Ragam Contoh

Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa untuk Acara Perpisahan Sekolah, Cocok untuk SMP dan SMA

Seorang pranatacara (pembawa acara dalam bahasa Jawa) memiliki peran penting dalam menjaga alur acara agar berjalan sesuai susunan. 

Instagram
PRANATACARA- Seorang pranatacara (pembawa acara dalam bahasa Jawa) memiliki peran penting dalam menjaga alur acara agar berjalan sesuai susunan.  

Adicara kaping pisan inggih menika pambuka, sumangga kula dalah panjenengan sedaya kita buka adicara dinten punika kanthi maos waosan basmallah sesarengan, matur nuwun.

Adicara kaping kalih inggih menika atur pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng ketua panitia wekdal saha papan kula kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pentas seni karawitan lan pentas drama tradisional saking kelas VII lan kelas VIII. Kagem ingkang kajibah papan ugi wekdal kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.

Adicara  salajenge utawi ingkang kaping sekawan inggih menika atur perpisahan ingkang badhe dipun andharaken dening sesulihipun kelas IX. Kagem ingkang kajibah papan ugi wekdal kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.

Adicara salajengipun inggih menika atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMP 1 Sumbergempol. Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, papan ugi wekdal kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.

Adicara ingkang pungkasan inggih menika donga sarta panutup. Sumangga kita pungkasi adicara ing siang menika kanthi waosan hamdallah kanthi sesarengan. Allhamdulillahirabillngalamin.  Matur nuwun.

Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksama dhumateng para rawuh menawi wonten kirangipun anggen kula matur.

Santen toyaning klapa nyuwun pangapunten saking kalepatan kula

Wassalamualaikum warrahmatullahi wabarrakatuh

45 Contoh Bio Instagram untuk Fitur Terbaru dalam Bahasa Inggris dan Artinya

Contoh Teks Pranatacara Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa Singkat Kelas 12

Assalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh

Bapak Kepala Sekolah SMP 1 Kalidarir ingkang kula bekteni. Bapak dalah Ibu Guru, para wali murid saha para Karyawan ingkang kula mulyakaken. Boten kesupen para kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Ingkang kapisan sumangga kita awiti adicara dinten punika kanthi ngonjukaken raos syukur dhumateng  Gusti Allah Ingkang Maha Kuwaos.

Amargi namung saking berkah sarta kanugrahanipun kita saged rawuh dhateng adicara pepisahan dinten niki kanthi tanpa wonten alangan setunggal punapa.

Salajengipun kula (sebutkan nama) Ingkang dinten lan wekdal punika kajibah dados pranatacara badhe ngandharaken rantamaning adicara perpisahan SMP 1 Kalidawir ingkang badhe kita lampahi sesarengan.

  • Ngenani reroncene adicara ingkang badhe katindakaken inggih punika
  • Pambuka
  • Atur pangandikan saking ketua panitia perpisahan
  • Pentas Seni saking Kelas VII lan kelas VIII
  • Atur perpisahan saking sesulihipun kelas IX
  • Paring hadiah kagem siswa kelas IX ingkang prestasnipun inggil
  • Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMP 1 Sumbergempol
Halaman
1234
Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved