Pendidikan

JAWABAN Soal Bahasa Jawa Kelas 10 Latihan Soal Hadapi PAS Semester Ganjil

Khususnya untuk menghadapi ujian sekolah pada Penilaian Akhir Semester Ganjil.

Editor: Madrosid
Kolase Tribunpontianak.co.id / sid / google
Soal Bahasa Jawa kelas 10 semester 1 lengkap dengan kunci jawaban. Sebagai panduan dalam meningkatkan pengetahuan dan wawasan. 

11. Pethikan cariyos kasebut ing unsur intrinsik nggambarake....

A. Alur
B. Paraga
C. Tema
D. Sudut Pandang
E. Amanat

Jawaban: A

Gatosaken wacan ing ngandhap!

Ing Kahyangan Jonggring Saloka, Bathara Guru lan Bathara Narada lagi ngrembug ngenani Pandhawa kang nomer loro, yaiku Raden Bima sing wis wayahe metu saka bungkus. Wis wolung taun anggone tapa ing sajroning bungkus lan saiki wis wayahe metu dadi satriya kang manjila kanggo mbela kabecikan. Bathara Guru banjur ngundang Banthara Bayu lan tunggangane awujud Gajah, arane Gajah Sena kanggo rawuh ing palenggahane.

Sawise wong sakloron iku rawuh, Bathara Guru banjur maringi titah kanggo Bathara Bayu lan Gajah Sena. Bathara Bayu antuk titah kanggo menehi klambi sapengadeg marang Raden Bima ing sajroning bungkus. Nalika wis rampung, Gajah Sena nembe nyuwek si Bungkus nganggo gadhinge amarga mung gadhing iku kang bisa nyuwek si Bungkus. Sawise krasa cukup, Bathara Guru banjur paring dhawuh wong sakloron mau budhal menyang Alas Mandalasara. Kasusul pamite wong loro kasebut kanggo ngayahi ayahan ing tembe.

12. Latar panggonan saking cariyos kasebut yaiku wonten ing....

A. Ngastina
B. Gunung Mandalasari 
C. Bathara Guru
D. Bumi Arcapada
E. Kahyangan Jonggring Saloka

Jawaban: E

13. Pitutur luhur saking paragraf kaloro waosan kasebut yaiku....

A. Tumindak sopan marang raja utawa pimpinan
B. Kabeh tinitahe saka pimpinan kudu dilakokake
C. Paseduluran kang rumaket
D. Menawa ana masalah kudu dirembug
E. Aja seneng njejaluk marang wong liya

Jawaban: A

14. Wosing saking paragraf kapisan waosan kasebut yaiku....

A. Bathara Guru menehi titah marang Gajah Sena tumurun saka kahyangan 
B. Bathara Guru lan Bathara Narada lagi ngrembug ngenani Pandawa kang nomer loro
C. Gajah Sena tumurun saka kahyangan nuju Ngastina kaliyan bathara Guru
D. Bathara Bayu tumurun ing Bumi bareng Gajah Sena lan Bathara Narada
E. Si Bungkus kasil dibedhah dening Gajah Sena lan dadi kesatria

Jawaban: D

Gatosaken wacan ing ngandhap!

“Priye? Aku mbokkongkon mbalekake Dewi Sinta? Hmmm, Kumbakarna. Kumbakarna! Gedhemu, gedhe, dhuwurmu ya dhuwur! Umurmu ya wis tuwa, lha kok pikiranmu landhep dhengkul! Ngertia, Kumbakarna! Dewi Sinta iku mung kanggo jalaran! Saiki wae Ramawijaya wis gelem nyepeleke aku! Eling-elingen nalika punggawa jajahanku ing laladan alas Dhandhaka dipateni dening Ramawijaya, apa meneh mbesuk ora ngidaka pisan! Dadi saupama saiki si Ramawijaya mati ing palagan Alengka mesthi bisa ngadeg jaya nganti teka wekasaning jaman. Nanging yen si Rama iku isih urip, ora saiki, mbesuk-mbesuk kono mesthi ngremuk negara kita!”

15. Papan ing cariyos nginggil yaiku....

A. Dwarawati
B. Maespati
C. Cempala
D. Alengka
E. Pringgodani

Jawaban: D

16. Watak saking Kumabakarna yaiku....

A. Ora wani lan seneng gawe gara-gara ing negarane
B. Seneng mateni lan seneng gawe rusuh
C. Seneng njupuk barange lan ngrupeki wong liya
D. Seneng nyolong lan ngrusak omahe wong liya
E. Prawira lan kerep ngandhani Rahwana supaya sadhar

Jawaban: A

17. Kumbakarna ngandani Rahwana supaya mbalekake....

A. Dewi Sinta
B. Dewi Umayi
C. Ramawijaya
D. Dasamuka
E. Lesmana

Jawaban: A

18. Piwulang saking waosan ing nginggil yaiku....

A. Dadi manungsa kudu gemi, setiti, lan ngati-ati
B. Dadi manungsa kudu seneng nyawang wong liya susah
C. Dadi manungsa kudu sregep nyolong supaya bisa duwe
D. Dadi manungsa kudu mbalekake sing ora duweke
E. Dadi manungsa kudu seneng tulung-tinulung marang liyan

Jawaban: E

19. Tembung landhep dhengkul ing nginggil nggadahi teges....

A. Pinter banget
B. Bodho banget
C. Seneng tetulung
D. Seneng njupukan
E. Seneng nyambut gawe

Jawaban: D

Gatosaken ukara-ukara ing ngandhap!

1) Wahyu digoleki kawit mau jebul nembe menek klapa ing mburi omah.
2) Pakdhe anggone golek dhuwit nganti direwangi adus kringet.
3) Kabeh pakaryan wis dirampungake para pemudha-pemudhi ing dhusun kene.
4) Wong kok ayune kaya ngono, apa merga alise nanggal sepisan.
5) Yawis pancen kaya ngono kuwi adhimu, lakune kaya macan luwe.

20. Ukara ingkang migunakake tembung entar yaiku....

A. 1
B. 2
C. 3
D. 4
E. 5

Jawaban: B

- Baca Berita Terbaru Lainnya di GOOGLE NEWS
- Dapatkan Berita Viral Via Saluran WhatsApp

!!!Membaca Bagi Pikiran Seperti Olahraga Bagi Tubuh!!! 

Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved