Soal Kelas 11

Contoh Soal Bahasa Jawa Kelas 11 Ulangan/Ujian Semester 2 2023 Lengkap Kunci Jawaban Bahasa Jawa

Editor: Syahroni
AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

Kumpulan soal dan jawaban ulangan Bahasa Jawa kelas 31 SMA tahun 2023.

Upamane wong lumaku,
Marga gawat den liwati,
Lamun kurang ing pangarah,
Sayekti karendhet ing ri,
Apese kasandhung padhas,
Babak bundhas anemahi.

10. Upamane wong lumaku, Marga gawat den liwati nduweni teges...
a. Bakal entuk kacilakan sadalan dalan
b. Sidane bakal kelaran awake dhewe
c. Wong kudu ati-ati ben slamet uripe
d. Yen awak dhewe kurang ati-ati
e. Mlaku ing dalan kang kebak bebaya

Jawaban : E

Baca juga: Soal Bahasa Indonesia Kelas 11 Ulangan/Ujian Akhir Semester 2 Tahun 2023 Lengkap Kunci Jawaban UAS

11. Yen awak dhewe kurang ati-ati iku tegese saka gatra...
a. Sayekti karendhet ing ri,
b. Apese kasandhung padhas,
c. Lamun kurang ing pangarah
d. Babak bundhas anemahi.
e. Upamane wong lumaku

Jawaban : C

12. Kang kudu ana ing sajroning crita kanggo mangun amrih dadi crita kang gampang dinalar, iku diarani unsur .....
A. Ekstrinsik  D. Internal
B. Intrinsik    E. Ekstrim
C. Eksternal

Jawaban: B

13. Tataran gawe sinopsis iku kajaba .....
A. Maca naskah asli
B. Nyatet pikiran-pikiran utama saben saparagraf
C. Adhedasar pikiran pokok sing dirangkum gawea tulisan cerkak
D. Sinopsis diwaca ulang banjur direvisi
E. Dialog lan monolog aja diialangi

Jawaban: E

Aywa sembrana ing kalbu,
Wawasen wuwus sireki,
Ing kono yekti karasa,
Dudu ucape pribadi,
Marma den sembadeng sedya,
Wewesen praptaning uwis.

14. Pranyatan kan jumbuh kalian tembang ing nginggil yaiku...
a. Wawasane kudu jembar
b. Wong kudu pinter guneman
c. Yen guneman kudu ati-ati
d. Ucape pribadhi iku sing paling bener
e. Wong sembada iku yen duwe kekarepan

Jawaban : C

15. Tembang kinanthi kasebut dumadi saka....
a. 1 gatra 6 pada
b. 1 pada 6 gatra
c. 1 pada 6 wanda
d. 1 wanda 6 gatra
e. 1 gatra 6 wanda

Jawaban : B

16. Wawasen wuwus sireki. Tembung wuwus duweni teges...
a. Ucap
b. Uwis
c. Pekerti
d. Tumindak
e. Karep

Halaman
1234

Berita Terkini