Soal Kelas 4

Soal Ulangan Kelas 4 SD/MI Semester 2 Tahun 2023 Lengkap Kunci Jawaban UAS/PAT Bahasa Jawa

Editor: Syahroni
AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

Kumpulan soal ulangan Bahasa Jawa kelas 4 SD terbaru tahun 2023 lengkap kunci jawaban soal.

12. Sinom iku kelebu tembang . . . .

A. Pilihan
B. Dolanan
C. Macapat
D. Wajib

Jawaban: C

Wacanen crita rakyat ing ngisor kanthi permati!

Cindelaras

Raden Putra raja ing Jenggala duwe garwa loro yaiku Dewi Limaran lan Dewi Cindaka padha ayune, nganti ora bisa dibedaake. Sing mbedakake mung sipate. Menawa Dewi Limaran watake becik. Nanging Dewi Cindaka culika.

Ringkasing crita amarga pitraeh Dewi Cindaka, Dewi Limaran di tundhing lunga Raden Putra. Sabanjure Dewi Limaran lunga saparan-paran nganti tumeka alas. Kamangka dheweke lagi ngandhut. Dina ginanti dina, wulan ginanti wulan, Dewi Limaran banjur babaran. Anake miyos lanang, diparapi Cindhelaras.

13. Irah-irahan wacan ing duwur yaiku ....

A. Raden Putra
B. Dewi Limaran
C. Dewi Cindaka
D. Cindelaras

Jawaban: D

14. Kepriye Sipate Dewi Limaran  ….

A. Becik
B. Culika
C. Pelit
D. Eman

Jawaban: A

15. Kepriye sipate Dewi Cindaka ….

A. Becik
B. Culika
C. Pelit
D. Eman

Jawaban: B

16. Nyambut gawe bebarengan diarani …..

A. Rembugan
B. Dolanan
C. Sambatan
D. Gotongan

Jawaban: C

17. Jumlah gatra ing tembang gambuh ana ....

A. papat                             
B. lima                             
C. Enem
D. Pitu

Jawaban: B

18. Muslih mengeti dina kelairane.
      Ukara pitakon sing bener . . . .

A. Sapa sing mengeti dina kelairane ?
B. ing ngendi Muslih mengeti dina kelairane ?
C. Kapan Muslih mengeti dina kelairane ?
D. Kenang apa Muslih mengeti dina kelairane ?

Jawaban: A

19. Bapak lunga menyang surabaya, basa kramane ….

A. Bapak kesah menyang Surabaya
B. Bapak tindak dhateng Surabaya
C. Bapak tindak menyang Surabaya
D. Bapak kesah dhateng Surabaya

Jawaban: B

20. Becike menawa matur marang ibu bapak nganggo basa ....

A. Ngoko lugu
B. Ngoko alus
C. Nrama alus
D. krama lugu

Jawaban: C

Cek Berita dan Artikel Mudah Diakses di Google News

 

Berita Terkini