Pendidikan

JAWABAN Tugas Wulangan 4 Bahasa Jawa Kelas 11 Kurikulum Merdeka Halaman 95

Untuk itu, pelajari seluruhnya sebagai persiapan untuk menghadapi ulangan semester 1........................................

Penulis: Madrosid | Editor: Madrosid
Kolase Tribunpontianak.co.id / sid / google
Wulangan 4 pada pelajaran Bahasa Jawa Kelas 11 Kurikulum Merdeka. Pembelajaran soal lengkap kunci jawaban sebagai pembelajaran. 

12. Pagelaran lakon bisa lumaku kanthi lancar lan apik, yen ….
a. Sekabehe pawongan kasangkut ing pagelaran kanthi linambaran rasa seneng.
b. Sekabehe pawongan melu ngatur pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.
c. Sekabehe pawongan makarya kanthi linambaran rasa seneng lan tanggung jawab.
d. Sekabehe pawongan melu netepake pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.
e. Sekabehe pawongan melu milih pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.

Jawaban : C

13. Sajerone pagelaran lakon, paraga kudu bisa ngatur swara, supaya….
a. Antawacanane bisa kaprungu endhek-dhuwur dening pamiarsa ing sajerone gedhung utawa panggung.
b. Antawacanane bisa kaprungu kanthi jelas dening pamiarsa ing sajerone gedhung utawa panggung.
c. Paraga lakon bisa ngatur intensitas (kekuatan/seru-lirihe suara) ing sajerone gedhung utawa panggung.
d. Paraga lakon bisa ngatur intonasi (nada/endhek-dhuwure suara) ing sajerone gedhung utawa panggung.
e. Paraga lakon bisa ngatur artikulasi (kedal/obah lan menga-mingkeme tutuk ) ing sajerone gedhung utawa panggung.

Jawaban : B

14. Cengkorongan (asring kasebut sinopsis) teks lakon, yaiku babon ringkes cerita lakon sing gunane kanggo ….
a. Nuntun panulis supaya bisa mahami urutane crita sing sawutuhe.
b. Nuntun panulis supaya asil ciptane bisa luwih apik lan temata urut-urutane.
c. Nuntun panulis supaya bisa maca cengkorongan kanthi gampang.
d. Nuntun dhalang supaya bisa mahami urutane crita sing sawutuhe.
e. Nuntun dhalang supaya bisa maca cengkorongan kanthi gampang.

Jawaban : D

15. Teks lakon katulis kanthi bleger kang dumadi saka….
a. bait, baris, paragraf, lan antawacana
b.paragraf,antawacana,swasana, lan pituduh laku
c. tokoh,bait, baris ,swasana, lan pituduh laku
d. tokoh,paragraf,swasana, lan pituduh laku
e. tokoh,antawacana,swasana, lan pituduh laku

Jawaban : E

II. Wangsulana pitakon-pitakon iki kanthi patitis!

1. Apa sing diarani drama?

Jawaban : 

Drama iku sawijining karya sastra kang disajikake kanthi wujud pagelaran langsung ing panggung utawa media liyane, sing nuduhake konflik, emosi, lan interaksi antar tokoh-tokoh sing digawé dening pangarang. Drama asring ngemot dialog lan aksi kanggo ngandhakake cerita lan tema.

2. Apa bedane drama tradhisional karo drama modheren?

Jawaban : 

Drama Tradhisional biasane nganut adat utawa kabudayan lokal, nganggo pola panggung lan unsur sing wis ana wiwit jaman biyen. Drama tradhisional asring ngemot unsur ritual utawa upacara.

Halaman
1234
Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved