Wingi Dina nyilih buku ceritamu amarga dewekke seneng
Potlote apa wis kokbalekake
Payunge digawa bapak
Amarga kowe bali dhisik dadi tasmu dakgawakna
9. Tembung – tembung kang kawuwuhan ater-ater anuswara yaiku ….
a. Nyilih
b. Digawa
c. Dakgawakna
d. Kokbalekake
Jawab : a
10. Kang diarani pahlawan / tokoh iku minangka salah sawijining paraga kang bisa dadi patuladhan uga duweni gegayuhan marang nusa lan bangsa. Piyambakipun mimpin perang gerilya ing jaman penjajahan Walanda. Gambar ing ngisor iki tuladhane paraga kang melu nyengkuyung kanggo kamardikan Indonesia yaiku ….
a. B.J. Habibie
b. Gajah Mada
c. Jendral Sudirman
d. Drs, Mohammad Hatta
Jawab : c
Esuk umun umun para kadhang tani tumandhang gawe menyang sawah, padha sayuk rukun makarya ing sawah kanthi sengkud, ana kang macul, ana kang ngresiki gulma, ana sing mupuk lsp, supaya nalika mangsa panen, asil panen apik lan nyenengake.
11. Tembung “ macul, ngresiki lan mupuk “ kalebu tembung ….
a. Wilangan
b. Kahanan
c. Panyilah
d. Kriya
Jawab : d
Adikku nggawa buku Basa Jawa kanggo sinau
12. Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ….
a. Upaya
b. Wektu
c. Tujuan
d. Panggonan
Jawab : c
Para pangunjung yen kepengin lunga menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum.
13. Saka ukara ing ndhuwur, kang kalebu tembung ancer-ancer yaiku tembung ....
a. Menyang
b. Sendhang biru
c. Para pengunjung
d. Kendaraan umum
Jawab : a