Ragam Contoh

Teks MC Lamaran Pernikahan dalam Bahasa Jawa: Singkat dan Mudah Diingat

Semoga contoh teks MC acara lamaran pernikahan dalam Bahasa Jawa ini bermanfaat untuk menambah pengetahuan Anda atau bisa dijadikan referensi dalam me

Tribun Pontianak
LAMARAN- Contoh teks MC acara lamaran pernikahan dalam Bahasa Jawa ini bermanfaat untuk menambah pengetahuan Anda atau bisa dijadikan referensi dalam menyusun teks serupa.  

TRIBUNPONTIANAK.CO.ID- Artikel ini berisi contoh teks MC untuk acara lamaran pernikahan dalam Bahasa Jawa yang singkat dan mudah diingat. 

Kami menyajikan contoh ini khusus bagi MC yang akan memandu acara lamaran pernikahan dalam tradisi Jawa.

Semoga contoh teks MC acara lamaran pernikahan dalam Bahasa Jawa ini bermanfaat untuk menambah pengetahuan Anda atau bisa dijadikan referensi dalam menyusun teks serupa. 

Selain itu, teks ini diharapkan dapat membantu para MC dalam memberikan nuansa yang hangat dan akrab dalam acara lamaran, serta menjaga kelancaran proses yang berlangsung.

Mari kita simak contoh yang telah disiapkan berikut ini.

Berikut Contoh Teks MC Acara Lamaran Pernikahan dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Mudah Dihafal selengkapnya:

BERUBAH Besaran THR Karyawan Swasta Terbaru 2025 Lengkap Jadwal Pencairan dan Rumus Cara Hitungnya

Assalamu’alaikum warahmatullohi wabarakatuh.

Para sesepuh, pinisepuh ingkang tuhu kinabekten. Dumateng panjenanginipun Bopo ... minangka calon kadang besan dalasan keluarga. Saha dumateng para rawuh kakung sumawono putri ingkang dhahat kinurmatan.

Langkung rumiyin sumonggo tansah kula dereaken manengku puja dalah puji syukur wonten ngayunan dalem Alloh SWT ingkang sampun paring rohmat saha nikmat tuwin kekiyatan, satemah panjenengan lan kula wonten ing wekdal menika tasih saget kempal manunggal nyawiji wonten ing menika papan kanti ginanjar karaharjan.

Shalawat saha salam mugi katetepno dumateng Nabi Agung Muhammad SAW ingkang tansah panjenengan lan kula antu-antu menggah barakah syafa’atipun wiwit gesang wonten ing alam dunyo dumugi ing alam akhirat.

Sagung para tamu ingkang dhahat kinurmatan, mugi linepatno ing deduka, tinebihna ing salwiring sesendu. Kalilalana, kula matur wonten ing ngarsa panjenengan sedaya, satemah nggempil kamardikan panjenengan sawetawis ingkang nembe eco sekeco nggenyo wawan sabda.

Mradapa awit keparengipun panjenenganipun bopo ... minangka hamengku gati, kinen ndereaken lampahing adicara wonten ing wekdal menika.

Namung, sakderengipun mbok bilih samangkih katah kalepatan anggenipun ndereaken lampahing adicara, kula tansah nyadong lumunturing sih samudra pangaksama.

Salajengipun badhe kaaturaken menggah urut reroncening adicara ingkang badhe anggregani wonten ing wekdal menika.

Nun inggih adicara ingkang sepisan pambuka.

Kalajengaken adicara angka kalih nun inggih atur pambagyo harja saking keluarga bopo ... minangka hamengku gati.
Tumapaking adicara angka tiga nun inggih wedharing pangandikan saking keluarga bopo .... minangka calon kadang besan.

Adicara angka sekawan nun inggih atur panampi saking panjenenganipun keluarga bopo ... minangka hamengku gati.

Saksampunipun sumene saha pirembagan mirunggan, titilaksana adicara ingkang pungkasan nun inggih panutup.

Mekaten menggah urut reroncening adicara ingkang badhe anggregani wonten ing wekdal menika.

Rehning sedayanipun sampun samekta ing gati, pramila adicara tumuli badhe kawiwitan.

Sumonggo kapurwakan kanthi kula dereaken maos Basmallah sesarengan, Bissmillahirrahmanirrohim.

Maturnuwun. Mugio adicara menika wag tlumampah kati rancag wiwit purwa, madya, ngantos dumugi ing wasana.

Sagung para rawuh ingkang sinugata pakurmatan, adicara angka kalih nun inggih atur pambagya harja saking keluarga hamengku gati. Pramila dumateng ... duta wicara, kasumanggaaken.

Mekaten wijiling pangandikan saking panjenenganipun bopo... minangka hamengku gati lumantar duta wicara. Pramila ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan.

Bolehkah Bayar Zakat Fitrah dengan Uang ? Simak Penjelasannya

Dungkap ing titilaksana adicara angka tiga nun inggih babaring sabda saking panjenenganipun bopo... minangka calon kadang besan. Pramila dumateng ... minangka duta caraka ingkang minangka sulih sarira, sumonggo.

Kados sampun terang terwaca wedharing pangandikan saking bopo ... calon kadang besan lumantar duta caraka. Pramila tumuli badhe tinanggapan dening panjenenganipun bopo ... minangka hamengku gati lumantar bopo .. minangka duta wicara murih saget atur wangsulan ingkang gumatok. Dumateng panjenenganipun bopo .. minangka duta wicara, sumonggo.

Mekaten atur panampi saking panjenenganipun Bopo ... minangka hamengku gati lumantar duta wicara, ingkang kula pitados saestu damel suka birawaning penggalih panjenenganipun bopo ... minangka calon kadang besan, langkung-langkung Dimas Bagus ... minangka calon manten kakung, ingkang Insya Alloh badhe kasembadan gegayuhanipun anggarwa Nimas Ayu ... minangka calon manten putri.

Kula nderek memuji mugi Alloh ingkang Maha Kawasa ngijabahi sedya tama panjenengan saged kasembadan kalis ing rubeda.

Para rawuh kakung saha putri ingkang dahat kinurmatan, rehning sampun wonten manunggaling rembag ingkang gumatok, pramila sinambi hanglajengaken pirembagan mirunggan, sumonggo kepareng kula ndereaken tumuju ing panti bujana, kepareng angrahabi pasugatan ingkang sampun sumedya kanti mardu mardikaning penggalih.

Para sesepuh, pinisepuh saha para rawuh kakung sumawana putri ingkang tuhu kinurmatan, sampun wonten sasmita bilih gatining adicara wonten ing wekdal menika sampun dumugi ing paripurna. Pramila mbok bilih anggen kula ndereaken adicara wiwit purwa, madya, dumugi ing wasana wonten kekiranganipun, saestu kula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksama.

Sumonggo pepanggihan wonten ing wekdal menika hamungkasi kanti memuji wonten ngarsa Gusti ingkang Maha Mirah kanti maos hamdalah sesarengan. Alhamdulillahirobbil ‘alamin.

Pungkasaning atur, wabillahi taufiq wal hidayah, wassalamu’alaikum warahmatullohiwabarakatuh.

- Baca Berita Terbaru Lainnya di GOOGLE NEWS
- Dapatkan Berita Viral Via Saluran WhatsApp

!!!Membaca Bagi Pikiran Seperti Olahraga Bagi Tubuh!!!

Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved