Dadi murid kudu sing pinter
Unen-unen iki jenenge ....
a. paribasan c. bedhekan
b. parikan d. wangsalan
15. Bapak nonton wayang, aku nonton dhangdhut. Yen dadi basa karma ....
a. Bapak ningali wayang, kula ningali dhangdhut.
b. Bapak mirsani wayang, kula ningali dhangdhut.
c. Bapak ningali wayang, kula mirsani dhangdhut.
d. Bapak mirsani wayang, kula mirsani dhangdhut.
16. Manawa wangsulane/jawabane “iya”, pitakon kang mathuk/cocok yaiku ...
a. Pira regane tas iki? c. Sapa jenenge bapakmu?
b. Apa omahmu ing Kebumen? d. Kapan kowe sunat?
17.Wit gedhang jenenge debog. Yen wit krambil jenenge ...
a. pucang c. glugu
b. lung d. tebon
18.Simbah nembe mriksakaken ... dhateng Puskemas.
a. padharanipun c. untune
b. mripate d. sikile
19.Cacahing wanda/jumlah suku kata saben sagatra/salarik diarani ...
a. guru gatra c. guru wilangan
b. guru lagu d. dhondling
20.Aku wingi kodanan, sandhanganku teles ...
a. blas c. njejet
b. mbethethet d. kebes
21.Aksara jawa cacahe/jumlahe ana ...
a. 18 c. 20
b. 19 d. 21