Jawab : a
Ibu saben tahun mesti numbasake klambi anyar kanggo anak pambarep, ananging anak nomer loro ora nate ditumbasake, mung diwenehi lungsuran (bekas). Tumindhake ibuk kaya dene (emban cindhe, emban ciladhan)
15. Bebasan ing ndhuwur ndeweni teges ….
a. Rukun
b. Ora adil
c. Ora rukun
d. Meri-merian
Jawab : b
Wong tuwa iku olehe nyambut gawe mulai isuk sampek sore ora asuh, sing siji rampung, sijine maneh kudu enggal ditandhangi maneh
16. Wong tuwo ing cerita ndhuwur kaya papindhan kang tegese ….
a. Niba nangi
b. Lintang alihan
c. Ngaru napung
d. Kuthuk kelangan babon
Jawab : c
Laila bocah ndesa kang penggawehane nggolek kayu ning alas kanggo masak iku ora duwe apa-apa, ora tau sekolah, nanging kepingin dadi penguasa.
17. Nasibe Laila kaya paribasan ….
a. Cebol nggayuh lintang
b. Adang-adang tetesi embun
c. Durung pecus keselak becus
d. Blibu tau, pinter durung nglakoni
Jawab : a
18. Jinis ragam basa manut panganggone sing trep manut unggah-ungguh yaiku ….
a. Basa tulis-basa lisan
b. Basa ngoko-basa krama
c. Basa formal-basa informal
d. Basa gancaran-basa sastra
Jawab : a
Ujare si mbah, dadi cah putri kudu bisa gemi, nastiti, lan ngati-ati, amarga yen sampun urip ing masyarakat bakal katiti sapa sing salah musti seleh. Mula aku kang saderma puthu bisane mung nyadong dawuh, kudu temen ing lelaku lelampah wewarah kang diaturke si mbah.
19. Ukara ing nduwur kang trep/cocok kanggo purwakanti guru swara yaiku ….
a. Sapa sing salah musti seleh
b. Bisane mung nyadong dawuh
c. Lelampah wewarah kang diaturke si mbah
d. Cah putri kudu bisa gemi, nastiti, lan ngati-ati
Jawab : b
20. Ragam basa formal lan informal iku ragam basa sing dititik saka ….
a. Wilayahe
b. Situasine
c. Panganggone
d. Sapa sing nganggo
Jawab : d
21. Ragam dhialek Surabayaan, Bojonegoroan, Malangan lan sapanunggalane iku pamerange ragam basa sing dititik saka ….
a. Wilayahe
b. Situasine
c. Panganggone
d. Sapa sing nganggo
Jawab : a
Wong iku yen disawang ketoke bodho lan ora iso opo-opo, nanging nyatane pinter lan nduweni kearifan kang dhuwur, sugih pisan
22. Wacan ing ndhuwur kaya saloka ….
a. Bolu isi madu
b. Dom sumurup banyu
c. Cecak nguntal empyak
d. Adigang, adigung, adiguna
Jawab : a
Pitik Blorok Manak Siji, Ujare Kapok Malah Ndadi
23. Ukara ing ndhuwur kalebu tuladhane ….
a. Saloka
b. Parikan
c. Bebasan
d. Paribasan
Jawab : b
1. Cah kae pancen trah darah biru
2. Aja ngagemi laku adigang, adigung, adiguna
3. Ngilmu iku linuwih pangaji tinimbang arto mengewu-ewu
4. Kacang kacuk ora bakal enak dipangan
24. Ukara ing ngisor iki kang ngemu Purwakanti guru sastra ….
a. Setunggal
b. Sekawan
c. Kalih
d. Tiga
Jawab : c
Pipine nduren sajuring
25. Ukara ing ndhuwur iku kalebu ….
a. Saloka
b. Bebasan
c. Panyandra
d. Cangkriman
Jawab : c
Cek Berita dan Artikel Mudah Diakses di Google News