20. Tembung wayah sing tegese putu yaiku …
a. Saben wayah sore aku nonton bal-balan b.Ibu kondur saben wayah sore
c. wayahe bu Parta iku lima d. wayahe jam lima aku mulih
21. a. Peleme wis kalong loro aja dijupuk maneh
b. kalong iku mangani pelem sing mateng
Tembung kalong ing ukara nomer a iku tegese …
a.entek b. suda c.mateng d.jenenge kewan
22.Wajik kletik gula jawa. Luwih becik sing prasaja. Iku kalebu tuladha …
a. parikan b. paribasan c. saloka d. sesanti
23. Amarga lara untu aku kudu ngombe obat. Basa kramane yaiku …
a. Amargi gerah waja,kula kedah ngunjuk obat b.Amargi gerah waja, kula kedah nginum obat
c. Amargi sakit waja, kula kedah ngunjuk obat d. Amargi sakit waja, kula kedah nginum obat
24. Panjenengan apa wis mriksani pameran buku? Ukara iku nganggo basa …
a. ngoko lugu b. ngoko alus c.krama lugu d. karma alus
25. Aja padha ngadeg bae ,ayo padha lungguh . Basa kramane yaiku …
a. Sampun ngadeg mawon mangga sami lenggah mriki b. Aja mung jumeneng bae, ayo sami lungguh
c. Sampun naming jumeneng, mangga sami lenggah d. Sampun namung jumeneng, mangga sami
pinarak
26 Wis telung dina ibu lara weteng. Basa karma aluse yaiku …
a. Pun tigang dinten ibu gerah madharan b.Sampun tigang dinten ibu gerah madharan
c. Wis telung dina ibu gerah madharan d. Wis telung dina ibi sakit madharan.
27. Sampeyan ajenge kesah teng pundi, kula mbok tumut. Ukara iku nganggo basa…
a. ngoko lugu b. ngoko alus c. karma lugu d. karma alus
28. Ukara ing ngisor iki sing nganggo ater-ater anuswara yaiku …
a. Ibu nyirami kembang ing latar c. Aku dipundhutake klambi anyar
b. Bukune apa wis kokbalekake d. aku lunga menyang Semarang
29. Cacahe gatra ing saben sapada iku diarani …
a. guru lagu b. guru wilangan c. guru gatra d. guru swara
30. Ing ngisor iki sing ora kalebu tembang macapat yaiku …
a. pangkur b. megatruh c. jamuran d. gambuh
31. Kopine pancen nasgithel, mula rasane enak tenan. Nasgithel iku kalebu tembung …
a.camboran wutuh b. camboran tugel c. saroja d. garba
32. Panengahe pandhawa lima yaiku …
a. Puntadewa b. Bima c. Arjuna d. Nakula-Sadewa