Soal Kelas 7
CONTOH Soal Bahasa Jawa Kelas 7 Ulangan/Ujian Semester 1 Lengkap Kunci Jawaban UAS, SAS Bahasa Jawa
Ada beberapa contoh soal ulangan yang dirangkum dalam artikel ini untuk bahan belajar menghadapi ujian semester 1.
17. Ukara ing ngisor iki sing kalebu krama inggil yaiku ….
a. Kula dipunsukani duwet katah
b. Simbah dipunaturi sare wonten kamar
c. Adik lagi dolanan ana ing plataran
d. Bapak nembe kesah saking omah
Jawab : b
Esuk umun umun para kadhang tani tumandhang gawe menyang sawah, padha sayuk rukun makarya ing sawah kanthi sengkud, ana kang macul, ana kang ngresiki gulma, ana sing mupuk lsp, supaya nalika mangsa panen, asil panen apik lan nyenengake.
18. Tembung “ macul, ngresiki lan mupuk “ kalebu tembung ….
a. Wilangan
b. Kahanan
c. Panyilah
d. Kriya
Jawab : d
Para pangunjung yen kepengin lunga menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum.
19. Saka ukara ing ndhuwur, kang kalebu tembung ancer-ancer yaiku tembung ....
a. Menyang
b. Sendhang biru
c. Para pengunjung
d. Kendaraan umum
Jawab : a
20. Kang diarani pahlawan / tokoh iku minangka salah sawijining paraga kang bisa dadi patuladhan uga duweni gegayuhan marang nusa lan bangsa. Piyambakipun mimpin perang gerilya ing jaman penjajahan Walanda. Gambar ing ngisor iki tuladhane paraga kang melu nyengkuyung kanggo kamardikan Indonesia yaiku ….
a. B.J. Habibie
b. Gajah Mada
c. Jendral Sudirman
d. Drs, Mohammad Hatta
Jawab : c
Mbak Rani wingi lunga menyang Pekalongan arep tuku Batik.
21. Yen nganggo basa ngoko alus, yaiku ….
a. Mbak Rani kalawingi kesah dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik
b. Mbak Rani kalawingi tindhak dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik
c. Mbak Rani wingi tindhak menyang Pekalongan arep mundhut Batik.
d. Mbak Rani wingi kesah datheng Pekalongan arep mundhut Batik
Jawab : c
Gatekna macapat ing ngisor iki!
Gambuh
Laras Pelog Patet Barang
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa kapatuh,
Kapatuh pan dadi awon
21. Macapat ing dhuwur iku guru gatrane ana ….
a. 7 larik
b. 5 larik
c. 6 larik
d. 10 larik
Jawab : b
22. Guru wilangan ing tembang macapat ing dhuwur yaiku ….
a. 7, 10, 12, 8, 8
b. 7, 9, 10, 7, 8
c. 7, 7, 8, 8, 9, 9
d. 8, 10, 12, 7, 7
Jawab : a
23. Saben panggonan iku nduwe cara utawa adat dhewe-dhewe
Ukara ing dhuwur iku paribasane ….
a. c. Desa mawa cara, negara mawa tata
b. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung
c. Jer basuki mawa bea
d. Adigang adigung adiguna
Jawab : a
Lelabuhanipun Bung Hatta kangge Negara Indonesia kathah sanget, piyambakipun aktif wonten organisasi kepemudaan, salah satunggaling perjuwangan saking Bung Hatta inggih menika dados wakiling bangsa Indonesia ana ing Perundingan yaiku Konferensi Meja Bundar kang dianakake ing negari Walanda kang isine nyuwun datheng negara ing donya lan negri Walanda kedaulatan Indonesia amargi bangsa Walanda iku melu ngatur pemerintahan Indonesia kamangka Indonesia wis mardika. Saliyane iku Bung Hatta uga gadhah jejuluk yaiku Bapak Koperasi Indonesia amarga kiprahipun kangge kesejahteraan lan kemakmuran masyarakat damel koperasi.
24. Teks kasebut ing dhuwur kalebu struktur bageyan ….
a. Surasa
b. Wasana
c. Pambuka
d. Idhentifikasi
Jawab : a
Aku tuku gula ing pasar
Kula tumbas gendhis wonten ing peken
Kula mundhut gula ing peken
Kula mundhut gendhis ing peken
25. Ukara ing dhuwur kang kalebu basa ngoko lugu yaiku nomer ….
a. 1
b. 2
c. 3
d. 4
Jawab : a
26. Bocah-boah lagi mloya-mlayu ing lapangan kidul desa.
Ukara ing dhuwur iku sing kalebu tembung dwilingga salin swara yaiku ….
a. Bocah-bocah
b. Mloya-mlayu
c. Lapangan
d. Kidul desa
Jawab : b
27. Anak wedus jenenge cempe, yen anak sapi jenenge ….
a. Bledug
b. Beyes
c. Pedet
d. Cemeng
Jawab : c
28. Bayu, braja, maruta, pawana lan samirana iku dasanamane ….
a. Langit
b. Geni
c. Angin
d. Bumi
Jawab : c
29. Gagasan pokok kang dadi dhasaran kanggo ngembangake carita diarani ….
a. Tema
b. Judul
c. Alur
d. Pachelaton
Jawab : a
30. Babagan sing ora perlu dilaporke ing dalem nulis palaporan tulisan yaiku ….
a. Sing diamati
b. Wektu ngamati
c. Panggonan ngamati
d. Bekal Ngamati
Jawab : d
32. Tanduran kang wite mrambat ing lemah iku diarani ….
a. Pala wija
b. Pala kesimpar
c. Pala kependhem
d. Pala kitri
Jawab : b
Gunung Arjuna yen didheleng saka kutha Malang mligine tlatah Singosari katon ijo royo royo, ing lembah utawa kaki gunung kaya kaya astane satria kang gagah prakosa njaga alam ing sakiwa tengene.
33. Miturut tata rakite utawa jenise tembung, tembung “saka” kalebu tembung ancer ancer amarga tembung saka….
a. Sesulihing Gunung Arjuna
b. Nerangake kaendahan ing Gunung Arjuna
c. Kanggo nerangake pangrasa ndheleng Gunung Arjuna
d. Kanggo nyambung tembung di dheleng karo Kutha Malang
Jawab : d
Agrowisata Kebun Teh Wonosari minangka salah satunggaling papan wisata kang asri ana ing wewengkon Kutha Malang. Dumunung kira kira 6 km saka Lawang lan 30 km saka Malang, ana ing lerenge Gunung Arjuna, mula hawane adhem
34. Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ....
a. Kolaborasi
b. Idhentifikasi
c. Klasifikasi
d. Deskripsi bageyan
Jawab : b
Adikku nggawa buku Basa Jawa kanggo sinau
35. Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ….
a. Upaya
b. Wektu
c. Tujuan
d. Panggonan
Jawab : c
Cek Berita dan Artikel Mudah Diakses di Google News
40 Soal Seni Budaya Kelas 7 SMP Semester 1 K Merdeka Lengkap Kunci Jawaban Soal Ulangan/Ujian SBdP |
![]() |
---|
40 Soal PJOK Kelas 7 SMP MTs Semester 1 K Merdeka Lengkap Kunci Jawaban Soal Ulangan/Ujian Penjaskes |
![]() |
---|
50 Soal Alquran Hadist Kelas 7 Ulangan/Ujian Semester Ajaran 2025/2026 Lengkap Kunci Jawaban Essay |
![]() |
---|
50 Soal Fiqih Kelas 7 MTs Ulangan/Ujian Semester Tahun Ajaran 2025/2026 Lengkap Kunci Jawaban Essay |
![]() |
---|
40 Soal Bahasa Bali Kelas 7 Ulangan/Ujian Semester Tahun Ajaran 2025/2026 Lengkap Kunci Jawaban Esai |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.