Kunci Jawaban

55 SOAL Asesmen Madrasah Bahasa Jawa Kelas 6 MI, Kunci Jawaban Ujian AM Kurikulum Merdeka 2024

Inilah selengkapnya soal Asesmen Madrasah mata pelajaran Bahasa Jawa kelas 6 MI semester genap tahun 2024...

|
Penulis: Dhita Mutiasari | Editor: Dhita Mutiasari
TRIBUNPONTIANAK.CO.ID
55 SOAL Asesmen Madrasah Bahasa Jawa Kelas 6 MI, Kunci Jawaban Ujian AM Kurikulum Merdeka 2024. 

TRIBUNPONTIANAK.CO.ID –Inilah rangkuman dan kumpulan soal Asesmen Madrasah (AM) Madrasah Ibtidaiyah kelas 6 MI / SD  mata pelajaran PBahasa Jawa Tahun Pelajaran 2023 / 2024

Soal ini dipergunakan sebagai referensi untuk menghadapi Asesmen Madrasah (AM) MTs pada semester genap tahun 2024.

Asesmen Madrasah adalah penilaian hasil belajar oleh satuan pendidikan madrasah yang bertujuan untuk mengukur pencapaian standar kompetensi lulusan untuk semua mata pelajaran. 

Asesmen Madrasah ini merupakan pengganti Ujian Akhir Madrasah Berstandar Nasional (UAMBN) dan Ujian Nasional (UN).

Inilah selengkapnya soal Asesmen Madrasah mata pelajaran Bahasa Jawa kelas 6 MI semester genap tahun 2024 berikut ini:

55 SOAL Asesmen Madrasah PPKN Kelas 6 MI, Kunci Jawaban Ujian AM Kurikulum Merdeka 2024

Wacan kanggo soal nomer 1-2

Kacarita, wong-wong sing arep golek pesugihan wis antri wiwit esuk. Dheweke

pengin mulya uripe nanging ora ndadak kerja. Manut kapercayane, golek pesugihan kaya

mengkono cocog ing alam kang sarwa angel kaya mengkene. Kerja saben dina wae durung

mesthi mulya uripe. Mangkono batine wong-wong kang pengin sugih nanging ora gelem

kerja kanthi rekasa.

Ananging sajtine jalmane manungsa iku kudu obah ringkel saperlu nyukupi

kabetahane. Kudu luru penggawean apa wae saperlu oleh rizki ingkang halal.

(kapethik, saka Mandiri Basa Jawa 1 kaca 6)

1.  Undheran gagasan/tema saka pethikan teks crita fiksi ing dhuwur yaiku....

A. Tetanen

B. Katresnan

C. Pangupa jiwa/ekonomi

D. Pariwisata

2. Menawa jingglengi panggonan ukara utamane, teks crita fiksi ing dhuwur kelebu jinis

paragraf....

A. deduktif

B. induktif

C. campuran

D. deduktif-induktif

3. Amanat saka teks crita fiksi ing dhuwur yaiku....

A. wong pengen mulya ora perlu kerja saben dina, pekir sugiuh wis ginaris

B. wong pengen mulya uripe cukup golek pesugihan ora kudu kangelan kerja

C. wong pengen mulya kudu gelem iktiyar, ora mung nunggu netesing embun langit

D. wong urip usah rekasa nyambut gawe, sugih pekir ing tangane sing Mahakuwasa

Wacan kanggo soal nomer 4-5

Shinta tansah ngarih-ngarih marang Sri Rama supaya kidang kang apik, resik, kuning

kaya denen kencana (emas) dicekel. Panyuwune Shinta makaping-kaping marang garwane.

Sepisan Rama ora kersa, nanging suwe-suwe penggalihe Rama lilih uga. Amarga Shinta

tansah nyenyuwun kanthi ngenggoni subasita/rasa urmat marang garwane supaya kidang

mau bisa kecekel. Wusana Rama pamitan marang Shinta saperlu nyekel kidang mau, dene

Lesmana kang kapatrapan jejibahan njaga Shinta aja nganti uwal saka panggonan kang wus

ditemtokake.

4. Manut teks ing dhuwur, kewan iku mau rupane kencana. Tembung kencana mengku teges....

A. ijo

B. kuning

C. ireng

D. abang

5 Pratelan ing ngisor jumbuh karo isine teks ing dhuwur yaiku....

A. anggone jaluk Shinta marang garwane sakkepenake

B. Rama lunga mburu kidang kencana amarga kepinginane dhewe

C. Lesmana tetep siyaga ngupadaya melu mburu kidang kencana ing alas

D. Shinta nyuwun marang garwane kanthi adreng ananging tetep gawa unggah-ungguh

Wacan kanggo soal nomer 6-7

Pupuh Pangkur Pada 1

Kang sekar pangkur winarna

lelabuhan kang kanggo wong ngaurip

ala lan becik puniku

prayoga kawruhana

adat waton puniku dipun kadulu

Miwah ta ingkang tata karma

den kaesthi siyang ratri.

6. Tembung prayoga ing teks kasebut mengku teges....

A. luwih bisa

B. luwih bener

C. luwih pinter

D. luwih becik

7. Manut surasane, tembang ing dhuwur ngemu piwulang/isi arupa....

A. urip iku kudu aja seneng umuk

B. wong urip kudu tansah waspada

C. tumindak ala lan becik kudu dingerteni

D. tata krama tansah diudi lan ditindakake awan lan bengi

Wacan kanggo soal nomer 8

Pupuh Sinom Pada 1

Ambege kang wus utama

Tan ngendhak gunaning janmi

Amiguna ing aguna

Sasolahe kudu bathi

Pintere den alingi

Bodhone dinokok ngayun

Pamrihe den inaa

Mring padha padhaning janmi

Suka lila den ina sapadha-padha

8. Manut teks tembang kasebut, watake wong utama kudu bisa....

A. nutupi bodhone

B. nambahi bodhone

C. nutupi kapinterane

D. ngetokake kapinterane

Wacan kanggo soal nomer 9

Pupuh Sinom Pada 2

Ingsun uga tan mangkana,

balilu kang sun alingi,

kabisan sun dokok ngarsa,

isin menek den arani,

balilune angluwihi,

nanging tenanipun cubluk,

suprandene jroning tyas,

lumaku ingaran wasis,

tanpa ngrasa prandene sugih carita.

9. Pratelan kang jumbuh kalian isine tembang Sinom ing ndhuwur yaiku....

A. Lumrahe manungsa iku sok duduhake kapinterane

B. Lumrahe manungsa iku biasane nuduhake bodhone

C. Lumrahe wong kang cubluk, bakal nutupi kapinterane

D. Lumrahe wong kang cubluk, bakal ngetokake bodhone

Wacan kanggo soal nomer 10

“.... Mbok Randha bungah panggalihe amarga panjaluke kepingin kagungan putra

wis kaleksanan. Mbok Randha ngucapake sokur marang Gusti Allah amarga

dongane wis dikabulake. Bayi iku mau wadon. Pakulitane resik alus kaya kulit timun.

Amarga lair saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi dijenengake Timun

Mas. Sawise Timun Mas ngancik diwasa, Mbok Randha kelingan janjine marang Buta

Ijo menawa arep menehake Timun Mas. Mbok Randha dadi susah atine. Rina wengi

Mbok Randha donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi,

Mbok Randha ngimpi kapethuk wong tapa ing Gunung Gandhul. Wong tapa kuwi mau

kang bisa nulungi supaya Timun Mas ora dipangan Buta Ijo

....”

(kapethik saka Marsudi Basa lan Sastra Jawa 1 kaca 40)

10. Amanat utawa piwulang luhur kang bisa kapethik saka teks crita kasebut yaiku ....

A. methuki wong tapa ing Gunung Gandhul

B. aja gampang susah yen durung duwe anak

C. Buta ijo arep menehi anak marang Mbok Randha

D. tansah sokur lan dedonga marang paringane Gusti Allah

 

11. Nalika sish bayi, wujude Gathutkaca yaiku . . . .

A. Kunta Wijayadanu B raseksa

C buntel D topeng waja

12. Gathutkaca nalika isih bayi diwenehi aran . . . .

A.Jabang Bayi B. Jabang Raseksa

C. Jabang Bocah D. Jabang Tetuka

13. Asmane Ibune Gathutkaca yaiku . . . .

A. Drupadi B. Arimbi

C. Pregiwa D. Srikandi

14. Arane senjatane Gathutkaca sing dianggo ing dada yaiku . . . .

A nanggala B kotang antrakusuma

C pasopati D alugara

15. Arane perang kang ndadekake Gathutkaca gugur yaiku . . . .

A. Baratayudha B. Tanding

C. Bubat D. Mahabarata

16. Gathutkaca iku putrane . . . .

A. Yudhistira B.Arjuna

C Sadewa D Werkudara

17. Arane kasatriyane Gathutkaca yaiku . . . .

A Pringgandani B Bumiretawu

C Sawojajar D madukara

18. Sajrone crita pewayangan, Gathutkaca iku bisa mabur tanpa lar. Tegese tembung lar yaiku . . . .

A. swiwi B.  buntut

C. muntha D. kitiran

19. Senjata Kuntha Wijayadanu iku duweke . . . .

A Nayarana B Yudhistira

C Karna D Duryudana

20. Ibu nembe ngendhikan kalian Mas Fery sing ana kutha Pasuruan kanthi sarana ....

A. telepon B. radio

C. televisi D. bis

21.       Pak Budi maos koran wonten kantor. maos baca ngokone ....

A nulis B ndelok

C tuku D maca

22. Pitik tukung lan padhang bulan kalebu tembang ....

A keroncong B dolanan

C pop D macapat

23. Cacahe gatra saben sapada ing tembung macapat diarani ....

A guru gatra B guru wilangan

C guru sastra D guru lagu

24. Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra ing tembang macapat diarani ....

A guru lagu B guru sastra

C guru gatra D guru wilangan

25. Tibane swara vokal ing pungkasane gatra diarani ....

A guru gatra B guru lagu

C guru sastra D guru wilangan

26. Sing klebu cangkriman plesetan yaiku....

A. bocor malah enak
B. adoh-adoh diparani,barang wis tekan diliwati
C. segara beldhes
D. sega sakepel dirubung tinggi

27. Senjata Kunta bisa ngenani Raden Gathutkaca nganti nemahi palastra.

Palastra padha tegese karo....

A. Semaput
B. lunga
C. mati
D. ilang

28. Muji syukur ing ngarsaning Allah kalebu perangan ... pidhato.

A. pambuka
B. panutup
C. Isi
D. dudutan

29. Ing ngisor iki sing kalebu dhampak negatife globalisasi yaiku....

A. majune teknologi
B. masyarakat tansaya maju
C. lunture rasa nasionalisme
D. anane pasar global

30. Muji syukur marang Gusti Allah iku ing sesorah dipapanake ana ...
a. pambuka
b. isi
c. panutup
d. salam

31. 1) Assalamualaikum Wr.Wb.
Ingkang kinurmatan Bapak/ Ibu Pengurus Komite Sekolah
Bapak Ibu sekaliyan saha Bapak Ibu Guru ingkang tansah minulya
2) Mekaten ugi, kula ngaturaken maturnuwun bilih panjenengan sami saged ngrawuhi adicara ingkang badhe ngrembag bab pembangunan musholla.
3) Mekaten atur kula, menawi wonten lepatipun atur saha subasita, Kula nyuwun pangapunten.
4) Sumangga kula dherekaken muji syukur ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun maringi kesehatan lan kanikmatan gesang.

Supaya dadi pidhato kang runtut, ukara ing dhuwur diurutake dadi ...
a. 2-3-4-1
b. 1-4-2-3
c. 1-3-2-4
d. 4-3-2-1

32. Ilham : “Don, sesuk apa sida uangan basa Jawa?”
Roni : “Sida Ton, apa kowe ora ngerti?”
Ilham : “Ora, jalaran aku ora mlebu sekolah amarga lara’’
Roni : “Ye ngono mengko sore ndhewe sinau bareng wae ya Ton, neng omahku.’’

Pacelathon ing ndhuwur migunakake ragam basa ...
a. ngoko lugu
b. krama lugu
c. krama alus
d. krama inggil

33. Wong bungah sok nemu....

A. Sengsara
B. rekasa
C. cilaka
D. susah

34. Joko Seger lan Rara Anteng muja semedi ing pucuke Gunung Lejar. Anggone muja semedi dikantheni rasa temen-temenan supaya kekarone keturutan duwe putra. Sanajan suwene patang puluh dina patang puluh bengi lan akeh panggodane, kakarone tetep mantep muja semedi.

Saka perangan crita kasebut sing dadi lakon utama yaiku....

A. Joko Seger
B. Roro Anteng
C. Joko Seger lan Rara Anteng
D. Gunung Lejar

35. Tibane swara vokal ing pungkasane gatra diarani ....

a. guru gatra
b. guru lagu
c. guru sastra
d. guru wilangan

36. Rembugan ana sangarepe wong akeh kanthi ngandarake sawijining gagasan diarani ...
a. tanggap wacana
b. atur pambuka
c. micara
d. nyemak

37. Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring, Yen lumaku si pucung ngumbar swara. Tembang pocung ing dhuwur batangane ....
a. sepur
b. kalung
c. ula
d. sabuk

38. Dina Sabtu lan Minggu sajroning liburan semester kepungkur bocah-bocah kelas enem SDN Tanggungan Gudo nganakake perkemahan sabtu malam minggu ing Bhumi Perkemahan Wonosalam Kecamatan Wonosalam Kabupaten Jombang jam pitu esuk dina Sabtu, bocah-bocah lan Bapak Ibu Guru wis padha ngumpul ing sekolahan. Budhale numpak bis Indah Jaya.

Irah-irahan (judul) perangan karangan ing dhuwur yaiku....

A. Dina Sabtu lan Minggu ana kemah
B. Bocah-bocah kelas VI kemah
C. Kemah pramuka ing Wonosalam
D. Sabtu lan Minggu ing Bhumi Perkemahan

39.. Unen-unen sing kudhu dibadhek utawa dibatang maksude diarani....

A. cangkriman
B. paribasan
C. geguritan
D. saloka

40. bapak pucung dudu watu dudu gunung

sangkamu ing sabrang

ngon-ingone sang bupati

yen lumampah, si pucung lembehan grana

Batangane tembang ing dhuwur yaiku....

A. gajah
B. sepur
C. macan
D. sepeda

41. Udin iku bocahe isinan, ora kaya kanca-kancane.

Tembung isinan iku tegese ...

A seneng ngisin-ngisini B ora isin blas

C Gampang isin D ora duwe isin

42. Bocah kuwi lungguhe antheng kitiran.

Tegese sanepa ing dhuwur yaiku ....

A tansah polah ora bisa meneng B tansah antheng banget

C tansah ajeg ora bisa obah D tansah tengok-tengok nganti keturu

43. Ukara ing ngisor iki sing kalebu krama inggil yaiku ...

A Simbah dipunaturi sare wonten kamar B Kula dipunsukani duwet katah

C Adik lagi dolanan ana ing plataran viii D Bapak nembe kesah saking omah

44. Saben sore, Siti nyapu latar.

tembung nyaponi linggane ....

A nyapu B disaponi

C nyaponi D sapu

45. Kembang ning ngarep omahku wis (siram) mulane katon seger.

Tembung siram benere ....

A sirami B nyirami

C daksiram D nyiram

46. Sagung para rawuh sadaya, Mugi pinayungan nugraha yekti, Asih tresna Allah satuhu, Tansaha kasasira, Puja puji syukur saha sembah sujud, Konjuk ing ngarsa paduka, Gusti Allah Maha Suci.

Tembang macapat ing dhuwur iku guru gatrane ana ... larik

A 6 B 5

C 8 D 7

47. Sekar gambuh ping catur, Kang cinatur polah kang kalantur, Tanpa tutur katula-tula katali, Kadaluwarsa kapatuh, Kapatuh pan dadi awon Guru wilangan ing tembang macapat ing dhuwur yaiku ....

A 7, 9, 10, 7, 8 B 7, 10, 12, 8, 8

C 7, 7, 8, 8, 9, 9 D 8, 10, 12, 7, 7

48. Tembang sing dudu tembang macapat yaiku ....

A Asmaradana B megatruh

C cublak-cublak suweng D kinanthi

49. Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring, Yen lumaku si pucung ngumbar swara. Tembang pocung ing dhuwur batangane ....

A sepur B kalung

C ula D sabuk

50. Nalika isih aran Jabang Tetuka, Gathutkaca dijedhi ana ing kawah . . . .

A. Candradimuka B. Candrarasa

C. Candra Buwana D. Candra Antrakusuma

51. Musron ketemu wong tuwa sing pengin nyabrang dalan kang lagi rame. Kira-kira apa sing bakal kok tindakake…

a. nulungi nyabrangke

b. bablas nerusake laku

c. sajak ora perduli

d. meneng wae

52. Arane anak jaran yaiku….

a. sawiyah

b. belo

c. bledug

d. geger

53. Sing piket dina iki sapa?

Ukara ing dhuwur klebu ukara…

a. andharan

b. tanduk

c. pitakonan

d. rinengga

54. Nyuwun agunge pangaksami saking sedaya kelapatan kula. Mugya ing dinten ingkang suci punika sedaya kalepatan saged linebur. Ukara iki adate diucapake ing wayah…

a. pungkasane pambiwara

b. ulang taun

c. riyaya besar

d. riyaya fitri

55. Santen toyaning klapa, cekap semanten atur kula. Menawi wonten kalepatan, kula nyuwun agunging pangaksama…..

Ukara ing dhuwur mujude perangan saka…. pidhato

a. lampiran

b. pambuka

c. panutup

d. isi

Kunci Jawaban

1.       C

2.       B

3.       C

4.       B

5.       D

6.       D

7.       D

8.       C

9.       A

10.       D

11.   B

12.   D

13.   B

14.   B

15.   D

16.   D

17.   A

18.   A

19.   C

20.   A

21.   D

22.   B

23.   A

24.   D

25.   B

26.      A

27.       C

28.      A

29.      C

30.    A

31.      B

32.    A

33.    B

34.    C

35.    B

36.    A

37.    A

38.    C

39.   A

40.   A

41.   C

42.   A

43.   A

44.   D

45.   C

46.   D

47.    B

48.    C

49.    A

50.   A

51.    A

52.    B

53.    C

54.    D

55.    C

Informasi Terkini Tribun Pontianak Kunjungi Saluran Whatsapp

Cek Informasi Tentang Kunci Jawaban Lainnya Disini

(*)

 

Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved