Wayang
Wayang iku salah sawijining seni kang diduweni dening wong masyarakat Jawa.
Saking adiluhurnge seni wayang, ora mung tinemu ing masyarakat Jawa, nanging uga tinemu ing masyarakat liya kayata Sunda, Sasak, Banjar, Minang, malah tekan jaba negara.
Seni wayang iku akeh banget jenise, kayata wayang beber, wayang kulit, wayang wong, wayang kancil, wayang wahyu, lan liya – liyane.
Salah sijine seni wayang kang moncer dhuwur nganti sakiki yaiku wayang kulit purwa.
Sumbere lakon wayang kulit purwa saka kitab Mahabarata lan Ramayana kang asline saka India.
Ing mangsa keri – keri iki lakon wayang purwa dikebaki lakon carangan.
31. Apa irah – irah wacan ing nduwur kuwi?
a. Jawa
b. Purwa
c. Wayang
d. Mahabarata
Jawaban: C
32. Wayang iku salah sawijining seni kang diduweni dening wong?
a. Aceh
b. Sumatra
c. Bali
d. Jawa
Jawaban: D
33. Jenise wayang werna – werna, nanging wayang kang moncer dhewe nganti sakiki yaiku wayang?
a. Uwong
b. Thengul
c. Kulit purwa
d. Golek
Jawaban: C
34. Pandhawa kuwi ana ing lakon ........
a. Ramayana
b. Anoman
c. Tripama
d. Mahabarata
Jawaban: D
35. Pandhawa kuwi ana limo kajaba...........
a. Yudhistira
b. Arjuna
c. Nakula
d. Pandhu
Jawaban: D
36. Dursasana kuwi ana ing pihak ...........
a. Alengka
b. Amarta
c. Kurawa
d. Pandhawa
Jawaban: C
37. Aja rame – rame, ibuku lagi......
a. Turu
b. Mangan
c. Adus
d. Sare
Jawaban: D
38. Saiki aku ( garap ) PR Basa jawa dhisik.
Tembung garap benere.......
a. Nggarap
b. Digarap
c. Garapen
d. Kokgarap
Jawaban: A
39. Amarga bukak lapangan kerja dhewe, mas Witono diarani..........
a. Direktur
b. Mandhor
c. Manager
d. Wiraswasta
Jawaban: D
40. Wis (tutur) ibune bola- bali tetep ora digugu.
Tembung tutu benere......
a. Dituturi
b. Daktuturi
c. Nuturi
d. Koktuturi
Jawaban: A
41. Papan kanggo turu dara arane pagupon.
Yen papan kanggo turu jaran yaiku..........
a. Kandang
b. Tarangan
c. Gedongan
d. krangkeng
Jawaban: C
42. Mripate blalak- blalak, yen untune...........
a. Miji mas
b. Ngandan-andani
c. Mijil timun
d. ngolan – olan
Jawaban: C
43. Kinanthi, pangkur, pucung iku kalebu tembang..............
a. Dolanan
b. Gedhe
c. Cilik
d. macapat
Jawaban: D
44. Kang diarani sato iwen yaiku.........
a. Pitik, bebek, menthok
b. Gajah, macan, sapi
c. Manuk, wedhus, kebo
d. jaran, sapi, kebo
Jawaban: A
45. Ibu mundhut roti.
sing kadapuk jejer ing ukara ndhuwur yaiku?
a. Mundhut
b. Roti
c. Ibu
d. salah kabeh
Jawaban: C
46. Nakula sadewa iku putrane.........
a. Pandhu
b. Gatutkaca
c. Werkudara
d. janaka
Jawaban: A
47. Rujak polo iku gamane.........
a. Werkudara
b. Nakula
c. Arjuna
d. dasamuka
Jawaban: A
48. Tembang macapat iku cacahe ana pira?
a. 9
b. 11
c. 10
d. 8
Jawaban: B
(*)
- Baca Berita Terbaru Lainnya di GOOGLE NEWS
- Dapatkan Berita Viral Via Saluran WhatsApp
!!!Membaca Bagi Pikiran Seperti Olahraga Bagi Tubuh!!!