Kunci Jawaban SMA

45 Soal Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 2 dan Kunci Jawaban Ulangan UTS UAS 2025 Kurikulum Merdeka

Perhatikan materi soal bahasa Jawa kelas 10 semester 2 Kurikulum Merdeka. Lagu kebangsaan Indonesia Raya, dkarang dening.

TRIBUNPONTIANAK.CO.ID/DOY MELANO
Perhatikan materi soal bahasa Jawa kelas 10 semester 2 Kurikulum Merdeka. Lagu kebangsaan Indonesia Raya, dkarang dening. 

5.     "Swandagni, sira anakku mbarep sing tak gadhang-gadhang bisa ngreksa kawibawaning wong tuwa.
Tampanana kerisku iki, mangkata menyang kutha raja Maespati. Golekana ibumu.
Yen wis ketemu, keris iki kudu kokumbah nganggo getihe ibumu Dewi Renuka."
Kang nuduhake manawa pethikan iku kalebu teks sastra yaiku...
a. Swandagni, sira anakku mbarep sing tak gadhang-gadhang.
b. Dak gadhang-gadhang bisa ngreksa kawibawaning wong tuwa.
c. Tampanana kerisku iki, mangkata menyang kutha raja Maespati.
d. ngreksa kawibawaning wong tuwa; kokumbah nganggo getihe.
e. mangkata menyang kutha raja Maespati; golekana ibumu.
Kunci Jawaban: D

6.     Dewi Sedhah Merah kaya-kaya pupus atine kanggo mecaki dina-dina ing lembaraning uripe.
Senajan wis ora kurang-kurang anggone adipati Siung Laut nggedhekake atine putrine, nanging sekaring kedhaton kadipaten Blambangan kuwi kaya-kaya saya kelem jroning panalangsa.
Tetembungan kang ngemu surasa ora salugune ing pethikan teks kasebut yaiku....
a. Dewi Sedhah Merah kaya-kaya, pupus atine, kadipaten Blambangan
b. pupus atine, lembaraning uripe, nggedhekake atine
c. wis ora kurang-kurang, sekaring kedhaton, kelem jroning panalangsa
d. pupus atine, adipati Siung Laut, kadipaten Blambangan
e. wis ora kurang-kurang, sekaring kedhaton, jroning panalangsa
Kunci Jawaban: A

7.     Sangsangan rukmi ingkang kinarya tiba dhadha, pinatik-patik sesotya, satuhu karya lam-laming kang samya humiyat.
Kebayaknya awarni langking sinulam benang kencana kembar padha irenge kaliyan busanane temanten kakung.
Pethikan ing dhuwur mujudake panyandra tumrap....
a. Pepanggihane manten
b. Kirap kasatriyan manten
c. Busanane penganten
d. Kirap kanarendran
e. Pahargyan manten
Kunci Jawaban: C

8.     Paragraf kang nggunakake tetembungan basa rinengga yaiku....
a. UKS-e kudu lengkap isine sokur ana dokter pengawase sing kalamangsa nunggoni ing UKS. Kader kesehatan uga kudu ana supaya ana calon-calon penerus tenaga medis.
b. Ing area sekolah kudu akeh wit-witan kang cukup gedhe sokur yen uga ngasilake uwoh. Wit-witan ditandur ana ing plataran ngarep, antarane gedhung karo gedhung, mburi sekolah, pinggir lapangan.
c. Mbiyen ora ana sing nglirik, nanging saiki dadi rebutan. Kepopulerane saya tambah merga pranyata tanduran kang beracun‘ iki manfaate akeh banget. Wiwit minangka bahan baku biodisel, tanduran pelindung, obat tradisional, pakan ternak, insektisida lan sumber pupuk.
d. Sawise pikirane kagelar kagulung, Dewi Sedhah Merah wis manteb nedya nduwa kersame ramane yen nganti dheweke arep kadhaupake klawan patih Jathasura. Mula sekaring kedhaton ing kadipaten Blambangan kuwi tansah mbududaya golek cara supaya bisa uwal saka papan kono.
e. Saiki sawise ndonya rumangsa kekurangan bahan rgan minyak, merga cadangan minyake saya entek, manungsa bali nggunakake lenga jarak minangka bahan baker disel. Yen dibandhingake karo BBM lenga jarak luwih nguntungake merga sumbere ora bakal entek, angger gelem nandur.
Kunci Jawaban: D

9.     Bakso bakmi, mi apa micin, cin apa cinta, kalebu purwakanthi.....
A. Guru Sastra
B. Guru Gatra
C. Guru Wilangan
D. Guru Basa
E. Guru Swara
Kunci Jawaban: D

10.     Unen-unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan lan ngemu teges, diarani ...
A. Panyandra
B. Pepindhan
C. Purwakanthi
D. Basa Lingga
E. Basa Krama
Kunci Jawaban: A

11.     Tembung panyandra asale saka tembung lingga utawa basa Kawi, kang ateges. ...
A. Tunggal
B. Endah
C. Kahanan
D. Dumadi
E. Maneka warna
Kunci Jawaban: B

12.     Pakulitane kuning langsep, kalebu candrane.....
A. Peragane awak
B. Lingkungan
C. Rasane buah
D. Solah bawa
E. Tandang gawe
Kunci Jawaban: A

13.     Lembehane mblarak sempal, kalebu candrane...
A. Rasane ati
B. Pakulinan
C. Solah bawa
D. Manungsa
E. Tetukulan
Kunci Jawaban: C

14.     Ing aksara Jawa ana pirang huruf ?...
A. 21
B. 23
C. 18
D. 20
E. 17
Kunci Jawaban: D

15.     Akasara Jawa iku, panulisane ana sandhangan,kang unine (U) yaiku....
A. Suku
B. Wulu
C. Pangkon
D. Wigyan
E. Taling
Kunci Jawaban: A

16.     Unen-unen kang ajeg panganggone,mawa teges entar, di arani...
A. Saloka
B. Bebasan
C. Paribasan
D. Guru Wilangan
E. Guru Gatra
Kunci Jawaban: C

17.     Arep jamure emoh watange, kalebu tuladha....
A. Saloka
B. Paribasan
C. Sandangan
D. Guru Basa
E. Bebasan
Kunci Jawaban: E

18.     Kutuk marani sunduk, kalebu tuladha.....
A. Basa Rinengga
B. Paribasan
C. Bebasan
D. Guru gatra
E. Saloka
Kunci Jawaban: E

19.     Purwakanthi kaperang dadi telu,yaiku Guru Swara,Guru Sastra lan.. ..
A. Guru Basa
B. Guru Wilangan
C. Guru Gatra
D. Guru Lagu
E. Krama Inggil
Kunci Jawaban: A

Halaman
1234
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved