Bahasa Jawa Kelas 11
15 Soal Bahasa Jawa Kelas 11 Gladhen Wulangan 2 Lengkap Pilihan Ganda dan Essay
materi latihan Gladhen Wulangan 2 yang terdiri dari soal pilihan ganda dan essay, lengkap dengan kunci jawaban
TRIBUNPONTIANAK.CO.ID - Bagi siswa Kelas 11 yang sedang mendalami pelajaran Bahasa Jawa dalam Kurikulum Merdeka, latihan soal menjadi kunci untuk memperkuat pemahaman dan meningkatkan kepercayaan diri dalam menghadapi berbagai bentuk evaluasi.
Pada kesempatan ini, disajikan materi latihan Gladhen Wulangan 2 yang terdiri dari soal pilihan ganda dan essay, lengkap dengan kunci jawaban.
Materi ini dirancang untuk membantu siswa terbiasa menjawab soal, memahami isi buku pelajaran, serta mengasah kemampuan berpikir kritis dan analitis.
Latihan ini sangat cocok digunakan sebagai persiapan menghadapi ulangan harian, ujian tengah semester, maupun ujian akhir semester.
Semakin sering berlatih, semakin tajam pula pemahaman terhadap materi yang diajarkan.
Baca juga: 35 Soal Uji Kompetensi Wulangan 1 Bahasa Jawa Kelas 11 dan Jawaban Pilihan Ganda serta Esai Bab 1
GLADHEN WULANGAN 2
I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih wangsulan kang paling bener!
TEDHAK SITEN
Tedhak siten iku salah sawijine upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 lapan utawa 245 dina. Nalika iku bocah lagi sepisanan ajar mlaku. Selapan yaiku kombinasi 7 dina ing kalender internasional lan 5 dina ing kalender Jawa. Selapan iku pendhak 35 dina pisan. Tedhak siten asale saka rong tembung, yaiku "tedhak" utawa idak tegese mudhun lan "siten" saka tembung siti kang tegese bumi. Dadi tedhak siten nduweni arti ngidakake sikil ing lemah/pertiwi. Tedhak siten nggambarake kasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan kang bener ing mangsa ngarep. Upacara tedhak siten nduweni teges cedhake manungsa karo bumi. Awit nglakokake kauripan kang apik lan becik ing
bumi lan tetep ngruwat lan njaga bumi. Iku kanggo ngelingaken menawa bumi wis menehi akeh banget barang kang dibutuhake kangge uripe manungsa. Ing budaya Jawa ana kapitayan masyarakat ngenani bab tedhak siten, yaiku yen lemah iku nduweni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala, mula kanggo ngendhani kadadean sing ora becik dianakake upacara tedhak siten. Kaya dene upacara adat liyane, tedhak siten uga nduweni piranti lan ubarampe,
yaiku:
1. Pengaron sing diisi kembang setaman.
2. Kurungan, kanggo nggambarake yen donyane anak isih sithik utawa ciut.
3. Werna-werna barang sing diselehake sajroning kurungan kang nggambarake suwene urip lan kawajibane manungsa nggolek nafkah, kayata:
a) pari sabengket
b) kapuk sabengket
c) piranti nulis
d) bokor kang diisi beras kuning
e) werna-werna jinis dhuwit
f) mas-masan
4. Klasa sing isih anyar, kanggo lemek ing njeroning kurungan
5. Udhik-udhik utawa dhuwit logam dicampur kembang
6. Andha tebu "Arjuna", yaiku tebu sing wernane ungu kang nggambarake undhakundhakane urip sing arep dilakoni anak.
7. Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu, lan jambon.
Tegese kanggo ngemutake anak yen urip kudu waspada saka goda kang wernawerna.
8. Bancakan, kayata sega gudhangan (urap-urap) sing didumake marang para tamu sing rawuh.
Tata carane upacara tedhak siten, yaiku:
Kang kapisan, bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidak jadah 7 werna kang kagawe saka ketan. Werna-wernane, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu, lan jambon. Jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng. Iku pralambang tumrap bocah kang bisa ngliwati tantangan ing uripe. Urip iku ora gampang nanging kabeh alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang
padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.
Kang kaping pindho, bocah dituntun munggah andha kang kagawe saka wit tebu "Arjuna" banjur mudhun maneh. Tebu saka ukara "antebing kalbu" tegese yaiku tekad ati kang mantep. Tebu "Arjuna" nglambangaken supaya bocah lelakone kaya Arjuna kang nduweni watak satriya lan nduweni tanggung jawab. Lelakone apik lan seneng tetulung, mbela kabeneran, lan bekti marang negara.
Kaping telu, yaiku bocah dituntun kanggo mlaku ing wedhi (pasi). Bocah iku nyeker-nyekerake sikile ing pasir, kang nduweni teges nggolek pangan. Karepe bocah bisaa nyukupi kaperluane dhewe menawa wis gedhe.
Kang kaping papat, bocah dilebokake menyang kurungan kang digawe apik lan dilambari klasa. Ing njerone ana maneka werna bandha-bandha, kaya pari sabengket, kapuk sabengket, piranti nulis, bokor kang diisi beras kuning, werna-werna jinis dhuwit, lan sa jinising mas-masan utawa rerenggan. Kurungan nglambangaken donya, dadi dikarepake bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe bisa kacukupan awit saka pakaryane kang dipilih wiwit cilik.
Kang kaping lima, bapak lan simbahe bocah nyebar udhik-udhik utawa dhuwit logam dicampur kembang. Karepe supaya si bocah nalika diwasa bisa dadi bocah kang dermawan lan seneng tetulung. Amarga seneng menehi lan seneng tetulung, dheweke gampang nggolek rejeki.
Kang kaping enem, yaiku bocah wau diadusi nganggo banyu setaman kang wis dicampur kembang-kembang (melathi, mawar, kenanga, lan kanthil).
Kapitu, kang pungkasan urutane upacara, bocah didandani nganggo klambi resik lan apik. Karepe supaya si bocah nduweni dalan urip kang apik lan bisa agawe seneng kaluwargane. Karepe ing uripe, bocah iku bisa arum jenenge lan bisa ngarumake jeneng kaluwargane.
Dene ancase tedhak siten, atur puji sukur marang Gusti Kang Akarya Jagad lan bocah bisa urip mandiri. Lan bubar iku , para tamu bisa ndhahar panganan kang wis disuguhake.
1. Kang diarani upacara tedhak siten, yaiku ....
a. cedhak lemah
b. mudhun lemah
c. sepasaran
d. lair sepisanan
e. upacara slametan
Jawaban : B
2. Kang dikarepake ing upacara tedhak siten, yaiku ....
a. Kareben bocahe sehat
b. Kasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan kang bener ing mangsa ngarep.
c. Cedhake manungsa karo bumi.
d. Kanggo ngendhani kadadean sing ora becik.
e. Atur puji sukur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi.
Jawaban : B
3. Karepe bocah nyebar udhik-udhik utawa dhuwit, yaiku ....
a. Bocah saged ngliwati tantangan ing uripipun.
b. Supaya si bocah nduweni dalan urip kang apik lan bisa agawe seneng kaluwargane.
c. Bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe bisa kacukupan awit saka pakaryane kang wis dipilih wiwit cilik.
d. Bocah iku nyeker-nyeker pasir kang nduweni teges nggolek pangan.
e. Bocah nalika diwasa bisa dadi bocah kang dermawan lan seneng tetulung.
Jawaban : E
4. Piranti kanggo upacara adat tedhak siten yaiku....
a. pengaron sing diisi kembang setaman
b. kurungan
c. klasa sing isih anyar, kanggo lemek ing njeroning kurungan
d. udhik-udhik utawi dhuwit logam dicampur kembang
e. andha pring "Arjuna"
Jawaban : A
5. Tujuan dianakake tedhak siten yaiku ....
a. Bocah bisa ngliwati tantangan ing uripe.
b. Supaya si bocah nduweni dalan urip kang apik lan bisa agawe senen kaluwargane.
c. Bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe bisa kacukupan awit saka pakaryane kang wis dipilih wiwit cilik.
d. Bocah iku nyeker-nyeker pasir, kang nduweni teges nggolek pangan.
e. Atur puji sukur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, dene wis menehi kekuwatan sarta keslametan nganti bisa ngidak bumi lan bisa urip mandhiri.
