Kunci Jawaban
55 SOAL Asesmen Madrasah Bahasa Jawa Kelas 6 MI, Kunci Jawaban Ujian AM Kurikulum Merdeka 2024
Inilah selengkapnya soal Asesmen Madrasah mata pelajaran Bahasa Jawa kelas 6 MI semester genap tahun 2024...
Penulis: Dhita Mutiasari | Editor: Dhita Mutiasari
B. Rama lunga mburu kidang kencana amarga kepinginane dhewe
C. Lesmana tetep siyaga ngupadaya melu mburu kidang kencana ing alas
D. Shinta nyuwun marang garwane kanthi adreng ananging tetep gawa unggah-ungguh
Wacan kanggo soal nomer 6-7
Pupuh Pangkur Pada 1
Kang sekar pangkur winarna
lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
ala lan becik puniku
prayoga kawruhana
adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ta ingkang tata karma
den kaesthi siyang ratri.
6. Tembung prayoga ing teks kasebut mengku teges....
A. luwih bisa
B. luwih bener
C. luwih pinter
D. luwih becik
7. Manut surasane, tembang ing dhuwur ngemu piwulang/isi arupa....
A. urip iku kudu aja seneng umuk
B. wong urip kudu tansah waspada
C. tumindak ala lan becik kudu dingerteni
D. tata krama tansah diudi lan ditindakake awan lan bengi
Wacan kanggo soal nomer 8
Pupuh Sinom Pada 1
Ambege kang wus utama
Tan ngendhak gunaning janmi
Amiguna ing aguna
Sasolahe kudu bathi
Pintere den alingi
Bodhone dinokok ngayun
Pamrihe den inaa
Mring padha padhaning janmi
Suka lila den ina sapadha-padha
8. Manut teks tembang kasebut, watake wong utama kudu bisa....
A. nutupi bodhone
B. nambahi bodhone
C. nutupi kapinterane
D. ngetokake kapinterane
Wacan kanggo soal nomer 9
Pupuh Sinom Pada 2
Ingsun uga tan mangkana,
balilu kang sun alingi,
kabisan sun dokok ngarsa,
isin menek den arani,
balilune angluwihi,
nanging tenanipun cubluk,
suprandene jroning tyas,
lumaku ingaran wasis,
tanpa ngrasa prandene sugih carita.
9. Pratelan kang jumbuh kalian isine tembang Sinom ing ndhuwur yaiku....
A. Lumrahe manungsa iku sok duduhake kapinterane
B. Lumrahe manungsa iku biasane nuduhake bodhone
C. Lumrahe wong kang cubluk, bakal nutupi kapinterane
D. Lumrahe wong kang cubluk, bakal ngetokake bodhone
Wacan kanggo soal nomer 10
“.... Mbok Randha bungah panggalihe amarga panjaluke kepingin kagungan putra
wis kaleksanan. Mbok Randha ngucapake sokur marang Gusti Allah amarga
dongane wis dikabulake. Bayi iku mau wadon. Pakulitane resik alus kaya kulit timun.
Amarga lair saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi dijenengake Timun
Mas. Sawise Timun Mas ngancik diwasa, Mbok Randha kelingan janjine marang Buta
Ijo menawa arep menehake Timun Mas. Mbok Randha dadi susah atine. Rina wengi
Mbok Randha donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi,
Mbok Randha ngimpi kapethuk wong tapa ing Gunung Gandhul. Wong tapa kuwi mau
kang bisa nulungi supaya Timun Mas ora dipangan Buta Ijo
....”
(kapethik saka Marsudi Basa lan Sastra Jawa 1 kaca 40)
10. Amanat utawa piwulang luhur kang bisa kapethik saka teks crita kasebut yaiku ....
A. methuki wong tapa ing Gunung Gandhul
B. aja gampang susah yen durung duwe anak
C. Buta ijo arep menehi anak marang Mbok Randha
D. tansah sokur lan dedonga marang paringane Gusti Allah
11. Nalika sish bayi, wujude Gathutkaca yaiku . . . .
A. Kunta Wijayadanu B raseksa
C buntel D topeng waja
12. Gathutkaca nalika isih bayi diwenehi aran . . . .
A.Jabang Bayi B. Jabang Raseksa
C. Jabang Bocah D. Jabang Tetuka
13. Asmane Ibune Gathutkaca yaiku . . . .
A. Drupadi B. Arimbi
C. Pregiwa D. Srikandi
14. Arane senjatane Gathutkaca sing dianggo ing dada yaiku . . . .
A nanggala B kotang antrakusuma
C pasopati D alugara
15. Arane perang kang ndadekake Gathutkaca gugur yaiku . . . .
A. Baratayudha B. Tanding
C. Bubat D. Mahabarata
16. Gathutkaca iku putrane . . . .
A. Yudhistira B.Arjuna
C Sadewa D Werkudara
17. Arane kasatriyane Gathutkaca yaiku . . . .
A Pringgandani B Bumiretawu
C Sawojajar D madukara
18. Sajrone crita pewayangan, Gathutkaca iku bisa mabur tanpa lar. Tegese tembung lar yaiku . . . .
A. swiwi B. buntut
C. muntha D. kitiran
19. Senjata Kuntha Wijayadanu iku duweke . . . .
A Nayarana B Yudhistira
C Karna D Duryudana
20. Ibu nembe ngendhikan kalian Mas Fery sing ana kutha Pasuruan kanthi sarana ....
A. telepon B. radio
C. televisi D. bis
21. Pak Budi maos koran wonten kantor. maos baca ngokone ....
A nulis B ndelok
C tuku D maca
22. Pitik tukung lan padhang bulan kalebu tembang ....
A keroncong B dolanan
C pop D macapat
23. Cacahe gatra saben sapada ing tembung macapat diarani ....
A guru gatra B guru wilangan
C guru sastra D guru lagu
24. Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra ing tembang macapat diarani ....
A guru lagu B guru sastra
C guru gatra D guru wilangan
25. Tibane swara vokal ing pungkasane gatra diarani ....
A guru gatra B guru lagu
C guru sastra D guru wilangan
26. Sing klebu cangkriman plesetan yaiku....
A. bocor malah enak
B. adoh-adoh diparani,barang wis tekan diliwati
C. segara beldhes
D. sega sakepel dirubung tinggi
27. Senjata Kunta bisa ngenani Raden Gathutkaca nganti nemahi palastra.
Palastra padha tegese karo....
A. Semaput
B. lunga
C. mati
D. ilang
28. Muji syukur ing ngarsaning Allah kalebu perangan ... pidhato.
A. pambuka
B. panutup
C. Isi
D. dudutan
29. Ing ngisor iki sing kalebu dhampak negatife globalisasi yaiku....
A. majune teknologi
B. masyarakat tansaya maju
C. lunture rasa nasionalisme
D. anane pasar global
30. Muji syukur marang Gusti Allah iku ing sesorah dipapanake ana ...
a. pambuka
b. isi
c. panutup
d. salam
31. 1) Assalamualaikum Wr.Wb.
Ingkang kinurmatan Bapak/ Ibu Pengurus Komite Sekolah
Bapak Ibu sekaliyan saha Bapak Ibu Guru ingkang tansah minulya
2) Mekaten ugi, kula ngaturaken maturnuwun bilih panjenengan sami saged ngrawuhi adicara ingkang badhe ngrembag bab pembangunan musholla.
3) Mekaten atur kula, menawi wonten lepatipun atur saha subasita, Kula nyuwun pangapunten.
4) Sumangga kula dherekaken muji syukur ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun maringi kesehatan lan kanikmatan gesang.
Supaya dadi pidhato kang runtut, ukara ing dhuwur diurutake dadi ...
a. 2-3-4-1
b. 1-4-2-3
c. 1-3-2-4
d. 4-3-2-1
32. Ilham : “Don, sesuk apa sida uangan basa Jawa?”
Roni : “Sida Ton, apa kowe ora ngerti?”
Ilham : “Ora, jalaran aku ora mlebu sekolah amarga lara’’
Roni : “Ye ngono mengko sore ndhewe sinau bareng wae ya Ton, neng omahku.’’
Pacelathon ing ndhuwur migunakake ragam basa ...
a. ngoko lugu
b. krama lugu
c. krama alus
d. krama inggil
33. Wong bungah sok nemu....
A. Sengsara
B. rekasa
C. cilaka
D. susah
34. Joko Seger lan Rara Anteng muja semedi ing pucuke Gunung Lejar. Anggone muja semedi dikantheni rasa temen-temenan supaya kekarone keturutan duwe putra. Sanajan suwene patang puluh dina patang puluh bengi lan akeh panggodane, kakarone tetep mantep muja semedi.
Saka perangan crita kasebut sing dadi lakon utama yaiku....
A. Joko Seger
B. Roro Anteng
C. Joko Seger lan Rara Anteng
D. Gunung Lejar
35. Tibane swara vokal ing pungkasane gatra diarani ....
a. guru gatra
b. guru lagu
c. guru sastra
d. guru wilangan
36. Rembugan ana sangarepe wong akeh kanthi ngandarake sawijining gagasan diarani ...
a. tanggap wacana
b. atur pambuka
c. micara
d. nyemak
37. Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring, Yen lumaku si pucung ngumbar swara. Tembang pocung ing dhuwur batangane ....
a. sepur
b. kalung
c. ula
d. sabuk
38. Dina Sabtu lan Minggu sajroning liburan semester kepungkur bocah-bocah kelas enem SDN Tanggungan Gudo nganakake perkemahan sabtu malam minggu ing Bhumi Perkemahan Wonosalam Kecamatan Wonosalam Kabupaten Jombang jam pitu esuk dina Sabtu, bocah-bocah lan Bapak Ibu Guru wis padha ngumpul ing sekolahan. Budhale numpak bis Indah Jaya.
Irah-irahan (judul) perangan karangan ing dhuwur yaiku....
A. Dina Sabtu lan Minggu ana kemah
B. Bocah-bocah kelas VI kemah
C. Kemah pramuka ing Wonosalam
D. Sabtu lan Minggu ing Bhumi Perkemahan
39.. Unen-unen sing kudhu dibadhek utawa dibatang maksude diarani....
A. cangkriman
B. paribasan
C. geguritan
D. saloka
40. bapak pucung dudu watu dudu gunung
sangkamu ing sabrang
ngon-ingone sang bupati
yen lumampah, si pucung lembehan grana
Batangane tembang ing dhuwur yaiku....
A. gajah
B. sepur
C. macan
D. sepeda
41. Udin iku bocahe isinan, ora kaya kanca-kancane.
Tembung isinan iku tegese ...
A seneng ngisin-ngisini B ora isin blas
C Gampang isin D ora duwe isin
42. Bocah kuwi lungguhe antheng kitiran.
Tegese sanepa ing dhuwur yaiku ....
A tansah polah ora bisa meneng B tansah antheng banget
C tansah ajeg ora bisa obah D tansah tengok-tengok nganti keturu
43. Ukara ing ngisor iki sing kalebu krama inggil yaiku ...
A Simbah dipunaturi sare wonten kamar B Kula dipunsukani duwet katah
C Adik lagi dolanan ana ing plataran viii D Bapak nembe kesah saking omah
44. Saben sore, Siti nyapu latar.
tembung nyaponi linggane ....
A nyapu B disaponi
C nyaponi D sapu
45. Kembang ning ngarep omahku wis (siram) mulane katon seger.
Tembung siram benere ....
A sirami B nyirami
C daksiram D nyiram
46. Sagung para rawuh sadaya, Mugi pinayungan nugraha yekti, Asih tresna Allah satuhu, Tansaha kasasira, Puja puji syukur saha sembah sujud, Konjuk ing ngarsa paduka, Gusti Allah Maha Suci.
Tembang macapat ing dhuwur iku guru gatrane ana ... larik
A 6 B 5
C 8 D 7
47. Sekar gambuh ping catur, Kang cinatur polah kang kalantur, Tanpa tutur katula-tula katali, Kadaluwarsa kapatuh, Kapatuh pan dadi awon Guru wilangan ing tembang macapat ing dhuwur yaiku ....
A 7, 9, 10, 7, 8 B 7, 10, 12, 8, 8
C 7, 7, 8, 8, 9, 9 D 8, 10, 12, 7, 7
48. Tembang sing dudu tembang macapat yaiku ....
A Asmaradana B megatruh
C cublak-cublak suweng D kinanthi
49. Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring, Yen lumaku si pucung ngumbar swara. Tembang pocung ing dhuwur batangane ....
A sepur B kalung
C ula D sabuk
50. Nalika isih aran Jabang Tetuka, Gathutkaca dijedhi ana ing kawah . . . .
A. Candradimuka B. Candrarasa
C. Candra Buwana D. Candra Antrakusuma
51. Musron ketemu wong tuwa sing pengin nyabrang dalan kang lagi rame. Kira-kira apa sing bakal kok tindakake…
a. nulungi nyabrangke
b. bablas nerusake laku
c. sajak ora perduli
d. meneng wae
52. Arane anak jaran yaiku….
a. sawiyah
b. belo
c. bledug
d. geger
53. Sing piket dina iki sapa?
Ukara ing dhuwur klebu ukara…
a. andharan
b. tanduk
c. pitakonan
d. rinengga
54. Nyuwun agunge pangaksami saking sedaya kelapatan kula. Mugya ing dinten ingkang suci punika sedaya kalepatan saged linebur. Ukara iki adate diucapake ing wayah…
a. pungkasane pambiwara
b. ulang taun
c. riyaya besar
d. riyaya fitri
55. Santen toyaning klapa, cekap semanten atur kula. Menawi wonten kalepatan, kula nyuwun agunging pangaksama…..
Ukara ing dhuwur mujude perangan saka…. pidhato
a. lampiran
b. pambuka
c. panutup
d. isi
Kunci Jawaban
1. C
2. B
3. C
4. B
5. D
6. D
7. D
8. C
9. A
10. D
11. B
12. D
13. B
14. B
15. D
16. D
17. A
18. A
19. C
20. A
21. D
22. B
23. A
24. D
25. B
26. A
27. C
28. A
29. C
30. A
31. B
32. A
33. B
34. C
35. B
36. A
37. A
38. C
39. A
40. A
41. C
42. A
43. A
44. D
45. C
46. D
47. B
48. C
49. A
50. A
51. A
52. B
53. C
54. D
55. C
Informasi Terkini Tribun Pontianak Kunjungi Saluran Whatsapp
Cek Informasi Tentang Kunci Jawaban Lainnya Disini
(*)
50 Soal dan Kunci Jawaban PTS Matematika Kelas 11 SMA Semester 1 Kurikulum Merdeka Tahun 2025 |
![]() |
---|
50 Soal dan Kunci Jawaban PTS Matematika Kelas 10 SMA Semester 1 Kurikulum Merdeka Tahun 2025 |
![]() |
---|
50 Soal dan Kunci Jawaban PTS Informatika Kelas 12 SMA Semester 1 Kurikulum Merdeka Tahun 2025 |
![]() |
---|
50 Soal dan Kunci Jawaban PTS Informatika Kelas 10 SMA Semester 1 Kurikulum Merdeka Tahun 2025 |
![]() |
---|
50 Soal dan Kunci Jawaban PTS Sosiologi Kelas 10 SMA Semester 1 Kurikulum Merdeka Tahun 2025 |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.