Ragam Contoh

Teks MC Lamaran Pernikahan dalam Bahasa Jawa: Singkat dan Mudah Diingat

Semoga contoh teks MC acara lamaran pernikahan dalam Bahasa Jawa ini bermanfaat untuk menambah pengetahuan Anda atau bisa dijadikan referensi dalam me

Tribun Pontianak
LAMARAN- Contoh teks MC acara lamaran pernikahan dalam Bahasa Jawa ini bermanfaat untuk menambah pengetahuan Anda atau bisa dijadikan referensi dalam menyusun teks serupa.  

Kalajengaken adicara angka kalih nun inggih atur pambagyo harja saking keluarga bopo ... minangka hamengku gati.
Tumapaking adicara angka tiga nun inggih wedharing pangandikan saking keluarga bopo .... minangka calon kadang besan.

Adicara angka sekawan nun inggih atur panampi saking panjenenganipun keluarga bopo ... minangka hamengku gati.

Saksampunipun sumene saha pirembagan mirunggan, titilaksana adicara ingkang pungkasan nun inggih panutup.

Mekaten menggah urut reroncening adicara ingkang badhe anggregani wonten ing wekdal menika.

Rehning sedayanipun sampun samekta ing gati, pramila adicara tumuli badhe kawiwitan.

Sumonggo kapurwakan kanthi kula dereaken maos Basmallah sesarengan, Bissmillahirrahmanirrohim.

Maturnuwun. Mugio adicara menika wag tlumampah kati rancag wiwit purwa, madya, ngantos dumugi ing wasana.

Sagung para rawuh ingkang sinugata pakurmatan, adicara angka kalih nun inggih atur pambagya harja saking keluarga hamengku gati. Pramila dumateng ... duta wicara, kasumanggaaken.

Mekaten wijiling pangandikan saking panjenenganipun bopo... minangka hamengku gati lumantar duta wicara. Pramila ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan.

Bolehkah Bayar Zakat Fitrah dengan Uang ? Simak Penjelasannya

Dungkap ing titilaksana adicara angka tiga nun inggih babaring sabda saking panjenenganipun bopo... minangka calon kadang besan. Pramila dumateng ... minangka duta caraka ingkang minangka sulih sarira, sumonggo.

Kados sampun terang terwaca wedharing pangandikan saking bopo ... calon kadang besan lumantar duta caraka. Pramila tumuli badhe tinanggapan dening panjenenganipun bopo ... minangka hamengku gati lumantar bopo .. minangka duta wicara murih saget atur wangsulan ingkang gumatok. Dumateng panjenenganipun bopo .. minangka duta wicara, sumonggo.

Mekaten atur panampi saking panjenenganipun Bopo ... minangka hamengku gati lumantar duta wicara, ingkang kula pitados saestu damel suka birawaning penggalih panjenenganipun bopo ... minangka calon kadang besan, langkung-langkung Dimas Bagus ... minangka calon manten kakung, ingkang Insya Alloh badhe kasembadan gegayuhanipun anggarwa Nimas Ayu ... minangka calon manten putri.

Kula nderek memuji mugi Alloh ingkang Maha Kawasa ngijabahi sedya tama panjenengan saged kasembadan kalis ing rubeda.

Para rawuh kakung saha putri ingkang dahat kinurmatan, rehning sampun wonten manunggaling rembag ingkang gumatok, pramila sinambi hanglajengaken pirembagan mirunggan, sumonggo kepareng kula ndereaken tumuju ing panti bujana, kepareng angrahabi pasugatan ingkang sampun sumedya kanti mardu mardikaning penggalih.

Para sesepuh, pinisepuh saha para rawuh kakung sumawana putri ingkang tuhu kinurmatan, sampun wonten sasmita bilih gatining adicara wonten ing wekdal menika sampun dumugi ing paripurna. Pramila mbok bilih anggen kula ndereaken adicara wiwit purwa, madya, dumugi ing wasana wonten kekiranganipun, saestu kula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksama.

Halaman
123
Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved