Kunci Jawaban

60 Soal Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 Kurikulum Merdeka Tahun 2025, Jawaban Pilihan Ganda

Inilah soal dan jawaban latihan UAS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 Tahun 2025

Penulis: Dhita Mutiasari | Editor: Dhita Mutiasari
TRIBUNPONTIANAK.CO.ID
SOAL KURIKULUM MERDEKA - Template kunci jawaban untuk soal Kurikulum Merdeka yang dibuat Selasa (27/5/2025). Berikut soal Bahasa Jawa kelas 5 SD Semester 2 Kurikulum Merdeka. 

TRIBUNPONTIANAK.CO.ID –  Berikut ini kumpulan soal UAS Bahasa Jawa Kelas 5 SD  Semester 2  tahun 2025.

Selain dengan mengulas materi-materi yang pernah dipelajari, persiapan UAS dapat dilakukan dengan berlatih mengerjakan contoh soal PAS/UAS.

Soal dan kunci jawaban yang dikutip dari Kurikulum Merdeka tahun pelajaran 2024/2025.

Soal yang dilengkapi dengan jawaban bisa dimanfaatkan untuk bahan belajar dirumah maupun untuk uji pemahaman siswa.

Inilah soal dan jawaban latihan UAS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 Tahun 2025 dilansir dari sejumlah sumber:

60 Soal Seni Budaya Kelas 5 SD Semester 2 Kurikulum Merdeka Tahun 2025, Jawaban Pilihan Ganda

Rawa Pening

Ing Desa Banarawa duwe adat nganakake memetri desa saben taun.Kanggo memetri desa iku ana sarate yaiku kudu nggango daging kewan saka alas.Wis meh sedina muput Wong Banarawa durung nemu kewan siji-sijia.Sajrone ngaso salah sijine wong lungguh ana wit kang rubuh.Wong kuwi mau kaget amarga wit kang ditancepi peso blati metu banyune abang.Bareng diwaspadaake jebul getih ula.Sanalika ula banjur dipateni.Daging ula dienggo sarat memetri desa.

Nalika samana ana Bocah Bajang teka marang Desa Banarawa,Bocah Bajang mau sejatine memblane ula sing padha dipateni wong desa ana ing alas .Ula kuwi mau sejatine yaiku ula Baru Klinting.Ula kang lagi tapa arep gayuh kamulya ning urip.Nalika weruh yen daginge ula wis mateng cumawis,Bocah Bajang marani Ki Juru Mathokan lurahe Desa  Banarawa.

            “Kulo Nuwun,”Bocah Bajang ngaturake salam.

            “He,sapa kowe ?”pitakon Ki Juru Mathakon.

            “Kulo Baru Klinting.Kulo badhe nyuwun daging sawer,sakedhik kemawon,”kandhane

  Bocah Bajang.

“Kowe ora melu rekasa,arep njaluk daging ?Sing rekasa bae durung ngrasakke.Kana

   lunga!Gek ambumu ya ora enak kaya ngene.Lunga !”jawabe Ki Juru Mathokan,karo

   senggol.

“Iya,bocah ora genah ,Enggal,lunga sing adoh !”aloke wong-wong ing sacedhake Ki Juru

   Mathokan.

Bocah Bajang banjur lunga.Si Bajang tekan omah Mbok Randha.Senajan uripe rekasa  Mbok Randha luhur budine.Seneng tetulung marang sapa bae.Mula tekane Si Bajang ditampa kanthi becik.Bocah Bajang diwenehi sega lan daging iwak ula.Sawise mangan ,Bocah Bajang pamitan marang Mbok Randha.

“Mbok ,kula nyuwun pamit.Kula gadhah weling sakedhik.Mangke  badhe wonten bena bandang.Mila kula suwun simbok nyawisaken lesung.Mangke simbok minggah  lesung.Mugi tansah manggih wilujeng,’’Baru Klinting banjur lunga ninggalake omahe mbok Randha.

Baru Klinthing lunga menyang omahe Ki Juru Mathokan minangka panggonane pista memetri desa. Ing kana dheweke nancepake sada lanang ing tengah plataran.Baru Klinting banjur nantang bocah-bocah sing ana ing sacedake.Bocah-bocah padha nyoba mbedol nanging ora bisa.Kabeh wong njajal karosane siji-siji nagging ora ana sing bisa.Ki Juru Mathokan banjur nyusul melu nyoba tetep ora bisa mbedol sada.

Gandheng wis ora ana sing kuwat,Baru Klinting mbedol sada lanang wau.Sanalika tilas tancepane metu banyune gedhe.Saya suwe ngeleb Desa Banarawa.Wong-wong  ing Banarawa padha mati klelep.Mung Mbok Randha sing bisa slamet.Desa Banarawa ilang dadi rawa banjur katelah Rawa Pening,dumuning ing kukuban Ambarawa.

1. Syarat kanggo memetri ing Desa Banarawa yaiku…
a.       daging kewan saka ngomah

b.      daging kewan saka alas

c.       daging kewan laut

d.      daging kewan sapi lan kebo

2. Bocah Bajang mau sejatine ….
a.       membane ula sing dipateni

b.      Ki Juru Martani

c.       Mbok Randa

d.      Ki Juru Mathakon

3. Lurah Desa Banarawa arane ....
a.       Ki Lurah Bajang

b.      Ki Juru Mondhokan

c.       Ki Juru Martani

d.      Ki Juru Mathokan

4. Sing mateni ula Baru Klinting yaiku ….
a.       Ki Juru Mathokan

b.      Bocah Bajang

c.       wong desa

d.      Mbok Randha

5. Sing teka marani Ki Juru Mathokan amarga arep njaluk daging ula yaiku ….
a.       Ki Lurah

b.      Mbok Randha

c.       wong desa

d.      Bocah Bajang

6. Tumindake Ki Juru Mathokan kang kurang becik nalika ….
a.       maringi Bocah Bajang

b.      ngandhani Bocah Bajang

c.       marani Bocah Bajang

d.      ngusir Bocah Bajang

 100 SOAL PAT Bahasa Inggris Kelas 11 SMA / MA, Kunci Jawaban UKK Sumatif Akhir Semester Genap 2024

7. Sanajan uripe rekasa, Mbok Randha iku ….
a.       ngalah

b.      luhur budine

c.       medit

d.      drengki

8. Sing nyoba bedhol sada kang ditancepake bocah bajang kajaba….
a.       bocah-bocah Banarawa

b.      wong –wong Banarawa

c.       Mbok Randha

d.      Ki Juru Mathokan

9. Baru Klinting nancepake … ing tengah plataran omahe Ki Juru Mathokan.
a.       tongkat kayu

b.      kayu jati

c.       sada wulung

d.      sada lanang

10. Siji-sijine wong Banarawa sing bisa slamet ana ing crita dhuwur yaiku….
a.       wong-wong tua

b.      bocah Banarawa

c.       Ki Juru Mathokan

d.      Mbok Randha

11. Tilas tancepane sada metu banyune mulak-mulak gedhe .Wong ing Banarawa padha.…
a.       mati klelep

b.      bungah bisa lelangen

c.       seneng ciblon

d.      njajal karosane

12. Sing dienggo Mbok Randha kanggo nyelametake awake yaiku ….
a.       prau

b.      lesung

c.       jukung

d.      gethek

13. Desa Banarawa dumunung ing tlatah ….
a.       Ambarketawang

b.      Ambarawa

c.       Purbalingga

d.      Semarang

14. Tujuane ula Baru Klinting tapa yaiku….
a.       gayuh kamulyaning urip

b.      dadi ula kang sekti

c.       cepet sugih

d.      dadi bocah sing kuat

15. Ing ngisor iki paraga crita Rawa Pening, kajaba….
a.       Mbok Randha, Baru Klinting

b.      Ki Juru Mathokan, wong Banarawa

c.       Baru Klinting, Ki Juru Martani

d.      Bocah Bajang, bocah Banarawa

16. Desa Banarawa duwe adat nganakake memetri desa saben taun.Tegese tembung adat yaiku….
a.       wis lumrahe

b.      ora lumrah

c.       piweling

d.      kekarepan

17. Ing ngisor iki sing dudu tegese bajang yaiku….
a.       cilik

b.      awak

c.       kerdil

d.      cacat

18. Sanalika tilas tancepane sada metu banyune.Tembung banyu krama inggile….
a.       latu

b.      redi

c.       ludira

d.      toya

19. Paraga kang watake becik yaiku paraga….
a.       antagonis

b.      protogonis

c.       tritagonis

d.      panyengkuyung

20. Papan lan ana ngendi crita mau kedadeyan, klebu perangane….
a.       seting

b.      alur

c.       underan

d.      amanat

Pangkur

(Kapetik saka : Serat Wulangreh Anggitan Sri Susuhunan Pakubuwana IV)

Alaning liyan den andhar

Ing becike liyan dipunsimpeni

Becike dhewe ginunggung

Kinarya pasamuan

Nora ngrasa alane dhewe ngendhukur

Wong kang mangkono wateknya

Nora kena denpedhaki

21. Tembang Pangkur ing dhuwur kapethik saka….
a.    Serat Walangreh

b.   Serat Wulangreh

c.    Serat Walungreh

d.   Serat Wulungreh

22. Tembang Pangkur ing duwur dianggit ….
a.       Mangkunegara IV

b.      Mangkunegara VI

c.       Pakubuwana IV

d.      Pakubuwana VI

23. Tembang Pangkur kelebu tembang….
a.       jawa

b.      daerah

c.       dolanan

d.      macapat

24. Ing ngisor iki kang kalebu paugeran kang ngiket tembang macapat, kajaba….
a.       guru lagu

b.      guru wilangan

c.       guru sastra

d.      guru gatra

25. Cacah gatra tembang Pangkur ana….
a.       9

b.      8

c.       7

d.      6

26. Guru lagu tembang Pangkur gatra kaping papat yaiku….
a.       a

b.      u

c.       i

d.      e

27. Cacahe guru wilangan tembang Pangkur gatra telu ana…
a.       12

b.      10

c.       8

d.      7

28. Guru wilangan lan guru lagu gatra kaping pitu tembang Pangkur ing dhuwur yaiku…
a.       8  u

b.      8  e

c.       8  a

d.      8  i

29. Tembung “andhar “iku tegese….
a.       dicritakake

b.      disimpen

c.       sambat

d.      dilakoni

30. Nora kena denpendhaki, ukara iku tegese….
a.       ora kena disilihi

b.      ora kena dikandani

c.       ora kena dicedhaki

d.      ora kena diapusi

31. Kosok baline tembung “alane” yaiku….
a.       gampang

b.      susah

c.       bungah

d.      becik

32. Watake tembang Pangkur yaiku….
a.       seneng

b.      sereng

c.       grapyak

d.      jirih

33. Tumindak kaya sing disebutake ing tembang Pangkur kalebu tumindak sing….
a.       prayoga

b.      nistha

c.       utama

d.      becik

34. Tembang Pangkur cocog kanggo ngandhakake pitutur luhur ngenani….
a.       sekolahan

b.      masyarakat

c.       tata cara sinau

d.      budi pekerti

35. Tembang  Pangkur ing duwur nuduhakae sipate wong sing….
a.       gumedhe

b.      lembah manah

c.       apikan

d.      andhap asor

kannge nomer 36-40

Reroncene Adang Tani

Kaanggit dening Trie Sutajaya

Ijo royo-royo

Gumelar sak ngisore langit biru

Angin tumiyup

Dolanan godhong pari

Kadang tani padha mesem

 nyawang parine wis kuning

Ati ayem tentrem

Pari kuning

Minangka reroncene urip

Tembe mburi

36. Sing nulis geguritan ing dhuwur yaiku ….

a. Pak tani

b. Kadang tani

c. Sedulur kampung

     d. Trie Elang Sutajaya

37. Isine gegurutan ing dhuwur yaiku pak tani seneng atine amarga

a. ora panen

b. nandur pari

c. arep  panen

d. panen gedhe

38. Tegese tembung mesem ana ing geguritan mau yaiku....

a. ngguyu seneng

b. arep panen

c. rasa lara

d. ati ayem

39. Kepriye atine kadang tani  nalika nyawang sawahe ?

a. ing tembe mburi

b. atine ayem

c. kepingin ngguyu

d. kepingin lunga

40. Geguritan ana dhuwur ana ... gatra.

a. 10

b.11

c.12

d.13

teks wacan kanggo no 41-46

Sendhang Sani

Sunan Kalijaga lan Ki Rangga sarta para santrine pada nuju padepokan Sunan Muria. Nadyan papan dununge adoh, Sunan Kalijaga kaya-kaya ora duwe kesel babar blas. “Kaya wis tekan kadipaten Pati Pesantenan, sedela meneh tekan padepokan Muria,” ngendikane Sunan Kalijaga marang murid-murid.

Nalika wanci sembahyang dhuhur, Sunan Kalijaga ngajak leren ing sak ngisore wit gedhe, banjur dhawuh marang Ki Rangga supaya golek banyu kanggo wudhu. Ki Rangga lan kancane padha bingung amarga ing papan kono garing ora ana banyune.

Karakit saka Buku Rakyat dari Pati (yudono KS dan Mulyono)

41. Cerita ing dhuwur kelebu ....

a. dongeng

b.  legenda

c. cerbung

d. cernak

42. Panggonan sing garing kuwi panggonan ....

a.  ora ana banyune

b. akeh banyune

c. ana sendange

d. akeh lebune

43. Sendhang Sani ana ing wewengkon tlatah....

a. Pati

b. Kudus

c. Demak

d. Pesantren

44. Sunan kalijaga lan pandhereke ngaso ana....

a. sapinggire sendhang

b. ngisor wit gedhe

c. Sendhang Sani

d. pinggir desa

45.  Ki Rangga lan kancane padha bingung amarga garing ora ana ….

a. banyu

b. watu

c. geni

d. angin

46. Tembung nadyan ana ing wacan tegese....

a. ora gelem

b. nanging

c. supaya

d. dadi

47. Kegiyatan maca naskah/teks kanthi tujuan nemokake kesalahan diarani ....

     a. ngringkes

     b. maca

     c. nyunting

     d. nulis carita

48. Panulisan tembung ana ukara kudu bener, ngaggo aksara kapital utawa aksara cilik. Punika cara  penulisan nganggo ....

