33. Ibune Nakula Sadewa yaiku ..
a. Dewi Kunthi b. Dewi Madrim c. Dewi Sinta d. Dewi Ambalika
34. Satriya kang duwe kotang antakusuma yaiku …
a.Puntadewa b. Yudistira c. Gathotkaca d. Baladewa
35. Wong wadon sing penggaweyane nembang mbarengi gendhing diarani …
a. dhalang b. waranggana c. niyaga d. gerongan
36.Nembang kanggo mbukani gendhing iku jenenge …
a. bawa b. buka c. laras d. suwuk
37. Wilahan gamelan sing digawe saka kayu iku jenenge …
a. peking b. demung c. gambang d. boning
38. Kala kula kelas kalih kalung kula kolang-kaling. Ukara iku kalebu purwakanthi …
a. guru swara b. guru basa c. guru sastra d. guru lagu
39. Ing ngisor iki sing kalebu ukara carita yaiku …
a. Akeh musibah ing Indonesia nalika mangsa rendheng iki.
b. Sinaua yen ora dibarengi dunga ya ora bisa lulus
c.Sapa sing bias ngalahake si Badung sing pancen pinter iku.
d. mengko tekaa ing omahku, aku ulang taun
40. Budhala wiwit esuk mau aku mesthi ora ketinggalan sepur Argo Bromo. Iki kalebu ukara…
a. pakon b. pitakon c. sananta d. sambawa
41. Pak bagya iku yen dideleng saka penampilane pancen ora ngetarani. Sandhang penganggone katon prasaja
malah kepara elek. Nanging sejatine pak Bagya iku petani sing sukses ing kampunge, omahe apik tur gedhe
mobile luwih teka siji. Kahanan sing digambarake pak Bagya iku jumbuh karo unen-unen…
a. iwak klebu ing wuwu c. kere munggah bale
b. bathok bolu isi madu d. asu gedhe menang kerahe
42. Aku yen nyawang uripe pak Parna iku mesakake banget. Uripe rekasa banget, merga anake akeh isih cilikcilik lan penggaweane ora mesthi. Kadhang dadi kuli bangunan , kadhang dikongkon tanggane ngresiki
pekarangane. Mula penghasilane ya pas-pasan. Kang dialami pak Parna iku jumbuh karo unen-unen …
a. kebo nusu gudel c. kebo kabotan sungu
b. kebo bule mati setra d. kebo lumumpat ing palang
43 Ing ngisor iki sing kalebu ukara andharan yaiku …
a. Pintera sundhul langit yen ora duwe tata karma ora disenengi kancane
b. Ya wis, yen ngono sesuk kowe melua aku menyang Surabaya
c. Saben sabtu sore aku lan keluargaka mesti menyang daleme eyang
d. Tulung aku mengko tukokna rambutan ing pasar gedha
44. Ukara sambawa ing ngisor iki sing duwe teges sanajan yaiku …
a. Aku bisaa nandangi dhewe ora ngongkon kowe
b. sugiha yen wonge medhit ya akeh sing ora seneng
c. sesuk tukua sepatu lan tas ing Matahari
d. iki mengko panasa ya, supaya klambiku garing kabeh
45. Panganggone saloka jroning ukara ing ngisor iki sing paling trep yaiku …
a. Mumpung isih enom kowe kudu bisa nguthik-uthik macan turu
b. Jaman saiki isih akeh tinemu kahanan kebo nusu gudel
c. Pak karta uripe tansah rekasa sebab kaya kutuk marani sunduk
d. aku ora arepe tinggal glanggang colong playu kudu marekake masalah iki
46. Jajan iki … bapak, mbok menawa saiki wis kersa …
a. paringna, dhahar b.paringna, nedha c.aturna, dhahar d. aturna, nedha
47. Supaya bisa ngerteni isi lan maksude geguritan mula sing kudu ditindakake yaiku …
a. negesitembung-tembung sing utama c. bisa ngrasakake surasane geguritan
c. duwe swara sing landhung d. maca geguritane dibolan-baleni
48. Supaya bisa maca geguritan kanthi becik mula sing kudu digatekake yaiku …
a. bisa ngrasakake isine geguritan c. lancar lan orane carane ngomong
b. nemokake tema kang kinandhut d. njlentrehake ukara siji lan sijine.
49. Ing ngisor iki sing kalebu saloka yaiku …
a. kandhang langit kemul mega c. ngubak-ubak banyu bening
b. kebo gupak ajak-ajak d. emban cindhe emban siladan
50. Ing ngisor iki sing kalebu paribasan yaiku …
a. asu gedhe menang kerahe c. tinggal glanggang colong playu
b. yuyu rumpung mbarong ronge d. belo melu seton
Cek Berita dan Artikel Mudah Diakses di Google News