Breaking News

Pendidikan

SOAL dan Jawaban Bahasa Jawa Kelas 10 Ulangan Semester 2 Tahun 2025 Pilihan Ganda Terbaru

Pastikan untuk memperbanyak belajar menggunakan latihan agar lebih banyak referensi dalam menghadapi soal ulangan.

Penulis: Madrosid | Editor: Madrosid
Kolase / Tribunpontianak.co.id / sid / google
Soal Bahasa Jawa Kelas 10 sebagai panduan belajar. Untuk menghadapi ujian sekolah semester 2 tahun 2025. 

TRIBUNPONTIANAK.CO.ID - Inilah soal latihan Bahasa Jawa Kelas 10 semester 2 sebagai pembelajaran dalam meningkatkan kemampuan diri.

Terdiri dari soal pilihan ganda yang dilengkapi dengan kunci jawaban.

Untuk memudahkan peserta didik dalam belajar mengasah kemampuan.

Serta mendapatkan gambaran soal yang kemungkinan keluar dalam ujian sekolah.

Terutama dalam pelaskanaan ulangan/ujian sekolah semester 2 ini.

Pastikan untuk memperbanyak belajar menggunakan latihan agar lebih banyak referensi dalam menghadapi soal ulangan.

Soal Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 2

Gatosaken wacan ing ngandhap!

Kasatriya Bima utawa Bima Sena iku anak lanang nomer loro saka Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi kang kalebu Pandhawa Lima. Bima uga nduweni jeneng liya, yaiku Werkudara, kang tegese gagah prakosa, medeni kanggo sapa wae kang dadi mungsuhe.

Baca juga: 60 SOAL UAS Seni Budaya dan Prakarya Kelas 6 SD Semester 2 Kurikulum Merdeka 2025, Jawaban USP USBN

1. Pethikan cariyos kasebut ing unsur intrinsik nggambarake....

A. Alur
B. Paraga
C. Tema
D. Sudut Pandang
E. Amanat

Jawaban: B

Gatosaken wacan ing ngandhap!

Ing Kahyangan Jonggring Saloka, Bathara Guru lan Bathara Narada lagi ngrembug ngenani Pandhawa kang nomer loro, yaiku Raden Bima sing wis wayahe metu saka bungkus. Wis wolung taun anggone tapa ing sajroning bungkus lan saiki wis wayahe metu dadi satriya kang manjila kanggo mbela kabecikan. Bathara Guru banjur ngundang Banthara Bayu lan tunggangane awujud Gajah, arane Gajah Sena kanggo rawuh ing palenggahane.

Sawise wong sakloron iku rawuh, Bathara Guru banjur maringi titah kanggo Bathara Bayu lan Gajah Sena. Bathara Bayu antuk titah kanggo menehi klambi sapengadeg marang Raden Bima ing sajroning bungkus. Nalika wis rampung, Gajah Sena nembe nyuwek si Bungkus nganggo gadhinge amarga mung gadhing iku kang bisa nyuwek si Bungkus. Sawise krasa cukup, Bathara Guru banjur paring dhawuh wong sakloron mau budhal menyang Alas Mandalasara. Kasusul pamite wong loro kasebut kanggo ngayahi ayahan ing tembe.

2. Latar panggonan saking cariyos kasebut yaiku wonten ing....

A. Ngastina
B. Gunung Mandalasari 
C. Bathara Guru
D. Bumi Arcapada
E. Kahyangan Jonggring Saloka

Jawaban: E

3. Pitutur luhur saking paragraf kaloro waosan kasebut yaiku....

A. Tumindak sopan marang raja utawa pimpinan
B. Kabeh tinitahe saka pimpinan kudu dilakokake
C. Paseduluran kang rumaket
D. Menawa ana masalah kudu dirembug
E. Aja seneng njejaluk marang wong liya

Jawaban: B

4. Wosing saking paragraf kapisan waosan kasebut yaiku....

A. Bathara Guru menehi titah marang Gajah Sena tumurun saka kahyangan 
B. Bathara Guru lan Bathara Narada lagi ngrembug ngenani Pandawa kang nomer loro
C. Gajah Sena tumurun saka kahyangan nuju Ngastina kaliyan bathara Guru
D. Bathara Bayu tumurun ing Bumi bareng Gajah Sena lan Bathara Narada
E. Si Bungkus kasil dibedhah dening Gajah Sena lan dadi kesatria

Jawaban: B

Gatosaken wacan ing ngandhap!