Jawaban : E
6. Ing ngisor iki tuladha upacara adat kang kedadean ing dhaerah-dhaerah, kejaba ....
a. ruwatan
b. mudhun lemah
c. karnaval
d. mantenan
e. larung sesaji
Jawaban : C
7. Kang dikarepake cengkir gadhing digambari tokoh pewayangan ....
a. Supaya bisa niru lan pinter nggambar wayang.
b. Supaya si bocah mbesuk seneng marang wayang.
c. Supaya si bocah ndalang wayang.
d. Supaya si bocah yen lair lanang nduweni watak satriya yen wanita nduweni sifat kaya becik kaya tokoh gambar.
e. Supaya si bocah bisa meranake tokoh satriya lan bisa meranake putri kang becik kaya ing gambar.
Jawaban : D
8. Upacara larung sesaji biyasane dilaksanake ....
a. Wulan Januari
b. Wulan April
c. Wulan Besar
d. Wulan Sura
e. Wulan Desamber
Jawaban : D
9. Nyusun laporan supaya bisa nyengsemake lan migunani ana tataran-tataran kang kudu dilakoni yaiku ....
a. data acak
b. ngarang laporan bebas
c. tuwuh pamikiran apa sing arep dilaporake
d. ngurutake arsip
e. milih nara sumber
Jawaban : C
10.
Gambar ing ndhuwur nuduhake kegiatan upacara adat dhaerah ....
a. Jember
b. Banyuwangi
c. Tulungagung
d. Pacitan
e. Tuban
Jawaban : B
II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep!
1. Aranana loro wae upacara tradhisi ing wilayahmu!
Jawaban :
- Upacara Bersih Desa
- Upacara Nyadran
2. Ing dhaerahmu saben wulan Sura ana kegiatan apa wae? Sebutna!
Jawaban :
a. Kirab pusaka
b. Ziarah makam leluhur
c. Larung sesaji ing kali utawa pantai
3. Apa maksude lan tujuane ditindakake upacara adat bersih desa?
Jawaban :
Upacara bersih desa ditindakake kanggo ngaturake puji sukur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi sing wis paring berkah lan rejeki. Tujuane kanggo njaga kerukunan antar warga, ningkatake rasa gotong royong, lan njaga kaselametan desa saka balak utawa pageblug.
4. Jelasna umbarampene wong slametan nyewu dinane wong tinggal donya!
Jawaban :
Umbarampene slametan nyewu dina biasane kalebu:
a. Sega gurih utawa sega putih
b. Jenang abang putih
c. Kembang setaman
d. Ubarampe lain kaya menyan, bubur abang putih, lan dhuwit receh kanggo udhik-udhik
5. Ing upacara temanten aranana kanthi urut kegiatan kang ana, banjur jlentrehna!
Jawaban :
- Siraman
Panganten lanang lan wadon diadusi nganggo banyu kembang kanggo ngresiki ati lan jiwa sadurunge ijab.
- Midodareni
Wengi sadurunge akad, panganten wadon dikunjungi kulawarga lan didongakake supaya uripe arum.
- Ijab kabul
Upacara ijab sing sah miturut agama kanggo nyatakake yen panganten wis sah dadi bojone.
- Sungkeman
Panganten sungkem marang wong tuwa kanggo nyuwun pangestu lan ngaturake rasa matur nuwun.
- Tukar kacar-kucur
Simbol pembagian tanggung jawab lan kekancan ing omah tangga sing tentrem.
- Baca Berita Terbaru Lainnya di GOOGLE NEWS
- Dapatkan Berita Viral Via Saluran WhatsApp
!!!Membaca Bagi Pikiran Seperti Olahraga Bagi Tubuh!!!
15 SOAL Gladhen Wulangan 5 Bahasa Jawa Kelas 11 Lengkap Kunci Jawaban dari Pilihan dan Essay |
![]() |
---|
20 SOAL Wulangan 4 Bahasa Jawa Kelas 11 Lengkap Kunci Jawaban Tugas Buku Siap Hadapi Ulangan SMT |
![]() |
---|
20 Soal Wulangan 3 Bahasa Jawa Kelas 11 Tugas Buku Paket Persiapan Hadapi Ulangan Semester |
![]() |
---|
JAWABAN UTS Bahasa Jawa Kelas 11 Semester 1 Ujian Sekolah US/UAS Jelang Akhir Tahun 2023 |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.