Jawaban: B
20. Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ….
a. Upaya
b. Wektu
c. Tujuan
d. Panggonan
Jawaban: C
21.
I) Kembang jagung arane sinuwun
II) Kembang lombok arane gleges
III) Kembang cengkeh arane polong
IV) Kembang blimbing arane maya
Arane wit lan kembange sing bener ditunjukake nomer ….
a. I, II, III, IV
b. II lan IV
c. I lan IV
d. I, III lan IV
Jawaban: D
22. Roni iku bocahe isinan, ora kaya kanca-kancane.
Tembung isinan iku tegese ….
a. Ora nduwe isin
b. Seneng ngisin-ngisini
c. Gampang isin
d. Ora isin blas
Jawaban: C
23. Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ....
a. Idhentifikasi
b. Kolaborasi
c. Klasifikasi
d. Deskripsi bageyan
Jawaban: D
24. Wisata ing dhuwur nyritakake ….
a. Pesisir Ngliyep
b. Kampung Coklat
c. Candi Penataran
d. Pesarean Bung karno
Jawaban: C
25. Piranti sing digunakake petani methiki pari yaiku ….
a. Pacul
b. Dos
c. Ani-ani
d. Arit
Jawaban: C
26. Tuladha ukara tanggap ing ngisor iki yaiku ….
a. Adhi nangis goro-goro tiba
b. Budi dikongkon ibune tuku gula
c. Bayu numpak sepur seneng banget
d. Santi nyirami kembang ing pekarangan
Jawaban: B
27. Tukang gawe barang saka kayu iku diarani ….
a. Kemasan
b. Jlagra
c. Pandhe
d. Undhagi
Jawaban: D
28. Lemah kang dikanggokake nandur lan tetanen palawija utawa tanduran liyane diarani ….
a. Pekarangan
b. Alun-alun
c. Tegalan
d. Lapangan
Jawaban: C
29. Bocah kui lungguhe antheng kitiran.
Tegese sanepa ing dhuwur yaiku ….
a. Tansah antheng banget
b. Tansah polah ora bisa meneng
c. Tansah tengok-tengok nganti keturu
d. Tansah ajeg ora bisa obah
Jawaban: B
30. Pakdhe nembe ngendhikan kalian Mas Ahmad sing ana kutha Surabaya kanthi sarana ….
a. Televisi
b. Radio
c. Bis
d. Telepon
Jawaban: D
31. Perangane layang kang nelakake ungah-ungguhe kang ngirim layang marang wong kang dikirimi diarani ….
a. Adangiyah
b. Titi mangsa
c. Surasa basa
d. Wasana basa
Jawaban: A
32. Kembang kencur, gandha sedhep sandhing sumur
Kudu jujur, …..
Lanjutane parikan ing dhuwur yaiku ….
a. Yen kepengen uripe ajur
b. Yen kepengen uripe makmur
c. Yen kepengen nduweni sumur
d. Yen kepengen tuku kasur
Jawaban: B
33. Perang Baratayudha iku perange Pandhawa kalian ….
a. Prabu Kresna
b. Kurawa
c. Punakawan
d. Ramayana
Jawaban: B
34. Basa ngoko lugu yaiku basa kang tembung-tembunge diucapake kanthi ngoko kabeh. Basa ngoko lugu iku ora panteng diucapake ….
a. Wong tuwa marang anake
b. Bocah marang kancane
c. Anak marang wong tuwa
d. Wong tuwa marang wong enom
Jawaban: C
35. Tembung – tembung kang kawuwuhan ater-ater anuswara yaiku ….
a. Nyilih
b. Digawa
c. Dakgawakna
d. Kokbalekake
Jawaban: A
Dapatkan Informasi Terkini dari Tribun Pontianak via SW di sini
Cek berita dan artikel menarik lainnya Setiap Hari di Tribun Pontianak Google News