Breaking News

Ragam Contoh

4 Contoh Kalimat Pembukaan Pidato dalam Bahasa Jawa

pembukaan merupakan bagian penting, yang mampu menarik perhatian pendengar sekaligus memberikan gambaran tentang isi yang akan disampaikan.

Instagram
Contoh naskah pidato perpisahan di sekolah. 

Minangka pambukaning pepanggihan halal bi halal ing dalu menika mangga kita sedaya tansah memuji wonten ngarsanipun Allah SWT,Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, dene ing dalu menika kita sedaya sami saged rawuh wonten ing bale kalurahan utawi dalemipun Bapak/Ibu ingkang saperlu sami silaturahmi, halal bi halal, apura ingapura antawisipun para warga RT13/RW3.

Shalawat saha salam tansah kita aturaken konjuk Nabi Agung Muhammad Rasulullah SAW, minangka rohmatan lil alamin saha sampun nilaraken utawi marisaken agami Islam dhumateng kita sedaya, kanthi gegebengan kalih prekawis inggih menika Al Qur’an saha Al Hadis.

Menawi kekalih gegebengan menika tansah kita tindakaken kanthi temen, temen-temen lan tumemen, insya Allah gesang kita saged bagya mulya wonten ngalam donya dumuginipun alam delahan Amiin.

5. Acara pernikahan

Dumateng poro ulama’ lan poro kiyai.

Poro bapak lan poro bu nyai.

Poro undangan walimatul ursy ingkang kawulo tresnani.

Sederek sedoyo mas-mas, lan mbak-mbak pengantar kemanten ingkang nembe dugi.

Sedoyo wau ingkan tansah kuawulo hormati.

Sakderenge kawulo matur punopo ingkang bade kawulo aturaken, monggo sami muji syukur dumateng Gusti Pangeran kang Moho Mulyo.

Ingkang kanti rohmatipun meniko kito saget karoyo-royo nyempataken wekdal ninggal griyo, kanti niat giring prawan lan joko, ingkang sampun sah nembe kemawon dipun dikahno.

Sah menggahe hukum agomo lan tatanan negoro. Mugio kemanten kekaleh puniko, dipun paringi ridlo, dipun bundeli kanti ikatan tresno, mulai dadi garwo ngantos yuswo sami tuwo, ngantos gadah putro gadah putu tigang ndoso.

Kaping kaleh, mugio sholawat soho salam ugio tetep kaunjuk lan kaaturaken dateng Nabi akhiruzzaman, ingkang dados panutan medalaken saking kesesatan nuju jalan kebeneran lan keselametan, inggih puniko Nabi Muhammad SAW. Khoirul insan.

(*)

Informasi Terkini Tribun Pontianak Kunjungi Saluran WhatsApp

Ikuti Terus Berita Terupdate Seputar Kalbar Hari Ini disini

Halaman 3/3
Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di
KOMENTAR

Berita Terkini

© 2026 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved