Soal Kelas 8

50 Contoh Soal Bahasa Jawa Kelas 8 Ulangan/Ujian UAS Semester 2 Tahun 2023 Terbaru Pilihan Ganda

Editor: Syahroni
AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

Kumpulan soal dan jawaban ulangan Bahasa Jawa kelas 8 SMP/MTs tahun 2023.

6. Bapak Ibu, Tamu undangan, warga Karang Ploso ingkang bagya mulya, mekaten andharan kula bab penyakit
mengi utawi asma. Mugi-mugi wonten paedahipun. Menawi wonten ingkang dereng pana,utawi wonten
pitakenan kula sakanca saking UNAIR Surabaya tansah sumadya badhe ambiyantu panjenengan. Menawi
wonten lepat anggen kula matur. Mugi dipun agung pangaksami. Wasalamualaikum,wr.wb
Kutipan pidato wonten nginggil kalebet …
a. purwaka c. surasa basa b. panagarep-arep d. wasana basa

7. Adigang,adigung,adiguna punika tegesipun tiyang ingkang …
a. boten gadahah isin ,sanajan sampun dipun sindir boten ngertos
b. ingkang sekti mandgaguna tapi lembah manah
c. mameraken drajat lan pangkat, kekiyatanipun lan kapinteranipun
d. kathah seduluripun , sugih lan kathah kancanipun

8. Urutan kedadeyan crita ing karya sastra , saka wiwitan nganti wekasana diarani …
a. paraga c. alur b. setting d. amanah

9. .Kangge nyegah kenging flu burung, Pakulinan pola hidup sehat kedah dipun gatosaken . Dhahar
seimbang lan bergizi, istirahat ingkang cukup lan olah raga ingkang teratur, saget njaga lan ngindhakaken daya
tahaning badan, Menawi wonten ayam. Peksi ingkang kenging infeksi flu burung saenipun dipun besmi
kemawon, dene ayam ingkang sehat kedah dipun vaksinasi. Ing bab dhaharan, pangolahing daging ayam kedah
milih inking sehat lan dipun masak ngantos suhu 80 derajad Celcius. Yen tigan ngantos 64 derajad celcius.
Gagasan poko pada ing nginggil inggh menika …

a. pola hidup sehat punika dhahar kanthi bergizi, istirahat cukup, olah raga teratur.
b. Ayam,peksi ingkang kenging infeksi kedah dipun besmi
c. Daging ayam milih ingkang sehat lan dimasak suhu 80 derajat
d. Kangge nyegah kemging flu burung kedah migatosaken pola hidup sehat

10. Sadurunge nindakake wawancara, pitakon-pitakon ing wawancara iku becike…
a. wis dicepakake, cocog karo tujuane c. ngenteni nara sumbere teka
b. apa jare anggota kelompok d. ngenteni saka narasumber

11. Pak Krama kae wong lumuh, ora doyan penggaweyan. Sanajan mangkono anake akeh banget. Nganti
tanggane sok padha brebegen dening tangise anak-anake. Bojone uga ora nyambut gawe. Saben dina pikirane
ajeg mumut mikir butuhe. Ajaa nyekolahke anake kanggo mangan saben dina wae ora ana. Saloka ingkang
mathuk kangge cariyos kalawau …
a. cebol nggayuh lintang c. kebo bule mati setra
b. timun mungsuh duren d. kebo kabotan sungu

12. Banu iku sejatine anake wong sugih. Nanging ing sekolahan males, ora gelem sinau. Malah kadang klambine
rusuh ora disetlika, mula akeh kancane sing ora seneng. Kadhang-kadhang yen kerja kelompok ora ana kancane
sing gelem ngajak. Sanajan ngono bocahe ya meneng wae, mung ngenteni kancane sapa sing gelem ngajak.
Kang dialami Banu iku padha karo unen-unen …
a. bebek mungsuh mliwis b. kebo bule mati setra
c. timun wungkuk jaga imbuh d. timun mungsuh duren

13. Ukara sambawa ing ngisor iki sing duwe teges umpama yaiku …
a. Aku bisaa nandangi dhewe ora ngongkon kowe
b. sugiha yen wonge medhit ya akeh sing ora seneng
c. sesuk tukua sepatu lan tas ing Matahari
d. iki mengko panasa ya, supaya klambiku garing kabeh

14. Tembung-tembung ing tembang iku diarani …
a.bawa b. buka c.suluk d. cakepan

15. Sesawangan ing sekolahku saiki nengsemake banget. Tegese nengsemake yaiku …
a. nentremake b. ngangenake c. nyenengake d. nyedihake

16. Ngungak jembare segara, kanthi beninge netra. Netra tegese …
a. banyu b. mripat c.srengenge d. rembulan

17. Lelakone ludruk biasane dijupuk saka crita urip sabendina. Tembung lelakon iku kalebu tembung rangkep…
a. dwi purwa b. dwi wasana c. dwi lingga d. dwi lingga salin swara

18. Sunare bagaskara krasa panas sumelet. Bagaskara tegese …
a. geni b. rembulan c. lintang d. srengenge

19. Ukara ing ngisor iki sing nganggo tembung entar yaiku …
a. Enom tuwa padha seneng nonton bal-balan b. Karo tangga teparo kudu sing rukun
c. Polahe bocah iku anteng kitiran d. Bocah iku lambene tipis

Halaman
1234

Berita Terkini