Soal Kelas 12
CONTOH Soal Bahasa Jawa Kelas 12 Ulangan/Ujian Semester 1 Lengkap Kunci Jawaban UAS Bahasa Jawa
Mintalah bantuan pada gurumu ketika menemukan kesulitan dalam menjawab pertanyaan.
6. Minangka basa ibu, Basa Jawa lumrahe panganggone … .
A. alus
B. kasar
C. kanthi tinulis
D. kanthi lisan
E. kanthi resmi
Jawaban:D
7. Yen kabandhingake karo basa ngoko, basa krama luwih … .
A. kasar lan rumaket
B. luwih gampang cak-cakane
C. alus lan nduweni surasa luwih ngajeni
D. lugu lan kurang ngajeni liyan
E. endhek tataran undha-usuke
Jawaban: C
8. Minangka pribadi kang lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan, jalaran ….
A. ing endi lan karo sapa kita rembugan panganggone basa padha wae.
B. panganggone basa ing warung kopi padha karo ing arisan ibu-ibu.
C. bocah sekolah, bocah kuliahan, para pegawe, yen jagongan basane padha wae.
D. para intelek, pemimpin agama, apa dene politikus, yen jagongan padha wae.
E. beda papan lan bab kang dirembug, bisa ndadekake beda panganggone basa.
Jawaban: E
9. Basa ngoko iku basa kang kaprah digunakake ing padinan lan watake … .
A. rumaket
B. ngajeni
C. guyonan
D. penting
E. mirunggan
Jawaban: A
10. Wong yen lagi nesu, lumrahe migunakake basa … .
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
E. ngoko lan krama
Jawaban: A
11. Ibu : Bapak wis dhahar?
Bapak : Wis, ngenteni Ibu kesuwen. Dakkira durung kondur.
Basa kang digunakake ing punggelan teks kasebut yaiku … .
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
E. ngoko lan krama
Jawaban: B
12. Wong/ bocah sabarakan/ meh padha umur-umurane migunakake basa … .
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
E. ngoko lan krama
Jawaban: A
13. Paman Adipati, kula ngaturaken sungkeming pangabekti mugi konjuk. Wangsulan kang trep yaiku …
A. Ya ngger, daktampa, ora liwat pamujiku tampanana.
B. Ki sanak menika sinten lan saking pundi?
C. Pancen bener kaya ngono kuwi kuwajibane duta.
D. Ana wigati apa kowe sowan mrene?
E. Pakaryan kang becik kudu kalestarekake!
Jawaban: A
14. Undha-usuk ing basa Jawa iku bakune mung ana loro yaiku… .
A. ragam ngoko alus lan ragam krama inggil
B. ragam ngoko lan ragam krama
C. ragam krama lugu lan ragam karma inggil
D. ragam ngoko lan krama inggil
E. ragam krama alus lan krama inggil
Jawaban: B
15. Wong/bocah nom kang nduweni pangkat kang luwih dhuwur marang wong tuwa kang dadi andhahane migunakake basa … .
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
E. ngoko lan krama
Jawaban: C
Cek Berita dan Artikel Mudah Diakses di Google News
50 Soal Bahasa Inggris Kelas 12 Ulangan/Ujian Semester 1 2025 Kurikulum Merdeka dan Kunci Jawaban |
![]() |
---|
50 Soal Sejarah Peminatan Kelas 12 Ulangan/Ujian Semester 1 2025 Kurikulum Merdeka dan Kunci Jawaban |
![]() |
---|
50 Soal Sejarah Indonesia Kelas 12 Ulangan/Ujian Semester 1 2025 Kurikulum Merdeka dan Kunci Jawaban |
![]() |
---|
50 Soal Matematika Kelas 12 Ulangan/Ujian Semester 1 2025 Kurikulum Merdeka Lengkap Kunci Jawaban |
![]() |
---|
50 Soal PPKN Kelas 12 Ulangan/Ujian Semester 1 2025 Kurikulum Merdeka Lengkap Kunci Jawaban PKN |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.