TRIBUNPONTIANAK.CO.ID - Berikut pembelajaran melalui soal Bahasa Jawa Kelas 6 SD pada semester 1 UAS/PAS.
Setiap soal memiliki kunci jawaban sebagai panduan bagi siswa untuk mendapatkan gambaran dalam menghadapi ujian sekolah.
Maka dari itu pastikan untuk menyimak seluruh soal dengan seksama.
Pastikan pula menjawabnya terlebih dahulu sebelum melihat jawabannya pada kunci jawaban.
Sebab pembelajaran ini mengasah kemampuan siswa untuk terbiasa menghadapi ujian sekolah sekelas UAS/PAS.
Soal Bahasa Jawa Kelas 6
Baca juga: Soal Ujian Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 1 dan Kunci Jawaban Terbaru dan Lengkap UAS/PAS
1. Teks kang ngandarake fakta, kamomot ing medhia cetak, lan elektronik, isine kedadeyan utawa prastawa kang lagi dadi omongane masyarakat, diarani teks….
a. Persuasi
b. Sesanti
c. Pawarta
d. Pariwara
2. Pawarta iku kudu ngandharake kedadeyan kang….
a. Khayal
b. Angen-angen
c. Nyata
d. Luput
3. Bu Guru ngendika, “yen salah sijine ekosistem rusak, lingkungane ya rusak”.
Tuladha linkungan kang rusak yaiku….
a. Kali kang resik
b. Alas kobong
c. Ora ana uwuh ing segara
d. Wit-witan kanng ijo royo-royo
4. Prahara sing biasane dumadi nalika wayah rendheng yaiku….
a. Alas kobong
b. Banjir
c. Lindhu
d. Gunung mbledhos
Wacanen kang patitis wacan tembang macapat ing ngisor iki!
Kinanti
Padha gulungen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
ing kaprawiran den kaesthi,
pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.
Dadia lakunireku,
cegah dhahar lan guling,
lan aja sukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.
Yen wis tinitah wong agung,
aja sira nggunggung dhiri,
aja leket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ajak-ajak,
satemah anelulari.
Baca juga: BOCORAN Soal Tes Arsiparis Seleksi PPPK Teknis Lengkap Kunci Jawaban Soal Ujian CAT Arsiparis 2023
5. Tembang ing dhuwur kalebu jenise tembang Macapat ....
a. kinanthi
b. pucung
c. asmarandana
d. maskumambang
6. Saben pada wacana tembang ing dhuwur dumadi saka ... gatra.
a. 3
b. 4
c. 5
d. 6
7. Ing pada 1 wacana kasebut becike dadi siswa kudu bisa nglatih diri supaya ....
a. biasa
b. kulina
c. pinter
d. trampil
8. Ing pada 1 wacana kasebut becike dadi wong aja mung nggedhekake ....
a. mangan karo turu
b. mangan karo ngombe
c. mangan karo sinau
d. mangan lan dolanan
9. Tetembungan kaprawiran den kaesthi ing pada 1 wacana kasebut tegese
kaprawiran kudu ditindaake kanthi ....
a. sembrana
b. temen
c. sabisane
d. sakarepe
10. Bakune gagasan (pokok pikiran) sing bisa dijupuk saka pada 1 wacana kasebut,
yaiku ....
a. dadi wong iku santai wae
b. wong urip iku ora usah ngaya, mangan lan turu kudu cukup
c. dadi wong iku antarane nyambut gawe lan istirahat kudu cukup
d. wong urip iku kudu akeh nglatih dhiri supaya pinter, aja mung nggedhekake
mangan lan turu
11. Tegese ukara dadia lakunireku lan aja sukan-sukan ing pada 2 wacana
kasebut, yaiku dadi wong iku aja mung urip ....
a. sedhih
b. susah
c. prasaja
d. seneng-seneng
12. Tegese ukara Yen wis tinitah wong agung ing pada 3 wacana kasebut, yaiku
yen wis ditakdirake dadi ....
a. wong gedhe
b. wong cilik
c. wong mlarat
d. wong apik
13. Tegese tetembungan nggunggung dhiri ing pada 3 wacana kasebut, yaiku ....
a. pinter
b. wasis
c. sombong
d. prasaja
14. Paugeran(aturan/pedoman) ing tembang macapat ana 3, yaiku kang kasebut ing
ngisor iki, kajaba ....
a. guru gatra
b. guru wilangan
c. guru lagu
d. guru sastra
15. Cacahe gatra(baris) saben sapada ing tembung macapat diarani ....
a. guru basa
b. guru sastra
c. guru gatra
d. guru wilangan
16. Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra ing tembang macapat diarani ....
a. guru sastra
b. guru gatra
c. guru lagu
d. guru wilangan
17. Tibaning swara ing saben pungkasane gatra ing tembang macapat diarani ....
a. guru gatra
b. guru wilangan
c. guru lagu
d. guru sastra
18. Ing ngisor iki bab-bab sing kudu digatekake anggone maca geguritan, kajaba ....
a. kudu apal isine geguritan
b. kudu nggatekake pocapan lan wiramane
c. bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep
d. mangerteni isi lan karepe geguritan kasebut, banjur dirasakake
19. Endahing geguritan dumunung ing bab-bab kaya kang kasebut ing ngisor iki,
kajaba ....
a. nggunakake wirama utawa lagune
b. busanane basa kang maneka warna
c. pilihane tetembungan sing mentes, trep, lan mantesi
d. tanpa nggunakake busanane basa kang maneka warna
20. Wawancara kang pitakone ora ditemokake luwih dhisik, gumantung
marang swasanane wawancara, dene respondhen bebas njawab gumantung
marang pitakone, kalebu wawancara ....
a. bebas
b. individual
c. konferensi
d. Terpimpin
Kunci Jawaban
1. C
2. C
3. B
4. B
5. A
6. C
7. D
8. C
9. A
10. B
11. D
12. D
13. A
14. C
15. D
16. C
17. D
18. C
19. A
20. D
Soal Essay
1. Wit gedhang arane ....
2. Isine asem arane ....
3. Godhong asem arane ....
4. Witing jagung, mas, yen ... kudu dietung.
5. Roning mlinjo,sampun sayah nyuwun ....
Kunci Jawaban
1. Debog
2. Klungsu
3. Sinom
4. Bon
5. Ngaso