 6 larik
d. 10 larik
Kunci Jawaban: B

14.     Guru wilangan ing tembang macapat ing dhuwur yaiku ….
a. 7, 10, 12, 8, 8
b. 7, 9, 10, 7, 8
c. 7, 7, 8, 8, 9, 9
d. 8, 10, 12, 7, 7
Kunci Jawaban: A

15.     Saben panggonan iku nduwe cara utawa adat dhewe-dhewe
Ukara ing dhuwur iku paribasane ….
a. c. Desa mawa cara, negara mawa tata 
b. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung
c. Jer basuki mawa bea
d. Adigang adigung adiguna
Kunci Jawaban: A

16.     Ukara-ukara ing ngisor iki kang ora kadunungan tembung saroja yaiku .…
A. Mengeti dina kamardikan para mudha padha gotong royong resik-resik desa.
B. Para warga sengkut gumregut anggone tumandang gawe.
C. Kabeh padha aweh sumbang surung kanggo majune desa.
D. Mudha mudhi uga melu mengeti dina kamardikan.
Kunci Jawaban: D

17.     Raden Gathutkaca satriya kang gagah ... sekti mandraguna.
A. dhuwur
B. prakosa
C. gedhe
D. andhap asor
Kunci Jawaban: B

18.     Iku perabot satuhu
Tegese iku cara kang ....
A. ora bener
B. nora becik
C. bener
D. Becik
Kunci Jawaban: C

19.     Tembung nendra ing larikan tembang ing ndhuwur tegese ....
A. mangan
B. omongan
C. turu
D. mlaku
Kunci Jawaban: C

20.     Isine tembang ing ndhuwur kasebut ing ngisor iki, kajaba ....
A. panimbang-nimbang ing kabecikan.
B. bab panimbang-nimbang iku cara kang bener.
C. aja lali tansah ngati-ati.
D. ninggalna panimbang-nimbang bab kabecikan
Kunci Jawaban: D

21.     Orientasi
2. Resolusi
3. Komplikasi
4. Klimaks
5. Reorientasi
6. Koda/ amanat
Urutan struktur teks narasi ing ndhuwur kang baku yaiku ….
A. 1 – 3– 2 – 4 – 5 - 6
B. 2 – 6 – 4 – 1 – 5 - 3
C. 3 – 4 – 1 – 5 – 6 - 4
D. 1 – 3 – 4 – 2 – 5 – 6
Kunci Jawaban: D

22.     “Ing sakjabane padhepokan Arga Sekar isih repet-repet, angin esuk krasa seger banget.
Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubarampene sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing sisih wetan direwangi putrane Bambang Sumantri banjur diterusake sembah puja konjuk Sang Hyang Widhi, lumantar Dewa Surya ing sanggar pamujan..……”
Paragraf ing dhuwur yen dideleng saka struktur teks narasi kalebu bagean ....
A. Klimaks
B. Orientasi
C. Resolusi
D. Komplikasi
Kunci Jawaban: B

23.     ”Menawi makaten Kakang Adipati Karna, monggo enggal karampungaken jejibahan punika.” 
Arjuna atur sembah lan sumadiya nyengklak kreta perang, semono uga Adipati Karna."
Miturut struktur teks narasi, paragraf ing dhuwur kalebu bagean ....
A. Orientasi
B. Resolusi
C. Komplikasi
D. Koda/ amanat
Kunci Jawaban: C

24.     Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis (dicepaki) ubarampene (kelengkapan) sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing sisih wetan.
Tembung sang bagaskara tegese ....
A. Bumi
B. Lintang
C. Rembulan
D. Srengenge
Kunci Jawaban: D

25.     Para pahlawan rela ngorbanake jiwa raga kanggo bangsa lan negara Indonesia.
Tembung jiwa raga kalebu jinise tembung ....
A. Entar
B. Garba
C. Saroja
D. Dasanama
Kunci Jawaban: C

