5. Tibane swara vokal ing pungkasane gatra diarani ....
a. guru gatra
b. guru lagu
c. guru sastra
d. guru wilangan
Jawaban: B
6. Rembugan ana sangarepe wong akeh kanthi ngandarake sawijining gagasan diarani ...
a. tanggap wacana
b. atur pambuka
c. micara
d. nyemak
Jawaban: A
7. Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung.
Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring, Yen lumaku si pucung ngumbar swara.
Tembang pocung ing dhuwur batangane ....
a. sepur
b. kalung
c. ula
d. sabuk
Jawaban: A
8. Dina Sabtu lan Minggu sajroning liburan semester kepungkur bocah-bocah kelas enem SDN Tanggungan Gudo nganakake perkemahan sabtu malam minggu ing Bhumi Perkemahan Wonosalam Kecamatan Wonosalam Kabupaten Jombang jam pitu esuk dina Sabtu, bocah-bocah lan Bapak Ibu Guru wis padha ngumpul ing sekolahan. Budhale numpak bis Indah Jaya.
Irah-irahan (judul) perangan karangan ing dhuwur yaiku....
A. Dina Sabtu lan Minggu ana kemah
B. Bocah-bocah kelas VI kemah
C. Kemah pramuka ing Wonosalam
D. Sabtu lan Minggu ing Bhumi Perkemahan
Jawaban: C
9. Unen-unen sing kudhu dibadhek utawa dibatang maksude diarani....
A. cangkriman
B. paribasan
C. geguritan
D. saloka
Jawaban: A
10. bapak pucung dudu watu dudu gunung
sangkamu ing sabrang
ngon-ingone sang bupati
yen lumampah, si pucung lembehan grana
Batangane tembang ing dhuwur yaiku....
A. gajah
B. sepur
C. macan
D. sepeda
Jawaban: A
11. Udin iku bocahe isinan, ora kaya kanca-kancane.
Tembung isinan iku tegese ...
A seneng ngisin-ngisini
B ora isin blas
C Gampang isin
D ora duwe isin
Jawaban: C
12. Bocah kuwi lungguhe antheng kitiran.
Tegese sanepa ing dhuwur yaiku ....
A tansah polah ora bisa meneng
B tansah antheng banget
C tansah ajeg ora bisa obah
D tansah tengok-tengok nganti keturu
Jawaban: A
13. Ukara ing ngisor iki sing kalebu krama inggil yaiku ...
A Simbah dipunaturi sare wonten kamar
B Kula dipunsukani duwet katah
C Adik lagi dolanan ana ing plataran viii
D Bapak nembe kesah saking omah
Jawaban: A
14. Saben sore, Siti nyapu latar.
Tembung nyaponi linggane ....
A nyapu
B disaponi
C nyaponi
D sapu
Jawaban: D
15. Kembang ning ngarep omahku wis (siram) mulane katon seger.
Tembung siram benere ....
A sirami
B nyirami
C daksiram
D nyiram
Jawaban: C
16. Sagung para rawuh sadaya.
Mugi pinayungan nugraha yekti.
Asih tresna Allah satuhu.
Tansaha kasasira.
Puja puji syukur saha sembah sujud.
Konjuk ing ngarsa paduka.
Gusti Allah Maha Suci.
Tembang macapat ing dhuwur iku guru gatrane ana ... larik.
A 6
B 5
C 8
D 7
Jawaban: D
17. Sekar gambuh ping catur.
Kang cinatur polah kang kalantur.
Tanpa tutur katula-tula katali.
Kadaluwarsa kapatuh.
Kapatuh pan dadi awon Guru wilangan ing tembang macapat ing dhuwur yaiku ....
A 7, 9, 10, 7, 8
B 7, 10, 12, 8, 8
C 7, 7, 8, 8, 9, 9
D 8, 10, 12, 7, 7
Jawaban: B
18. Tembang sing dudu tembang macapat yaiku ....
A Asmaradana
B megatruh
C cublak-cublak suweng
D kinanthi
Jawaban: C
19. Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung.
Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring.
Yen lumaku si pucung ngumbar swara.
Tembang pocung ing dhuwur batangane ....
A sepur
B kalung
C ula
D sabuk
Jawaban: A