Jawaban : b
5. Wong sing nglakokakelan crita wayang diarani ….
a. sungging
b. sinden
c. niyaga
d. dhalang
Jawaban : d
6. Arum : Dita, kowe oleh ulem apa ora ?
Dita : Ulem saka sapa ?
Arum : ….
Ukara kanggo ganepi pacelathon ing dhuwur yaiku ….
a. Dita oleh ulem
b. Aku arep ngadho
c. Ngesuk Minggu
d. Nining arep ulang tahun
Jawaban : d
Raden Werkudara
Raden Werkudara kuwi panenggake Pandhawa. Raden Werkudara kuwi satriya Jodhipati. Dedege Werkudara gagah gedhe dhuwur. Kalebu swarane uga gedhe jumleger. Apa maneh yen pinuju nesu, swarane kaya-kaya njugrukake gunung.
Nanging watake satriya pinunjul banget. Raden Werkudara ora seneng umuk, ora goroh, tur ora nate pamer kekuwatane. Kamangka Raden Werkudara kuwi sekti mandraguna. Wesi gligen wae bisa ditoklek nganggo tangane.
Raden Werkudara uga duwe kuku kang ampuh banget. Kukune mau bisa kanggo nyuwek-nyuwek cangkeme macan sing galak. Kukune Werkudara sing ampuh kuwi jenenge kuku pancanaka.
Sanajan nduweni kekuwatan kang linuwih satriya perkasa iki ora nduweni sifat kang gumedhe. Dheweke malah dhemen tetulung marang wong liya.
7. Sapa panenggake Pandhawa kuwi ?
a. Raden Janaka
b. Raden
c. Raden Puntadewa
d. Raden Nakula
Jawaban : b
8. Apa piandele Raden Werkudara kang tumemplek ana awake ?
a. Pancasana
b. Panah Pasopati
c. Wesi Gligen
d. Kuku Pancanaka