     a. isi ringkesan

     b. tanda wacan

     c. ukara

d. ejaan kang bener

49. Nalika kanca carita ana ngarep kelas kanca liane kudu menehi....

a. ngece

b. suara

c. hadiah

d. saran

50. Kewan kuwi arep kanggo memetri desa(...), tandha wacan  kang trep ing njero kurung yaiku ….

     a. koma

     b. titik loro

     c. titik koma

      d. titik

Teks kanggo nomer 51-59. 

Nalika semana, kasultanan Demak dipimpin pangeran Made Pandan, duwe putra arane Pangeran Pandan Arang. Sawijing dini pangeran, putra, lan abdine lelana tekan alas banjur bukak alas kanggo nandur lan pomahan. Durung ngrasakake hasile, Pangeran seda ninggal weling “Ngger anakku. Olahen papan iki kanthi temen. Aja pisan-pisan ditinggalake amarga mengkone dadi panggonan kang reja.”

Sawijining dina pangeran Pandan Arang ngendika “Rakyatku lemah subur nanging ana wit asem kang thukule arang-arang banjur papan iki tak jenengi semarang,saka tembung asem kang arang-arang”

51.Irah-irahan kang trep yaiku ....

     a. Semarang

     b. Kutha Semarang

     c. Artine Semarang

     d. Asal Usul Semarang

52. Tembung reja ing cerita dhuwur tegese ….

     a. seda

     b. subur

     c. tentrem

     d. ijo royo-royo

53. Paraga ana cerita ing dhuwur ....

     a. Pangeran Made Ppandan

     b. Pangeran Pandan Arang

     c. Rakyate

     d. Pangeran Made Pandan, Pangeran Pandan Aran, Rakyate

54. Pangeran Made Pandan seda ana ing ....

     a. pomahan ing alas

     b. desa Pandanaran

     c. kesultanan Demak

     d. alas kang gedhe

55. Watake Pangeran Pandan Arang manut carita kuwi yaiku ....

     a. manut marang wong tuwa

     b. welas asih marang abdine

     c. seneng nglawan bapake

     d. sakti mandraguna

56. Pesene Pangeran Made Pandan kanggo putrane  ana carita  ing dhuwur yaiku ....

a. rajin sinau lan nabung

b. bekti marang wong tuwa

c. ora ninggalake papan kuwi

d.njenengi papan kuwi dadi Sermarang

57. Sing njenengi Semarang yaiku ....

     a. Pangeran Made Pandan

     b. Pangeran Pandan Arang

     c.  Baru Klinthing

     d. Pandanaran

58. Tembung Semarang asale saka ....

     a. asem larang

     b. asem kang arang-arang

     c. wit asem garing

     d. meseme arang-arang

59. Panggonan iku dijenengi Semarang amarga ing panggonan kuwi ....

a. subur lan aneh anget

b. akeh tethukulan ijo royo-royo

c. thukul wit asem sing arang-arang

d. tandhuran asem thukul ana karang

60. Ing cerita “Srikandi Madeg Senopati”, Srikandi kuwi garwane ....

a. Pandhawa

b. Raden Werkudara

c. Raden Janaka

d. Prabu Kresna

Kunci Jawaban

1.       B

2.       A

3.       D

4.       C

5.       D

6.       D

7.       B

8.       C

9.       D

10.   D

11.   A

12.   B

13.   B

14.   A

15.   C

16.   A

17.   B

18.   D

19.   B

20.   A

21.   B

22.   C

23.   D

24.   C

25.   C

26.   A

27.   C

28.   D

29.   A

30.   C

31.   D

32.   B

33.   B

34.   D

35.   A

36.   D

37.   C

38.   A

39.   B

40.   A

41.   B

42.   A

43.   A

44.   B

45.   A

46.   B

47.   C

48.   D

49.   D

50.   D

51.   D

52.   B

53.   D

54.   D

55.   A

56.   C

57.   B

58.   B

59.   C

60.   C

 - Baca Berita Terbaru Lainnya di GOOGLE NEWS
- Dapatkan Berita Viral Via Saluran WhatsApp

!!!Membaca Bagi Pikiran Seperti Olahraga Bagi Tubuh!!!

 

 

Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved