7. Sanajan uripe rekasa, Mbok Randha iku ….
a. ngalah
b. luhur budine
c. medit
d. drengki
8. Sing nyoba bedhol sada kang ditancepake bocah bajang kajaba….
a. bocah-bocah Banarawa
b. wong –wong Banarawa
c. Mbok Randha
d. Ki Juru Mathokan
9. Baru Klinting nancepake … ing tengah plataran omahe Ki Juru Mathokan.
a. tongkat kayu
b. kayu jati
c. sada wulung
d. sada lanang
10. Siji-sijine wong Banarawa sing bisa slamet ana ing crita dhuwur yaiku….
a. wong-wong tua
b. bocah Banarawa
c. Ki Juru Mathokan
d. Mbok Randha
11. Tilas tancepane sada metu banyune mulak-mulak gedhe .Wong ing Banarawa padha.…
a. mati klelep
b. bungah bisa lelangen
c. seneng ciblon
d. njajal karosane
12. Sing dienggo Mbok Randha kanggo nyelametake awake yaiku ….
a. prau
b. lesung
c. jukung
d. gethek
13. Desa Banarawa dumunung ing tlatah ….
a. Ambarketawang
b. Ambarawa
c. Purbalingga
d. Semarang
14. Tujuane ula Baru Klinting tapa yaiku….
a. gayuh kamulyaning urip
b. dadi ula kang sekti
c. cepet sugih
d. dadi bocah sing kuat
15. Ing ngisor iki paraga crita Rawa Pening, kajaba….
a. Mbok Randha, Baru Klinting
b. Ki Juru Mathokan, wong Banarawa
c. Baru Klinting, Ki Juru Martani
d. Bocah Bajang, bocah Banarawa
16. Desa Banarawa duwe adat nganakake memetri desa saben taun.Tegese tembung adat yaiku….
a. wis lumrahe
b. ora lumrah
c. piweling
d. kekarepan
17. Ing ngisor iki sing dudu tegese bajang yaiku….
a. cilik
b. awak
c. kerdil
d. cacat
18. Sanalika tilas tancepane sada metu banyune.Tembung banyu krama inggile….
a. latu
b. redi
c. ludira
d. toya
19. Paraga kang watake becik yaiku paraga….
a. antagonis
b. protogonis
c. tritagonis
d. panyengkuyung
20. Papan lan ana ngendi crita mau kedadeyan, klebu perangane….
a. seting
b. alur
c. underan
d. amanat
Pangkur
(Kapetik saka : Serat Wulangreh Anggitan Sri Susuhunan Pakubuwana IV)
Alaning liyan den andhar
Ing becike liyan dipunsimpeni
Becike dhewe ginunggung
Kinarya pasamuan
Nora ngrasa alane dhewe ngendhukur
Wong kang mangkono wateknya
Nora kena denpedhaki
21. Tembang Pangkur ing dhuwur kapethik saka….
a. Serat Walangreh
b. Serat Wulangreh
c. Serat Walungreh
d. Serat Wulungreh
22. Tembang Pangkur ing duwur dianggit ….
a. Mangkunegara IV
b. Mangkunegara VI
c. Pakubuwana IV
d. Pakubuwana VI
23. Tembang Pangkur kelebu tembang….
a. jawa
b. daerah
c. dolanan
d. macapat
24. Ing ngisor iki kang kalebu paugeran kang ngiket tembang macapat, kajaba….
a. guru lagu
b. guru wilangan
c. guru sastra
d. guru gatra
25. Cacah gatra tembang Pangkur ana….
a. 9
b. 8
c. 7
d. 6
26. Guru lagu tembang Pangkur gatra kaping papat yaiku….
a. a
b. u
c. i
d. e
27. Cacahe guru wilangan tembang Pangkur gatra telu ana…
a. 12
b. 10
c. 8
d. 7
28. Guru wilangan lan guru lagu gatra kaping pitu tembang Pangkur ing dhuwur yaiku…
a. 8 u
b. 8 e
c. 8 a
d. 8 i
29. Tembung “andhar “iku tegese….
a. dicritakake
b. disimpen
c. sambat
d. dilakoni
30. Nora kena denpendhaki, ukara iku tegese….
a. ora kena disilihi
b. ora kena dikandani
c. ora kena dicedhaki
d. ora kena diapusi
31. Kosok baline tembung “alane” yaiku….
a. gampang
b. susah
c. bungah
d. becik
32. Watake tembang Pangkur yaiku….
a. seneng
b. sereng
c. grapyak
d. jirih
33. Tumindak kaya sing disebutake ing tembang Pangkur kalebu tumindak sing….
a. prayoga
b. nistha
c. utama
d. becik
34. Tembang Pangkur cocog kanggo ngandhakake pitutur luhur ngenani….
a. sekolahan
b. masyarakat
c. tata cara sinau
d. budi pekerti
35. Tembang Pangkur ing duwur nuduhakae sipate wong sing….
a. gumedhe
b. lembah manah
c. apikan
d. andhap asor
kannge nomer 36-40
Reroncene Adang Tani
Kaanggit dening Trie Sutajaya
Ijo royo-royo
Gumelar sak ngisore langit biru
Angin tumiyup
Dolanan godhong pari
Kadang tani padha mesem
nyawang parine wis kuning
Ati ayem tentrem
Pari kuning
Minangka reroncene urip
Tembe mburi
36. Sing nulis geguritan ing dhuwur yaiku ….
a. Pak tani
b. Kadang tani
c. Sedulur kampung
d. Trie Elang Sutajaya
37. Isine gegurutan ing dhuwur yaiku pak tani seneng atine amarga
a. ora panen
b. nandur pari
c. arep panen
d. panen gedhe
38. Tegese tembung mesem ana ing geguritan mau yaiku....
a. ngguyu seneng
b. arep panen
c. rasa lara
d. ati ayem
39. Kepriye atine kadang tani nalika nyawang sawahe ?
a. ing tembe mburi
b. atine ayem
c. kepingin ngguyu
d. kepingin lunga
40. Geguritan ana dhuwur ana ... gatra.
a. 10
b.11
c.12
d.13
teks wacan kanggo no 41-46
Sendhang Sani
Sunan Kalijaga lan Ki Rangga sarta para santrine pada nuju padepokan Sunan Muria. Nadyan papan dununge adoh, Sunan Kalijaga kaya-kaya ora duwe kesel babar blas. “Kaya wis tekan kadipaten Pati Pesantenan, sedela meneh tekan padepokan Muria,” ngendikane Sunan Kalijaga marang murid-murid.
Nalika wanci sembahyang dhuhur, Sunan Kalijaga ngajak leren ing sak ngisore wit gedhe, banjur dhawuh marang Ki Rangga supaya golek banyu kanggo wudhu. Ki Rangga lan kancane padha bingung amarga ing papan kono garing ora ana banyune.
Karakit saka Buku Rakyat dari Pati (yudono KS dan Mulyono)
41. Cerita ing dhuwur kelebu ....
a. dongeng
b. legenda
c. cerbung
d. cernak
42. Panggonan sing garing kuwi panggonan ....
a. ora ana banyune
b. akeh banyune
c. ana sendange
d. akeh lebune
43. Sendhang Sani ana ing wewengkon tlatah....
a. Pati
b. Kudus
c. Demak
d. Pesantren
44. Sunan kalijaga lan pandhereke ngaso ana....
a. sapinggire sendhang
b. ngisor wit gedhe
c. Sendhang Sani
d. pinggir desa
45. Ki Rangga lan kancane padha bingung amarga garing ora ana ….
a. banyu
b. watu
c. geni
d. angin
46. Tembung nadyan ana ing wacan tegese....
a. ora gelem
b. nanging
c. supaya
d. dadi
47. Kegiyatan maca naskah/teks kanthi tujuan nemokake kesalahan diarani ....
a. ngringkes
b. maca
c. nyunting
d. nulis carita
48. Panulisan tembung ana ukara kudu bener, ngaggo aksara kapital utawa aksara cilik. Punika cara penulisan nganggo ....
a. isi ringkesan
b. tanda wacan
c. ukara
d. ejaan kang bener
49. Nalika kanca carita ana ngarep kelas kanca liane kudu menehi....
a. ngece
b. suara
c. hadiah
d. saran
50. Kewan kuwi arep kanggo memetri desa(...), tandha wacan kang trep ing njero kurung yaiku ….
a. koma
b. titik loro
c. titik koma
d. titik
Teks kanggo nomer 51-59.
Nalika semana, kasultanan Demak dipimpin pangeran Made Pandan, duwe putra arane Pangeran Pandan Arang. Sawijing dini pangeran, putra, lan abdine lelana tekan alas banjur bukak alas kanggo nandur lan pomahan. Durung ngrasakake hasile, Pangeran seda ninggal weling “Ngger anakku. Olahen papan iki kanthi temen. Aja pisan-pisan ditinggalake amarga mengkone dadi panggonan kang reja.”
Sawijining dina pangeran Pandan Arang ngendika “Rakyatku lemah subur nanging ana wit asem kang thukule arang-arang banjur papan iki tak jenengi semarang,saka tembung asem kang arang-arang”
51.Irah-irahan kang trep yaiku ....
a. Semarang
b. Kutha Semarang
c. Artine Semarang
d. Asal Usul Semarang
52. Tembung reja ing cerita dhuwur tegese ….
a. seda
b. subur
c. tentrem
d. ijo royo-royo
53. Paraga ana cerita ing dhuwur ....
a. Pangeran Made Ppandan
b. Pangeran Pandan Arang
c. Rakyate
d. Pangeran Made Pandan, Pangeran Pandan Aran, Rakyate
54. Pangeran Made Pandan seda ana ing ....
a. pomahan ing alas
b. desa Pandanaran
c. kesultanan Demak
d. alas kang gedhe
55. Watake Pangeran Pandan Arang manut carita kuwi yaiku ....
a. manut marang wong tuwa
b. welas asih marang abdine
c. seneng nglawan bapake
d. sakti mandraguna
56. Pesene Pangeran Made Pandan kanggo putrane ana carita ing dhuwur yaiku ....
a. rajin sinau lan nabung
b. bekti marang wong tuwa
c. ora ninggalake papan kuwi
d.njenengi papan kuwi dadi Sermarang
57. Sing njenengi Semarang yaiku ....
a. Pangeran Made Pandan
b. Pangeran Pandan Arang
c. Baru Klinthing
d. Pandanaran
58. Tembung Semarang asale saka ....
a. asem larang
b. asem kang arang-arang
c. wit asem garing
d. meseme arang-arang
59. Panggonan iku dijenengi Semarang amarga ing panggonan kuwi ....
a. subur lan aneh anget
b. akeh tethukulan ijo royo-royo
c. thukul wit asem sing arang-arang
d. tandhuran asem thukul ana karang
60. Ing cerita “Srikandi Madeg Senopati”, Srikandi kuwi garwane ....
a. Pandhawa
b. Raden Werkudara
c. Raden Janaka
d. Prabu Kresna
Kunci Jawaban
1. B
2. A
3. D
4. C
5. D
6. D
7. B
8. C
9. D
10. D
11. A
12. B
13. B
14. A
15. C
16. A
17. B
18. D
19. B
20. A
21. B
22. C
23. D
24. C
25. C
26. A
27. C
28. D
29. A
30. C
31. D
32. B
33. B
34. D
35. A
36. D
37. C
38. A
39. B
40. A
41. B
42. A
43. A
44. B
45. A
46. B
47. C
48. D
49. D
50. D
51. D
52. B
53. D
54. D
55. A
56. C
57. B
58. B
59. C
60. C
- Baca Berita Terbaru Lainnya di GOOGLE NEWS
- Dapatkan Berita Viral Via Saluran WhatsApp
!!!Membaca Bagi Pikiran Seperti Olahraga Bagi Tubuh!!!