10. Bakune gagasan (pokok pikiran) sing bisa dijupuk saka pada 1 wacana kasebut, yaiku ....
a. dadi wong iku santai wae
b. wong urip iku ora usah ngaya, mangan lan turu kudu cukup
c. dadi wong iku antarane nyambut gawe lan istirahat kudu cukup
d. wong urip iku kudu akeh nglatih dhiri supaya pinter, aja mung nggedhekake mangan lan turu
Jawaban : d
11. Tegese ukara dadia lakunireku lan aja sukan-sukan ing pada 2 wacana
kasebut, yaiku dadi wong iku aja mung urip ....
a. sedhih
b. susah
c. prasaja
d. seneng-seneng
Jawaban : d
12. Tibane swara vokal ing pungkasane gatra diarani ....
A. guru gatra
B. guru lagu
C. guru sastra
D. guru wilangan
Jawaban: B
13. Sagung para rawuh sadaya, Mugi pinayungan nugraha yekti, Asih tresna Allah satuhu, Tansaha kasasira, Puja puji syukur saha sembah sujud, Konjuk ing ngarsa paduka, Gusti Allah Maha Suci.
Tembang macapat ing dhuwur iku guru gatrane ana ... larik
A. 6
B. 5
C. 8
D. 7
Jawaban: D
14. Sekar gambuh ping catur, Kang cinatur polah kang kalantur, Tanpa tutur katula-tula katali, Kadaluwarsa kapatuh, Kapatuh pan dadi awon Guru wilangan ing tembang macapat ing dhuwur yaiku ....
A. 7, 9, 10, 7, 8
B. 7, 10, 12, 8, 8
C. 7, 7, 8, 8, 9, 9
D. 8, 10, 12, 7, 7
Jawaban: B
15. Tembang sing dudu tembang macapat yaiku ....