Kunci Jawaban SD

41 SOAL Bahasa Jawa Kelas 4 SD Semester 1 Kurikulum Merdeka Kunci Jawaban Ulangan

Bahan soal bahasa Sunda Kelas 4 semester 1 Kurikulum Merdeka. Wong kang pegaweane nglakokake sepur diarani.

TRIBUNPONTIANAK.CO.ID/DOY MELANO
Bahan soal bahasa Sunda Kelas 4 semester 1 Kurikulum Merdeka. Wong kang pegaweane nglakokake sepur diarani. 

Ing relief candhi kang mapan ing perenge gunung Lawu iku digambarake Raden Sadewa bisa ngruwat Batari Durga sing maune wujude raseksa bali dadi Dewi Uma kang sulistya ing warna.

Raden Sadewa uga duwe jeneng liya Raden Tangsen. Salah siji aji-aji sekti kang diduweni Raden Sadewa yaiku Aji Purnamajati.

Kang dadi ragil saka Pandhawa yaiku…..
a. Raden Arjuna
b. Raden Bima
c. Raden Sadewa
d. Raden Nakula

C

11. Jeneng liya saka Raden Sadewa sing bener yaiku….
a. Raden Tangsen
b. Raden Bayu Sena
c. Raden Gatutkaca
d. Raden Yudistira

A

Soal 12-15

Raden Werkudara

Raden Werkudara kuwi panenggake Pandhawa. Raden Werkudara kuwi satriya Jodhipati. Dedege Werkudara gagah gedhe dhuwur. Kalebu swarane uga gedhe jumleger. Apa maneh yen pinuju nesu, swarane kaya-kaya njugrukake gunung.
Nanging watake satriya pinunjul banget. Raden Werkudara ora seneng umuk, ora goroh, tur ora nate pamer kekuwatane. Kamangka Raden Werkudara kuwi sekti mandraguna. Wesi gligen wae bisa ditoklek nganggo tangane.
Raden Werkudara uga duwe kuku kang ampuh banget. Kukune mau bisa kanggo nyuwek-nyuwek cangkeme macan sing galak. Kukune Werkudara sing ampuh kuwi jenenge kuku pancanaka.
Sanajan nduweni kekuwatan kang linuwih satriya perkasa iki ora nduweni sifat kang gumedhe. Dheweke malah dhemen tetulung marang wong liya.

12. Sapa panenggake Pandhawa kuwi ?
a. Raden Janaka
b. Raden
c. Raden Puntadewa
d. Raden Nakula

B

13. Apa piandele Raden Werkudara kang tumemplek ana awake ?
a. Pancasana
b. Panah Pasopati
c. Wesi Gligen
d. Kuku Pancanaka

D

14. Ing ngendi kasatriyane Raden Werkudara ?
a. Mandakara
b. Pringgondani
c. Jodhipati
d. Madukara

C

Halaman 3/4
Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved