Ragam Contoh

Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa untuk Acara Perpisahan Sekolah, Cocok untuk SMP dan SMA

Seorang pranatacara (pembawa acara dalam bahasa Jawa) memiliki peran penting dalam menjaga alur acara agar berjalan sesuai susunan. 

Instagram
PRANATACARA- Seorang pranatacara (pembawa acara dalam bahasa Jawa) memiliki peran penting dalam menjaga alur acara agar berjalan sesuai susunan.  

Donga Panutup

Adicara kaping pisan inggih menika pambuka, sumangga kula dalah panjenengan sesarengan maos basmallah kagem mbikak adicara pepisahan ingkang kaleksanan ing dinten punika. Mmatur nuwun.

Adicara kaping kalih inggih menika atur pangandikan ingkang badhe dipunandharaken dening ketua panitia. Dhumateng kagem panjenengane bapa (sebutkan nama dan gelar) ingkang kajibah dados ketua panitia kula suwun jumeneng. Sumangga. Matur suwun.

Adicara salajenge inggih menika pentas seni musik tradisional, musikalisasi puisi, sarta pentas drama tradisional ingkang badhe dipuntindakaken dening wakil saking kelas VII lan kelas VIII. Kagem ingkang kajibah papan ugi wekdal kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.

Adicara  salajenge utawi ingkang kaping sekawan inggih menika atur perpisahan ingkang badhe dipun ayahi dening sesulihipun kelas IX. Kagem ingkang kajibah papan ugi wekdal kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.

Adicara salajenge inggih menika paring hadiah kagem para siswa ingkang pikantuk biji paling inggil ing ujian pamungkas kala wingi.

Senajan namung tandha mata, nanging mugya hadiah ingkang badhe diparingaken saged dados pamecut tumrap adhi-adhi kelas supados saged sinau langkung sregep/

Saengga ing tembe bakalan saged ngungkuli prestasi ingakng sampun nate kagegem dening para siswa kelas 9 ingkang dinten punika nindakaken pepisahan.

Adicara salajengipun inggih menika atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMP 1 Sumbergempol. Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, papan ugi wekdal kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.

Adicara ingkang pamungkas ing dinten punika inggih menika donga sarta panutup ingkang badhe dipuntindakaken dening bapa (sebutkan nama dan gelarnya).

Alhamdulillah sedaya adicara sampun kalampahan kanthi lancar. Sumangga kita pungkasi adicara perpisahan dinten punika kanthi waosan hamdallah kanthi sesarengan. Allhamdulillahirabillngalamin.  Matur nuwun.

Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksama dhumateng para rawuh menawi wonten kirangipun anggen kula matur.

Santen toyaning klapa nyuwun pangapunten saking kalepatan kula

Wassalamualaikum warrahmatullahi wabarrakatuh

- Baca Berita Terbaru Lainnya di GOOGLE NEWS
- Dapatkan Berita Viral Via Saluran WhatsApp

!!!Membaca Bagi Pikiran Seperti Olahraga Bagi Tubuh!!!

Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved