Soal Kelas 7
40 SOAL Ulangan/Ujian BAHASA JAWA Kelas 7 Semester 2 Kurikulum Merdeka Lengkap Kunci Jawaban 2025
Ada beberapa contoh soal ujian yang dirangkum dalam artikel ini sebagai bahan belajar.
Aku tuku gula ing pasar
Kula tumbas gendhis wonten ing peken
Kula mundhut gula ing peken
Kula mundhut gendhis ing peken
14. Ukara ing dhuwur kang kalebu basa ngoko lugu yaiku nomer ….
a. 1
b. 2
c. 3
d. 4
Jawab : a
Mbak Rani wingi lunga menyang Pekalongan arep tuku Batik.
15. Yen nganggo basa ngoko alus, yaiku ….
a. Mbak Rani kalawingi kesah dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik
b. Mbak Rani kalawingi tindhak dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik
c. Mbak Rani wingi tindhak menyang Pekalongan arep mundhut Batik.
d. Mbak Rani wingi kesah datheng Pekalongan arep mundhut Batik
Jawab : c
Gunung Arjuna yen didheleng saka kutha Malang mligine tlatah Singosari katon ijo royo royo, ing lembah utawa kaki gunung kaya kaya astane satria kang gagah prakosa njaga alam ing sakiwa tengene.
16. Miturut tata rakite utawa jenise tembung, tembung “saka” kalebu tembung ancer ancer amarga tembung saka….
a. Sesulihing Gunung Arjuna
b. Nerangake kaendahan ing Gunung Arjuna
c. Kanggo nerangake pangrasa ndheleng Gunung Arjuna
d. Kanggo nyambung tembung di dheleng karo Kutha Malang
Jawab : d
Agrowisata Kebun Teh Wonosari minangka salah satunggaling papan wisata kang asri ana ing wewengkon Kutha Malang. Dumunung kira kira 6 km saka Lawang lan 30 km saka Malang, ana ing lerenge Gunung Arjuna, mula hawane adhem
17. Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ....
a. Kolaborasi
b. Idhentifikasi
c. Klasifikasi
d. Deskripsi bageyan
Jawab : b
Ing Coban randa saliyane banyu anjlog akeh wahana wisata kang bisa kita temoni kayata : kebun satwa lan kebon woh - wohan, taman labirin kanggo wahana dolanan goleki dalan, papan kanggo outbond uga ana, ana kuliner utawa café lan uga ana hunting foto.
18. Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ....
a. Idhentifikasi
b. Kolaborasi
c. Klasifikasi
d. Deskripsi bageyan
Jawab : d
Minangka salah sawijining papan wisata ing Jawa Wetan, dumunung ing kutha Blitar kalebu wisata budaya / cagar budaya. Manggon ana ing sangisore Gunung Kelud. Ing sakupenge tinemu reca ( arca ) peninggalan saka kerajaan Kediri.
19. Wisata ing dhuwur nyritakake ….
a. Pesisir Ngliyep
b. Kampung Coklat
c. Candi Penataran
d. Pesarean Bung karno
Jawab : c
20. Piranti sing digunakake petani methiki pari yaiku ….
a. Pacul
b. Dos
c. Ani-ani
d. Arit
Jawab : c
21. Tuladha ukara tanggap ing ngisor iki yaiku ….
a. Adhi nangis goro-goro tiba
b. Budi dikongkon ibune tuku gula
c. Bayu numpak sepur seneng banget
d. Santi nyirami kembang ing pekarangan
Jawab : b
22. Tukang gawe barang saka kayu iku diarani ….
a. Kemasan
b. Jlagra
c. Pandhe
d. Undhagi
Jawab : d
23. Lemah kang dikanggokake nandur lan tetanen palawija utawa tanduran liyane diarani ….
a. Pekarangan
b. Alun-alun
c. Tegalan
d. Lapangan
Jawab : c
24. I) Kembang jagung arane sinuwun
II) Kembang lombok arane gleges
III) Kembang cengkeh arane polong
IV) Kembang blimbing arane maya
Arane wit lan kembange sing bener ditunjukake nomer ….
a. I, II, III, IV
b. II lan IV
c. I lan IV
d. I, III lan IV
Jawab : d
25. Roni iku bocahe isinan, ora kaya kanca-kancane.
Tembung isinan iku tegese ….
a. Ora nduwe isin
b. Seneng ngisin-ngisini
c. Gampang isin
d. Ora isin blas
Jawab : c
26. Bocah kui lungguhe antheng kitiran.
Tegese sanepa ing dhuwur yaiku ….
a. Tansah antheng banget
b. Tansah polah ora bisa meneng
c. Tansah tengok-tengok nganti keturu
d. Tansah ajeg ora bisa obah
Jawab : b
27. Rukun agawe santosa, crah ….
Paribasan ing dhuwur iku terusane sing bener yaiku ….
a. Agawe lumrah
b. Agawe bungah
c. Agawe susah
d. Agawe bubrah
Jawab : d
28. Ukara ing ngisor iki sing kalebu krama inggil yaiku ….
a. Kula dipunsukani duwet katah
b. Simbah dipunaturi sare wonten kamar
c. Adik lagi dolanan ana ing plataran
d. Bapak nembe kesah saking omah
Jawab : b
29. Bocah-boah lagi mloya-mlayu ing lapangan kidul desa.
Ukara ing dhuwur iku sing kalebu tembung dwilingga salin swara yaiku ….
a. Bocah-bocah
b. Mloya-mlayu
c. Lapangan
d. Kidul desa
Jawab : b
30. Anak wedus jenenge cempe, yen anak sapi jenenge ….
a. Bledug
b. Beyes
c. Pedet
d. Cemeng
Jawab : c
31. Bayu, braja, maruta, pawana lan samirana iku dasanamane ….
a. Langit
b. Geni
c. Angin
d. Bumi
Jawab : c
32. Gagasan pokok kang dadi dhasaran kanggo ngembangake carita diarani ….
a. Tema
b. Judul
c. Alur
d. Pachelaton
Jawab : a
33. Babagan sing ora perlu dilaporke ing dalem nulis palaporan tulisan yaiku ….
a. Sing diamati
b. Wektu ngamati
c. Panggonan ngamati
d. Bekal Ngamati
Jawab : d
34. Tanduran kang wite mrambat ing lemah iku diarani ….
a. Pala wija
b. Pala kesimpar
c. Pala kependhem
d. Pala kitri
Jawab : b
35. Basa ngoko lugu yaiku basa kang tembung-tembunge diucapake kanthi ngoko kabeh. Basa ngoko lugu iku ora panteng diucapake ….
a. Wong tuwa marang anake
b. Bocah marang kancane
c. Anak marang wong tuwa
d. Wong tuwa marang wong enom
Jawab : c
- Baca Berita Terbaru Lainnya di GOOGLE NEWS
- Dapatkan Berita Viral Via Saluran WhatsApp
!!!Membaca Bagi Pikiran Seperti Olahraga Bagi Tubuh!!!
40 Soal Bahasa Inggris Kelas 7 Semester 1 K Merdeka Lengkap Kunci Jawaban Soal Ulangan/Ujian B Ingg |
![]() |
---|
50 Soal Agama Kristen Kelas 7 SMP Semester 1 K Merdeka Lengkap Kunci Jawaban Ulangan/Ujian Pekerti |
![]() |
---|
50 Soal Agama Katolik Kelas 7 SMP Semester 1 K Merdeka Lengkap Kunci Jawaban Ulangan/Ujian Pekerti |
![]() |
---|
50 Soal Agama Islam Kelas 7 SMP MTs Semester 1 K Merdeka Lengkap Kunci Jawaban Ulangan/Ujian PAI |
![]() |
---|
50 Soal IPA Kelas 7 Semester 1 K Merdeka Lengkap Kunci Jawaban Ulangan/Ujian Ilmu Pengetahuan Alam |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.