11. Kepala sekolah maringi pidhato marang para siswa prayogane migunakake basa…
A. Ngoko
B. Krama
C. Kedhaton
D. Kramantara
E. Krama alus
B
12. Cacahing wanda ing saben sagatra diarani guru…
A. Gatra
B. Lagu
C. Wilangan
D. Dhong dhing
E. Satra
C
13. Ing ngisor iki sing kalebu tembung garba yaiku...
A. Aywa
B. Sireki
C. Karasa
D. Praptaning
E. Sedya
B
14. Ing ngisor iki gatra tembang kang nggunakake puwakanthi yaiku...
A. Dudu pocape pribadi
B. Ing kono yekti karasa
C. Wawasen wuwus sireki
D. Marma den sembadeng sedya,
E. Aywa sembrana ing kalbu,
C
15. Nembang macapat, supaya penak dirungokake kudu pas karo titilarase.
Tegese titilaras yaiku...
A. Notasi
B. Cengkok
C. Cakepan
D. Pathokan
E. Pocapan
A
16. Kang dadi titikane cerkak kajaba .....
A. Isine ngayawara
B. Bisa diwaca rampung wiwitsepisan maca
C. Padhet isi lan tujuan enggal digayuh
D. Isine prasaja
E. Wektu kedadean cekak
B
17. Tembung kulup lan tembung aneda nduweni teges...
A. Anak, lakon
B. Anak, usaha
C. Anak, siang
D. Siang, usaha
E. Lakon, anak
B
18. Larik angulah lantiping ati nduweni teges...
A. Ngolah kadigdayan
B. Ngolah kesabaran
C. Ngolah kapinteran
D. Ngolah rasa batin
E. Ngolah laku tapa