Jawaban: B
17. Kang dadi sumbere crita ing crita cerkak yaiku .....
A. Tokoh D. Setting
B. Amanat E. Tema
C. Alur
Jawaban: E
wacan kanggo soal nomor 18
1. Marma den taberi kulup
2. Bengkas kahadaning driya
3. Supaya dadya utami
4. Angulah lantiping ati
5. Rina wengi den aneda
6. Pandak-panduking pambudi
18. Urut-urutane tembang kasebut, kang leres yaiku...
a. 1, 4, 5, 6, 2, 3
b. 1, 5, 4, 6, 2, 3
c. 1, 4, 5, 2, 6, 3
d. 1, 4, 5, 6, 3, 2
e. 1, 2, 5, 6, 4, 3
Jawaban : A
19. Larik kang nduweni teges saben wayah kudu temen olehe usaha yaiku gatra...
a. Bengkas kahadaning driya,
b. Rina wengi den aneda.
c. Angulah lantiping ati,
d. Samangsa wis kawistara,
e. Landhepe mingis mingis,
Jawaban : B
20. Wosing tembang kasebut yaiku...
a. Nglakoni prithatin lan ngudi ilmu supaya dadi utama penguripane
b. Ngilangake rasa samar lan tansah waspada iku bisa ngendhaleni hawa nepsu
c. Aja tumidhak sakepenake dhewe amarga urip akeh pacoban, mulu kudu ati-ati
d. Ngelmu kang sejati iku ora jail, meri lan ngaya, anane mung antenging ati
e. Angkara murka bisa dikendhaleni nganggo laku batin
Jawaban : A
21. Larik angulah lantiping ati nduweni teges...
a. Ngolah kadigdayan
b. Ngolah kesabaran
c. Ngolah kapinteran
d. Ngolah rasa batin
e. Ngolah laku tapa
Jawaban : D
22. Papan lan wektu kadadeyan ing crita diarani…
a. Alur
b. Latar
c. Paraga
d. Watak
e. Tokoh
Jawaban : D
23. Kepala sekolah maringi pidhato marang para siswa prayogane migunakake basa…
a. Ngoko
b. Krama
c. Kedhaton
d. Kramantara
e. Krama alus
Jawaban : B
24. Cacahing wanda ing saben sagatra diarani guru…
a. Gatra
b. Lagu
c. Wilangan
d. Dhong dhing
e. Satra
Jawaban : C
25. Ing ngisor iki sing kalebu tembung garba yaiku...
a. Aywa
b. Sireki
c. Karasa
d. Praptaning
e. Sedya
Jawaban : B