26.     Lelabuhanipun Bung Hatta kangge Negara Indonesia kathah sanget.
Piyambakipun aktif wonten organisasi kepemudaan.
Salah satunggaling perjuwangan saking Bung Hatta inggih menika dados wakiling bangsa Indonesia ana ing Perundingan yaiku Konferensi Meja Bundar kang dianakake ing negari Walanda kang isine nyuwun datheng negara ing donya lan negri Walanda kedaulatan Indonesia amargi bangsa Walanda iku melu ngatur pemerintahan Indonesia kamangka Indonesia wis mardika. 
Saliyane iku Bung Hatta uga gadhah jejuluk yaiku Bapak Koperasi Indonesia amarga kiprahipun kangge kesejahteraan lan kemakmuran masyarakat damel koperasi.
Teks kasebut ing dhuwur kalebu struktur bageyan ….
a. Surasa
b. Wasana
c. Pambuka
d. Idhentifikasi
Kunci Jawaban: A

27.     Wingi Dina nyilih buku ceritamu amarga dewekke seneng
Potlote apa wis kokbalekake
Payunge digawa bapak
Amarga kowe bali dhisik dadi tasmu dakgawakna
Tembung – tembung kang kawuwuhan ater-ater anuswara yaiku ….
a. Nyilih
b. Digawa
c. Dakgawakna
d. Kokbalekake
Kunci Jawaban: A

28.     Kang diarani pahlawan / tokoh iku minangka salah sawijining paraga kang bisa dadi patuladhan uga duweni gegayuhan marang nusa lan bangsa. 
Piyambakipun mimpin perang gerilya ing jaman penjajahan Walanda. 
Gambar ing ngisor iki tuladhane paraga kang melu nyengkuyung kanggo kamardikan Indonesia yaiku ….
a. B.J. Habibie
b. Gajah Mada
c. Jendral Sudirman
d. Drs, Mohammad Hatta
Kunci Jawaban: C

29.     Esuk umun umun para kadhang tani tumandhang gawe menyang sawah, padha sayuk rukun makarya ing sawah kanthi sengkud, ana kang macul, ana kang ngresiki gulma, ana sing mupuk lsp, supaya nalika mangsa panen, asil panen apik lan nyenengake.
Tembung “ macul, ngresiki lan mupuk “ kalebu tembung ….
a. Wilangan
b. Kahanan
c. Panyilah
d. Kriya
Kunci Jawaban: D

30.     Adikku nggawa buku Basa Jawa kanggo sinau
Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ….
a. Upaya
b. Wektu
c. Tujuan
d. Panggonan
Kunci Jawaban: C

31.        Para pangunjung yen kepengin lunga menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum.
Saka ukara ing ndhuwur, kang kalebu tembung ancer-ancer yaiku tembung ....
a. Menyang
b. Sendhang biru
c. Para pengunjung
d. Kendaraan umum
Kunci Jawaban: A

32.     Aku tuku gula ing pasar
Kula tumbas gendhis wonten ing peken
Kula mundhut gula ing peken
Kula mundhut gendhis ing peken
Ukara ing dhuwur kang kalebu basa ngoko lugu yaiku nomer ….
a. 1
b. 2
c. 3
d. 4
Kunci Jawaban: A

33.     Mbak Rani wingi lunga menyang Pekalongan arep tuku Batik.
Yen nganggo basa ngoko alus, yaiku ….
a. Mbak Rani kalawingi kesah dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik
b. Mbak Rani kalawingi tindhak dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik
c. Mbak Rani wingi tindhak menyang Pekalongan arep mundhut Batik.
d. Mbak Rani wingi kesah datheng Pekalongan arep mundhut Batik
Kunci Jawaban: C

34.     Gunung Arjuna yen didheleng saka kutha Malang mligine tlatah Singosari katon ijo royo royo.
Ing lembah utawa kaki gunung kaya kaya astane satria kang gagah prakosa njaga alam ing sakiwa tengene.
Miturut tata rakite utawa jenise tembung, tembung “saka” kalebu tembung ancer ancer amarga tembung saka….
a. Sesulihing Gunung Arjuna
b. Nerangake kaendahan ing Gunung Arjuna
c. Kanggo nerangake pangrasa ndheleng Gunung Arjuna
d. Kanggo nyambung tembung di dheleng karo Kutha Malang
Kunci Jawaban: D

35.     Agrowisata Kebun Teh Wonosari minangka salah satunggaling papan wisata kang asri ana ing wewengkon Kutha Malang. 
Dumunung kira kira 6 km saka Lawang lan 30 km saka Malang, ana ing lerenge Gunung Arjuna, mula hawane adhem
Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ....
a. Kolaborasi
b. Idhentifikasi 
c. Klasifikasi
d. Deskripsi bageyan
Kunci Jawaban: B

36.     Ing Coban randa saliyane banyu anjlog akeh wahana wisata kang bisa kita temoni kayata : kebun satwa lan kebon woh - wohan, taman labirin kanggo wahana dolanan goleki dalan, papan kanggo outbond uga ana, ana kuliner utawa café lan uga ana hunting foto.
Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ....
a. Idhentifikasi 
b. Kolaborasi 
c. Klasifikasi
d. Deskripsi bageyan
Kunci Jawaban: D

37.     Minangka salah sawijining papan wisata ing Jawa Wetan, dumunung ing kutha Blitar kalebu wisata budaya / cagar budaya. 
Manggon ana ing sangisore Gunung Kelud. 
Ing sakupenge tinemu  reca ( arca ) peninggalan saka kerajaan Kediri.
Wisata ing dhuwur nyritakake ….
a. Pesisir Ngliyep
b. Kampung Coklat
c. Candi Penataran
d. Pesarean Bung karno
Kunci Jawaban: C

38.     Piranti sing digunakake petani methiki pari yaiku ….
a. Pacul
b. Dos
c. Ani-ani
d. Arit
Kunci Jawaban: C

39.     Tuladha ukara tanggap ing ngisor iki yaiku ….
a. Adhi nangis goro-goro tiba
b. Budi dikongkon ibune tuku gula
c. Bayu numpak sepur seneng banget
d. Santi nyirami kembang ing pekarangan
Kunci Jawaban: B

40.     Tukang gawe barang saka kayu iku diarani ….
a. Kemasan
b. Jlagra
c. Pandhe
d. Undhagi
Kunci Jawaban: D

41.     Lemah kang dikanggokake nandur lan tetanen palawija utawa tanduran liyane diarani ….
a. Pekarangan
b. Alun-alun
c. Tegalan
d. Lapangan
Kunci Jawaban: C

42.     I) Kembang jagung arane sinuwun
II) Kembang lombok arane gleges
III) Kembang cengkeh arane polong
IV) Kembang blimbing arane maya
Arane wit lan kembange sing bener ditunjukake nomer ….
a. I, II, III, IV
b. II lan IV
c. I lan IV
d. I, III lan IV
Kunci Jawaban: D

43.     Roni iku bocahe isinan, ora kaya kanca-kancane.
Tembung isinan iku tegese ….
a. Ora nduwe isin
b. Seneng ngisin-ngisini
c. Gampang isin
d. Ora isin blas
Kunci Jawaban: C

44.     Bocah kui lungguhe antheng kitiran.
Tegese sanepa ing dhuwur yaiku ….
a. Tansah antheng banget
b. Tansah polah ora bisa meneng
c. Tansah tengok-tengok nganti keturu
d. Tansah ajeg ora bisa obah
Kunci Jawaban: B

45.     Rukun agawe santosa, crah ….
Paribasan ing dhuwur iku terusane sing bener yaiku ….
a. Agawe lumrah
b. Agawe bungah
c. Agawe susah
d. Agawe bubrah
Kunci Jawaban: D

(*)

* Baca Berita Terbaru Lainnya di GOOGLE NEWS
* Dapatkan Berita Viral Via Saluran WhatsApp
!!!Membaca Bagi Pikiran Seperti Olahraga Bagi Tubuh!!!

Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved