d. Aji Saka duwe panyuwunan sadurunge dadi dhaharane Prabu Dewata Cengkar.
8. Budi kadhawuhan Bapak Guru Basa Jawa supaya nulisake tembung aneng, narendra lan prapteng ana ing papan tulis.
Tembung-tembung kang katulis dening Budi iku kalebu tuladhane .…
a. tembung saroja
b. tembung entar
c. tembung kerata basa
d. tembung garba
9.Gatekna pratelan-pratelan ing ngisor iki!
1. Maca/ngrungokake crita kanthi premati saka wiwitan nganti wekasan.
2. Nulis bab-bab penting sajrone crita.
3. Nggatekake kanthi temen-temen nganti bisa mangsuli pitakon.
4. Bisa nggawe dudutan.
Pratelan-pratelan ing dhuwur minangka cara kanggo .…
A. Nemokake underaning crita.
B. Nemokake isining crita.
C. Nggawe dudutaning crita.
D. Nyritakake crita.
10.Ukara-ukara ing ngisor iki migunakake tembung garba, kajaba .…
A. Yudhistira kasebut minangka ratwagung ing nagara Amarta.
B. Aneng nagri Amarta Sang Gathutkaca winisuda.
C. Satriya kang sekti mandraguna
D. Aji Saka nerusake laku tumujweng tanah Jawa.
Kunci Jawaban
1. D
2. B
3. A
4. D
5. C
6. B
7. A
8. D
9. B
10. C