Bahasa Jawa Kelas 6

SOAL Bahasa Jawa Kelas 6 Ujian Sekolah Semester 1 dan Kunci Jawaban Terbaru dan Lengkap UAS/PAS

Setiap soal memiliki kunci jawaban sebagai panduan bagi siswa untuk mendapatkan gambaran dalam menghadapi ujian sekolah.

Editor: Madrosid
Kolase Tribunpontianak.co.id / sid / kurikulum merdeka
Soal pembahasan Bahasa JAWA kelas 6 SD lengkap dengan kunci sebagai panduan dalam belajar. 

Wacanen kang patitis wacan tembang macapat ing ngisor iki!
Kinanti
Padha gulungen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
ing kaprawiran den kaesthi,
pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.
Dadia lakunireku,
cegah dhahar lan guling,
lan aja sukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.
Yen wis tinitah wong agung,
aja sira nggunggung dhiri,
aja leket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ajak-ajak,
satemah anelulari.

Baca juga: BOCORAN Soal Tes Arsiparis Seleksi PPPK Teknis Lengkap Kunci Jawaban Soal Ujian CAT Arsiparis 2023

5. Tembang ing dhuwur kalebu jenise tembang Macapat ....
a. kinanthi
b. pucung
c. asmarandana
d. maskumambang

6. Saben pada wacana tembang ing dhuwur dumadi saka ... gatra.
a. 3
b. 4
c. 5
d. 6

7. Ing pada 1 wacana kasebut becike dadi siswa kudu bisa nglatih diri supaya ....
a. biasa
b. kulina
c. pinter
d. trampil

8. Ing pada 1 wacana kasebut becike dadi wong aja mung nggedhekake ....
a. mangan karo turu
b. mangan karo ngombe
c. mangan karo sinau
d. mangan lan dolanan

9. Tetembungan kaprawiran den kaesthi ing pada 1 wacana kasebut tegese
kaprawiran kudu ditindaake kanthi ....
a. sembrana
b. temen
c. sabisane
d. sakarepe

10. Bakune gagasan (pokok pikiran) sing bisa dijupuk saka pada 1 wacana kasebut,
yaiku ....
a. dadi wong iku santai wae
b. wong urip iku ora usah ngaya, mangan lan turu kudu cukup
c. dadi wong iku antarane nyambut gawe lan istirahat kudu cukup
d. wong urip iku kudu akeh nglatih dhiri supaya pinter, aja mung nggedhekake
mangan lan turu

11. Tegese ukara dadia lakunireku lan aja sukan-sukan ing pada 2 wacana
kasebut, yaiku dadi wong iku aja mung urip ....
a. sedhih
b. susah
c. prasaja
d. seneng-seneng

12. Tegese ukara Yen wis tinitah wong agung ing pada 3 wacana kasebut, yaiku
yen wis ditakdirake dadi ....
a. wong gedhe
b. wong cilik
c. wong mlarat
d. wong apik

13. Tegese tetembungan nggunggung dhiri ing pada 3 wacana kasebut, yaiku ....
a. pinter
b. wasis
c. sombong
d. prasaja

14. Paugeran(aturan/pedoman) ing tembang macapat ana 3, yaiku kang kasebut ing
ngisor iki, kajaba ....
a. guru gatra
b. guru wilangan
c. guru lagu
d. guru sastra

15. Cacahe gatra(baris) saben sapada ing tembung macapat diarani ....
a. guru basa
b. guru sastra
c. guru gatra
d. guru wilangan

16. Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra ing tembang macapat diarani ....
a. guru sastra
b. guru gatra
c. guru lagu
d. guru wilangan

17. Tibaning swara ing saben pungkasane gatra ing tembang macapat diarani ....

a. guru gatra
b. guru wilangan
c. guru lagu
d. guru sastra

Halaman
123
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved