Soal Kelas 7
45 Soal Bahasa Jawa Kelas 7 SMP Semester 1 K Merdeka Lengkap Kunci Jawaban Soal Ulangan/Ujian B Jawa
Ada beberapa contoh soal ujian yang dirangkum dalam artikel ini sebagai bahan belajar.
13. Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ….
a. Upaya
b. Wektu
c. Tujuan
d. Panggonan
Jawab : c
Para pangunjung yen kepengin lunga menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum.
14. Saka ukara ing ndhuwur, kang kalebu tembung ancer-ancer yaiku tembung ....
a. Menyang
b. Sendhang biru
c. Para pengunjung
d. Kendaraan umum
Jawab : a
15. Bocah-boah lagi mloya-mlayu ing lapangan kidul desa.
Ukara ing dhuwur iku sing kalebu tembung dwilingga salin swara yaiku ….
a. Bocah-bocah
b. Mloya-mlayu
c. Lapangan
d. Kidul desa
Jawab : b
16. Anak wedus jenenge cempe, yen anak sapi jenenge ….
a. Bledug
b. Beyes
c. Pedet
d. Cemeng
Jawab : c
17. Bayu, braja, maruta, pawana lan samirana iku dasanamane ….
a. Langit
b. Geni
c. Angin
d. Bumi
Jawab : c
18. Gagasan pokok kang dadi dhasaran kanggo ngembangake carita diarani ….
a. Tema
b. Judul
c. Alur
d. Pachelaton
Jawab : a
19. Babagan sing ora perlu dilaporke ing dalem nulis palaporan tulisan yaiku ….
a. Sing diamati
b. Wektu ngamati
c. Panggonan ngamati
d. Bekal Ngamati
Jawab : d
20. Perangane layang kang nelakake ungah-ungguhe kang ngirim layang marang wong kang dikirimi diarani ….
a. Adangiyah
b. Titi mangsa
c. Surasa basa
d. Wasana basa
Jawab : a
21. Kembang kencur, gandha sedhep sandhing sumur
Kudu jujur, …..
Lanjutane parikan ing dhuwur yaiku ….
a. Yen kepengen uripe ajur
b. Yen kepengen uripe makmur
c. Yen kepengen nduweni sumur
d. Yen kepengen tuku kasur
Jawab : b
22. Perang Baratayudha iku perange Pandhawa kalian ….
a. Prabu Kresna
b. Kurawa
c. Punakawan
d. Ramayana
Jawab : b
23. Tanduran kang wite mrambat ing lemah iku diarani ….
a. Pala wija
b. Pala kesimpar
c. Pala kependhem
d. Pala kitri
Jawab : b
24. Basa ngoko lugu yaiku basa kang tembung-tembunge diucapake kanthi ngoko kabeh. Basa ngoko lugu iku ora panteng diucapake ….
a. Wong tuwa marang anake
b. Bocah marang kancane
c. Anak marang wong tuwa
d. Wong tuwa marang wong enom
Jawab : c
Aku tuku gula ing pasar
Kula tumbas gendhis wonten ing peken
Kula mundhut gula ing peken
Kula mundhut gendhis ing peken
25. Ukara ing dhuwur kang kalebu basa ngoko lugu yaiku nomer ….
a. 1
b. 2
c. 3
d. 4
Jawab : a
Ing Coban randa saliyane banyu anjlog akeh wahana wisata kang bisa kita temoni kayata : kebun satwa lan kebon woh - wohan, taman labirin kanggo wahana dolanan goleki dalan, papan kanggo outbond uga ana, ana kuliner utawa café lan uga ana hunting foto.
26. Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ....
a. Idhentifikasi
b. Kolaborasi
c. Klasifikasi
d. Deskripsi bageyan
Jawab : d
Minangka salah sawijining papan wisata ing Jawa Wetan, dumunung ing kutha Blitar kalebu wisata budaya / cagar budaya. Manggon ana ing sangisore Gunung Kelud. Ing sakupenge tinemu reca ( arca ) peninggalan saka kerajaan Kediri.
27. Wisata ing dhuwur nyritakake ….
a. Pesisir Ngliyep
b. Kampung Coklat
c. Candi Penataran
d. Pesarean Bung karno
Jawab : c
28. Piranti sing digunakake petani methiki pari yaiku ….
a. Pacul
b. Dos
c. Ani-ani
d. Arit
Jawab : c
29. Tuladha ukara tanggap ing ngisor iki yaiku ….
a. Adhi nangis goro-goro tiba
b. Budi dikongkon ibune tuku gula
c. Bayu numpak sepur seneng banget
d. Santi nyirami kembang ing pekarangan
Jawab : b
30. Tukang gawe barang saka kayu iku diarani ….
a. Kemasan
b. Jlagra
c. Pandhe
d. Undhagi
Jawab : d
31. Lemah kang dikanggokake nandur lan tetanen palawija utawa tanduran liyane diarani ….
a. Pekarangan
b. Alun-alun
c. Tegalan
d. Lapangan
Jawab : c
32. I) Kembang jagung arane sinuwun
II) Kembang lombok arane gleges
III) Kembang cengkeh arane polong
IV) Kembang blimbing arane maya
Arane wit lan kembange sing bener ditunjukake nomer ….
a. I, II, III, IV
b. II lan IV
c. I lan IV
d. I, III lan IV
Jawab : d
33. Roni iku bocahe isinan, ora kaya kanca-kancane.
Tembung isinan iku tegese ….
a. Ora nduwe isin
b. Seneng ngisin-ngisini
c. Gampang isin
d. Ora isin blas
Jawab : c
34. Bocah kui lungguhe antheng kitiran.
Tegese sanepa ing dhuwur yaiku ….
a. Tansah antheng banget
b. Tansah polah ora bisa meneng
c. Tansah tengok-tengok nganti keturu
d. Tansah ajeg ora bisa obah
Jawab : b
35. Pakdhe nembe ngendhikan kalian Mas Ahmad sing ana kutha Surabaya kanthi sarana ….
a. Televisi
b. Radio
c. Bis
d. Telepon
Jawab : d
- Baca Berita Terbaru Lainnya di GOOGLE NEWS
- Dapatkan Berita Viral Via Saluran WhatsApp
!!!Membaca Bagi Pikiran Seperti Olahraga Bagi Tubuh!!!
45 Soal Bahasa Indonesia Kelas 7 Semester 1 K Merdeka Lengkap Kunci Jawaban Soal Ulangan/Ujian B Ind |
![]() |
---|
40 Soal Seni Budaya Kelas 7 SMP Semester 1 K Merdeka Lengkap Kunci Jawaban Soal Ulangan/Ujian SBdP |
![]() |
---|
40 Soal PJOK Kelas 7 SMP MTs Semester 1 K Merdeka Lengkap Kunci Jawaban Soal Ulangan/Ujian Penjaskes |
![]() |
---|
50 Soal Alquran Hadist Kelas 7 Ulangan/Ujian Semester Ajaran 2025/2026 Lengkap Kunci Jawaban Essay |
![]() |
---|
50 Soal Fiqih Kelas 7 MTs Ulangan/Ujian Semester Tahun Ajaran 2025/2026 Lengkap Kunci Jawaban Essay |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.