Kunci Jawaban

3 Contoh Cerkak dalam Bahasa Jawa yang Simple dan Mudah Dipahami

AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

Ilustrasi Dongeng Rubah dan Gagak.

Cerkak 2

LINGKUNGAN RESIK

Adzan subuh wis muni, lan aku langsung tangi. Sakwise shalat subuh, aku banjur ganti klambi lan lanjut olahraga esuk. Mau mbengi ning desaku udan deres banget, mula esuk iki udarane katon adem nangin nentremake ati, ditambah ora ono polusi udara, nambah atiku saya bungah.

Sakwise olahraga, jam 6 esuk aku banjur bali. Amarga dina iki dina minggu, aku lan kanca-kancaku banjur pit-pitan ngubengi kota. Rutinitas ing kotaku saben dina minggu mesti ana dina bebas kendaraan bermotor, namung pit lan kendaraan anti bermotor sing oleh digunakake. Rutinitas iki nduweni tujuan kanggo ngirangi polusi udara sing iso ndatangake penyakit.

Jam 8 esuk aku lan kanca-kancaku banjur bali. Ora sengaja ing dalan weruh bapak-bapak lagi kerja baktu ngresiki desa, aku lan kanca-kancaku banjur melu tetulung kerja bakti ngresiki sampah sing nyumbat selokan. Sakliyane iku, kerja bakti dina minggu iki kaliyan nandur wit-witan ijo, supaya ndesaku tambah katon ijo royo, ora keno banjir, lan tambah asri.

Cerkak 3

Acara Ulang Tahunku

Minggu wingi aku ulang tahun umur 10 tahun, ibukku wis ngrencanakne gawe acara ulang tahun nek omah lan ngundang konco-koncoku. Pas kui, aku seneng banget diaturi ibuk nek ulang tahunku bakal dirayakne.

Sedino saurunge dino ulang tahunku, aku diajak bapak tumbas klambi anyar nggo dingo pas acara kui. Ruang tamu omahku yo dihias karo balon-balon lan pita sing meriah banget.

Ora ketinggalan, ibukku pesen roti ulang tahun sing bentuke minion koyo sing tak senengi. Sesuke, koncoku do teko nggowo hadiah. Enek sing ngekeki kado buku, pensil, tas, mbek sepatu. Aku seneng banget pas kui. Tenan.

(*)

Cek Berita dan Artikel Mudah Diakses di Google News

Ikuti saluran Tribun Pontianak di WhatsApp: KLIK DISINI

Berita Terkini