Soal Kelas 7

Soal Ulangan Harian hingga Ujian Semester 1 Bahasa Jawa Kelas 7 Lengkap Kunci Jawaban Bahasa Jawa

Selain soal Bahasa Jawa dalam artikel ini juga merangkum soal dan kunci jawaban semua pelajaran kelas 7.

Editor: Syahroni
TRIBUNPONTIANAK.CO.ID
Kumpulan soal ulangan Bahasa Jawa kelas 7. 

Minangka salah sawijining papan wisata ing Jawa Wetan, dumunung ing kutha Blitar kalebu wisata budaya / cagar budaya. Manggon ana ing sangisore Gunung Kelud. Ing sakupenge tinemu  reca ( arca ) peninggalan saka kerajaan Kediri.

16. Wisata ing dhuwur nyritakake ….
a. Pesisir Ngliyep
b. Kampung Coklat
c. Candi Penataran
d. Pesarean Bung karno

Jawab : c

17. Piranti sing digunakake petani methiki pari yaiku ….
a. Pacul
b. Dos
c. Ani-ani

d. Arit

Jawab : c

18. Tuladha ukara tanggap ing ngisor iki yaiku ….
a. Adhi nangis goro-goro tiba
b. Budi dikongkon ibune tuku gula
c. Bayu numpak sepur seneng banget
d. Santi nyirami kembang ing pekarangan

Jawab : b

19. Tukang gawe barang saka kayu iku diarani ….
a. Kemasan
b. Jlagra
c. Pandhe
d. Undhagi

Jawab : d

20. Lemah kang dikanggokake nandur lan tetanen palawija utawa tanduran liyane diarani ….
a. Pekarangan
b. Alun-alun
c. Tegalan
d. Lapangan

Jawab : c

21. Bocah kui lungguhe antheng kitiran.
Tegese sanepa ing dhuwur yaiku ….
a. Tansah antheng banget
b. Tansah polah ora bisa meneng
c. Tansah tengok-tengok nganti keturu
d. Tansah ajeg ora bisa obah

Jawab : b

22. Pakdhe nembe ngendhikan kalian Mas Ahmad sing ana kutha Surabaya kanthi sarana ….
a. Televisi
b. Radio
c. Bis
d. Telepon

Jawab : d

23. Perangane layang kang nelakake ungah-ungguhe kang ngirim layang marang wong kang dikirimi diarani ….
a. Adangiyah
b. Titi mangsa
c. Surasa basa
d. Wasana basa

Jawab : a

24. Kembang kencur, gandha sedhep sandhing sumur

Kudu jujur, …..
Lanjutane parikan ing dhuwur yaiku ….
a. Yen kepengen uripe ajur
b. Yen kepengen uripe makmur
c. Yen kepengen nduweni sumur
d. Yen kepengen tuku kasur

Jawab : b

25. Perang Baratayudha iku perange Pandhawa kalian ….
a. Prabu Kresna
b. Kurawa
c. Punakawan
d. Ramayana

Jawab : b

26. Basa ngoko lugu yaiku basa kang tembung-tembunge diucapake kanthi ngoko kabeh. Basa ngoko lugu iku ora panteng diucapake ….
a. Wong tuwa marang anake
b. Bocah marang kancane
c. Anak marang wong tuwa
d. Wong tuwa marang wong enom

Jawab : c

Wingi Dina nyilih buku ceritamu amarga dewekke seneng
Potlote apa wis kokbalekake
Payunge digawa bapak
Amarga kowe bali dhisik dadi tasmu dakgawakna

27. Tembung – tembung kang kawuwuhan ater-ater anuswara yaiku ….
a. Nyilih
b. Digawa
c. Dakgawakna
d. Kokbalekake

Jawab : a

28. Rukun agawe santosa, crah ….
Paribasan ing dhuwur iku terusane sing bener yaiku ….
a. Agawe lumrah
b. Agawe bungah
c. Agawe susah
d. Agawe bubrah

Jawab : d

29. Ukara ing ngisor iki sing kalebu krama inggil yaiku ….
a. Kula dipunsukani duwet katah
b. Simbah dipunaturi sare wonten kamar
c. Adik lagi dolanan ana ing plataran
d. Bapak nembe kesah saking omah

Jawab : b

Esuk umun umun para kadhang tani tumandhang gawe menyang sawah, padha sayuk rukun makarya ing sawah kanthi sengkud, ana kang macul, ana kang ngresiki gulma, ana sing mupuk lsp, supaya nalika mangsa panen, asil panen apik lan nyenengake.

30. Tembung “ macul, ngresiki lan mupuk “ kalebu tembung ….
a. Wilangan
b. Kahanan
c. Panyilah
d. Kriya

Jawab : d

Para pangunjung yen kepengin lunga menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum.

30. Saka ukara ing ndhuwur, kang kalebu tembung ancer-ancer yaiku tembung ....
a. Menyang
b. Sendhang biru
c. Para pengunjung
d. Kendaraan umum

Jawab : a

31. Kang diarani pahlawan / tokoh iku minangka salah sawijining paraga kang bisa dadi patuladhan uga duweni gegayuhan marang nusa lan bangsa. Piyambakipun mimpin perang gerilya ing jaman penjajahan Walanda. Gambar ing ngisor iki tuladhane paraga kang melu nyengkuyung kanggo kamardikan Indonesia yaiku ….

a. B.J. Habibie
b. Gajah Mada
c. Jendral Sudirman
d. Drs, Mohammad Hatta

Jawab : c

Mbak Rani wingi lunga menyang Pekalongan arep tuku Batik.

32. Yen nganggo basa ngoko alus, yaiku ….
a. Mbak Rani kalawingi kesah dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik
b. Mbak Rani kalawingi tindhak dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik
c. Mbak Rani wingi tindhak menyang Pekalongan arep mundhut Batik.
d. Mbak Rani wingi kesah datheng Pekalongan arep mundhut Batik

Jawab : c

Gunung Arjuna yen didheleng saka kutha Malang mligine tlatah Singosari katon ijo royo royo, ing lembah utawa kaki gunung kaya kaya astane satria kang gagah prakosa njaga alam ing sakiwa tengene.

33. Miturut tata rakite utawa jenise tembung, tembung “saka” kalebu tembung ancer ancer amarga tembung saka….
a. Sesulihing Gunung Arjuna
b. Nerangake kaendahan ing Gunung Arjuna
c. Kanggo nerangake pangrasa ndheleng Gunung Arjuna
d. Kanggo nyambung tembung di dheleng karo Kutha Malang

Jawab : d

Agrowisata Kebun Teh Wonosari minangka salah satunggaling papan wisata kang asri ana ing wewengkon Kutha Malang. Dumunung kira kira 6 km saka Lawang lan 30 km saka Malang, ana ing lerenge Gunung Arjuna, mula hawane adhem

34. Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ....
a. Kolaborasi
b. Idhentifikasi 
c. Klasifikasi
d. Deskripsi bageyan

Jawab : b

Adikku nggawa buku Basa Jawa kanggo sinau

35. Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ….
a. Upaya
b. Wektu
c. Tujuan
d. Panggonan

Jawab : c

Cek Berita dan Artikel Mudah Diakses di Google News

Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved