TRIBUNPONTIANAK.CO.ID - Berikut ini soal latihan terbaru Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 1 lengkap dengan kunci jawaban.
Seluruh soal ini akan menjadi panduan dalam menghadapi ujian sekolah pada semester ini.
Untuk itu ikuti seluruh soal dengan seksama sebagai pembelajaran.
Terdiri dari soal pilihan ganda dan soal isian yang sudah dilengkapi dengan kunci jawaban.
Maka dari itu pastikan untuk memperbanyak soal latihan ini secara seksama.
Pastikan untuk meningkatkan pembelajaran melalui soal latihan ini.
Baca juga: JAWABAN Soal SAS/PAS Prakarya Kelas 11 Semester 1 Ujian Sekolah Terbaru Pilihan Ganda
Soal Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 1
1. Wong-wong yen lunga ing pasar biasane arep ….
a. Adus
b. Mangan
c. Rapat
d. Blanja
Jawaban: D
2. Mbak Santi nembe sare wonten kamar
Basa ngokone ukara ing dhuwur yaiku ….
a. Mbak Santi lagi mangan ana kamar
b. Mbak Santi lagi tata-tata ana kamar
c. Mbak Santi lagi turu ana kamar
d. Mbak Santi lagi istirahat ana kamar
Jawaban: C
3. Bapak teka ana ngomah jam wolu bengi.
Pitakon kang bener kanggo wangsulan ing dhuwur yaiku ….
a. Sapa sing teka jam wolu bengi?
b. Ana ngendi bapak teka wingi bengi?
c. Kapan bapak teka ana ngomah?
d. Kepriye bapak bisa teka jam wolu bengi?
Jawaban: C
4. Sinta kui bocah sing gemi lan setiti. Gemi tegese ….
a. Ora gampang lali pelajaran
b. Ora gelem ngomong goroh
c. Pinter ngirit duwet sing diduweni
d. Seneng tetulung marang kancane
Jawaban: C
5. Kembange lagi (siram) Putri supaya subur.
Tembung ing njero kurung iku sing bener yaiku ….
a. Nyirami
b. Siraman
c. Siramen
d. Disirami
Jawaban: D
6. Tembung ing ngisor iki sing ora kalebu penggawean yaiku ….
a. Nahkoda
b. Masinis
c. Sopir
d. Stasiun
Jawaban: D
7. Bayu yen wes gedhe pengen dadi dhalang, supaya bisa ….
a. Ngobati wong lara
b. Nglakokake wayang
c. Nglakokake montor mabur
d. Ndadani montor sing rusak
Jawaban: B
8. Hasan : “ ……”
Rudi : “ Aku yen gedhe kepengen dadi dokter.”
Pitakonan sing pas kanggo jangkepi pachelaton ing dhuwur yaiku …
a. Kowe pengen nang ngendi yen wes gedhe?
b. Kowe pengen sekolah ana ing ngendi?
c. Kenapa kowe kepengen dadi dokter?
d. Kowe yen gedhe kepengen dadi apa?
Jawaban: D
9. Ukara ing ngisor iki sing ora nganggo katrangan panggonan yaiku ….
a. Bayu mangan roti bolu ing wektu esuk
b. Jaya lagi dolanan ana ing lapangan
c. Santi lagu nyapu ana ing latare
d. Ahmad tumbas beras ana ing pasar
Jawaban: A
10.
Aksara Jawa ing dhuwur iku unine ….
a. Ibu menyang sawah
b. Bapak menyang kantor
c. Ibu menyang pasar
d. Hadi menyang sekolah
Jawaban: C
11. Wong sing penggaweane ana ing sawah diarani ….
a. Nelayan
b. Petani
c. Pedagang
d. Dokter
Jawaban: B
12. Wit pari jenenge damen, yen wit jagung jenenge ….
a. Glugu
b. Ros
c. Tebon
d. Sinuwun
Jawaban: C
13. Pak Diki dodolan ana ing pasar
Ukara ing dhuwur iku basa kramane ….
a. Pak Diki sadean wonten ing peken
b. Pak Diki tumbas wonten ing peken
c. Pak Diki piwulang wonten ing peken
d. Pak Diki tindak wonten ing peken
Jawaban: A
14. Tanduran sing ditandur ana ing tegakan sak liyane pari kaya jagung, kedhele lan kacang iku diarani ….
a. Palawija
b. Pala kesimpar
c. Pala kependhem
d. Pala kitri
Jawaban: A
15. Wedang kopi, gula Jawa
Aja lali, …..
Terusane parikan ing dhuwur sing pas yaiku ….
a. Gawa gula
b. Ndang diumbe
c. Karo kanca
d. Kudu mbayar
Jawaban: C
16. Ing ngisor iki beksan klasik sing kanggo putri, kajaba ….
a. Gambyong
b. Golek
c. Gambir anom
d. Srimpi
Jawaban: C
17. Semar, bagong, petruk lan Gareng iku diarani ….
a. Kurawa
b. Punakawan
c. Ramayana
d. Pandhawa
Jawaban: B
18. Raden Gathutkaca iku satriya ing ….
a. Pringgandani
b. Plangkawati
c. Jodhipati
d. Ngastina
Jawaban: A
19.
Gambar wayang ing dhuwur yaiku Raden ….
a. Puntadhewa
b. Werkudara
c. Janaka
d. Nakula
Jawaban: C
20.
Aksara Jawa ing dwuwur iku unine ….
a. Rahayu tuku gula
b. Rahayu tuku buku
c. Ayuk tuku buku
d. Bayu tuku gula
Jawaban: A
21. Raden Anoman iku satriya ing ….
a. Jangkarbumi
b. Kendhalisada
c. Plangkawati
c. Madukara
Jawaban: B
22. Permadi, Arjuna lan Janaka iku asma liane saka Raden Janaka. Asma iku tegese ….
a. Gaman
b. Garwa
c. Jeneng
d. Putra
Jawaban: C
23. Wong, beber, golek, klitihik lan purwa iku jenis-jenise ….
a. Punakawan
b. Wayang
c. Layang
c. Dhalang
Jawaban: B
24. Kanggo njaga supaya desa lan lingkungan tetep aman lan ayem tentrem, para warga perlu ngadakake …. ing wayah wengi.
a. Kerja bakti
b. Gugur gunung
c. Kentongan
d. Siskamling
Jawaban: D
25. Tata tentreming bebrayan iku dadi tanggung jawabe ….
a. Pak RT
b. Kepala desa
c. Ketua RW
d. Kabeh warga
Jawaban: D
Soal Isian Terbaru
1. Bu Ani iku guru beksan ing sanggar Kencana. Tembung beksan iku lugune yaiku ….
Jawaban: Tari
2. Raden Arjuna iku satriya ing ….
Jawaban: Madukara
3. Otot kawat balung wesi iku candrane Raden ….
Jawaban: Gathotkaca
4. Semangka, timun, krai lan waluh iku kalebu jenis pala ….
Jawaban: Kesimpar
5.
Aksara Jawa ing dhuwur iku unine ….
Jawaban: Nakula Sadewa