“Priye? Aku mbokkongkon mbalekake Dewi Sinta? Hmmm, Kumbakarna. Kumbakarna! Gedhemu, gedhe, dhuwurmu ya dhuwur! Umurmu ya wis tuwa, lha kok pikiranmu landhep dhengkul! Ngertia, Kumbakarna! Dewi Sinta iku mung kanggo jalaran! Saiki wae Ramawijaya wis gelem nyepeleke aku! Eling-elingen nalika punggawa jajahanku ing laladan alas Dhandhaka dipateni dening Ramawijaya, apa meneh mbesuk ora ngidaka pisan! Dadi saupama saiki si Ramawijaya mati ing palagan Alengka mesthi bisa ngadeg jaya nganti teka wekasaning jaman. Nanging yen si Rama iku isih urip, ora saiki, mbesuk-mbesuk kono mesthi ngremuk negara kita!”

5. Papan ing cariyos nginggil yaiku....

A. Dwarawati
B. Maespati
C. Cempala
D. Alengka
E. Pringgodani

Jawaban: D

6. Watak saking Kumabakarna yaiku....

A. Ora wani lan seneng gawe gara-gara ing negarane
B. Seneng mateni lan seneng gawe rusuh
C. Seneng njupuk barange lan ngrupeki wong liya
D. Seneng nyolong lan ngrusak omahe wong liya
E. Prawira lan kerep ngandhani Rahwana supaya sadhar

Jawaban: E

7. Kumbakarna ngandani Rahwana supaya mbalekake....

A. Dewi Sinta
B. Dewi Umayi
C. Ramawijaya
D. Dasamuka
E. Lesmana

Jawaban: A

8. Piwulang saking waosan ing nginggil yaiku....

A. Dadi manungsa kudu gemi, setiti, lan ngati-ati
B. Dadi manungsa kudu seneng nyawang wong liya susah
C. Dadi manungsa kudu sregep nyolong supaya bisa duwe
D. Dadi manungsa kudu mbalekake sing ora duweke
E. Dadi manungsa kudu seneng tulung-tinulung marang liyan

Jawaban: D

9. Tembung landhep dhengkul ing nginggil nggadahi teges....

A. Pinter banget
B. Bodho banget
C. Seneng tetulung
D. Seneng njupukan
E. Seneng nyambut gawe

Jawaban: B

Gatosaken ukara-ukara ing ngandhap!

1) Wahyu digoleki kawit mau jebul nembe menek klapa ing mburi omah.
2) Pakdhe anggone golek dhuwit nganti direwangi adus kringet.
3) Kabeh pakaryan wis dirampungake para pemudha-pemudhi ing dhusun kene.
4) Wong kok ayune kaya ngono, apa merga alise nanggal sepisan.
5) Yawis pancen kaya ngono kuwi adhimu, lakune kaya macan luwe.

10. Ukara ingkang migunakake tembung entar yaiku....

A. 1
B. 2
C. 3
D. 4
E. 5

Jawaban: B

Gatosaken wacan ing ngandhap!

Panjenenganipun para tamu saha para lenggah, mekaten menggah urut reroncening tata adicara ing siyang menika, murih rahayuning sedya sumangga kita tansah sami nyenyuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha agung, mugi-mugi lampahing adicara ing kalenggahan punika pinaringan karaharjan lan tinebihaken saking rubeda. 

11. Pethilan teks ing nginggil kalebu perangan teks panatacara kang diarani....

A. Salam pambuka
B. Pambuka
C. Isi 
D. Panutup 
E. Pangarep-arep 

Jawaban: E

Gatosaken wacan ing ngandhap!

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu bagya mulya, minangka adiacara ingkang pungkasan nun inggih donga ingkang badhe kapandegani dening ingkang kinurmatan bapa Slamet. Anaging saderengipun adicara donga kalaksanan, konjuk dhumateng bapa Mukidi keparenga hanjengkaraken pinanganten kekalih kanthi tumuju wiwaraning sasana pawiwahan saperlu nguntapaken konduring para rawuh saha nyuwun tambahing berkah pangestu, lan saking kula minangka panatacara hambok bilih wiwitan dumugi pungkasan wonten kiranging subasita saha atur kula ingkang boten nuju prana, kula nyuwun agunging.... nuwun, nuwun, maturnuwun.

12. Tembung ingkang trep kangge jangkepi teks panatacara ing nginggil yaiku....

A. pangaksami
B. maturnuwun
C. pangapura
D. sesulih 
E. rantamaning 

Jawaban: A

13. Ing ngandhap punika pratelan kang wosingipun boten nuduhake babagan surasaning basa yaiku....

A. kula minangka sesulih saking Bapa Kurniawan sakaluwarga, nyuwun pangapunten bilih kathah kekirangan saha kalepatan ing samudayanipun
B. mugi-mugi temanten kekalih tansah rukun, asih sinisihan, lan mulya gesangipun
C. wasana minangka panutuping atur, bilih anggen kula matur wonten kalepatan, kula nyuwun agunging samudra pangaksami, nuwun.
D. Bapa Sudirman ing titi wanci punika sampun hanetepi darmaning asepuh mahargya putra-putrinipun ingkang sesilih Rr. Ayu Sekar Triwarni dhaup kaliyan Bagus Muhammad Noor Arif
E. Mugi-mugi temanten sarimbit saged atut runtut ngantos kaken ninen.

Jawaban: B

14. Gatosaken tembang ing ngandhap punika!

1. Sinambi ing saben mangsa, 
2. Lelana teki-teki, 
3. Nggayuh geyonganing kayun, 
4. Sanitiyasa pinrihatin, 
5. Mamangun marta martani, 
6. Samangsane pasamuan, 
7. Kayungyun eninging tyas, 
8. Kala kalaning asepi, 
9. Puguh panggah cegah dhahar lawan nendra 
Urutan ingkang trep saking tembang Sinom ing nginggil yaiku....

A. 6, 5, 4, 3, 2, 1, 7, 8, 9
B. 6, 1, 5, 4, 2, 3, 7, 8, 9
C. 6, 5, 1, 8, 2, 3, 7, 4, 9 
D. 6, 7, 8, 2, 3, 1, 4, 5, 9
E. 6, 5, 1, 7, 2, 4, 3, 8, 9

Jawaban: B

15. Mamangun marta martani ngemu teges yaiku....

A. Ing saben patemon kudu tumindak becik lan sabar
B. Nyiptakake kabagyan lair batin kanthi tumindak sabar 
C. Saben ana kalodhangan becike mertapa
D. Saben mertapa kuwi kanggo nggayuh pepinginan
E. Tumindak prihatin aja mangan lan turu

Jawaban: B

16.

Ukara ing nginggil menawi dialihaksarake dados aksara latin yaiku….

A. Bonbin Mangkang salah siji papan pariwisata ing Jawa Timur
B. Bonbin Mangkang salah siji papan pariwisata ing Jawa Tengah
C. Bonbin Mangkang salah siji papan pariwisata ing Semarang
D. Bonbin Mangkang salah siji papan pariwisata ing Jawa Barat
E. Bonbin Mangkang salah siji papan pariwisata ing Mangkang

Jawaban: C

7. Salah siji dampak saka anane virus corona yaiku Ujian Nasional 2020 dibatalke.

Ukara ing nginggil menawa ditulis kanthi aksara Jawa yaiku….

A.

B.
C.
D.
E.

Jawaban: A

Gatosaken wacan ing ngandhap!

Saisine negara Astina bela sungkawa awit putrane Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi lair kanthi wujud ora lumrah yaiku kanthi kahanan bungkus. Sawetara ibune bungkus, Dewi Kunthi sing kudune bungah nampa kanugrahan putra, mung bisa pasrah marang keparenge Gusti nalika nyipati kahanan kang kaya mangkono. Ora ana senjata kang bisa tumama mecah wujuding bungkus. Pirang-pirang pambudidaya kanggo ngluwari panandhange bungkus ora ana sing kasil.

18. Nilai kang bisa dipunpendhet saking pethilan cariyos wayang ing nginggil yaiku....

A. Lila legawa
B. Kajujuran 
C. Andhap asor
D. Gedhe pangapura 
E. Lembah manah

Jawaban: A

19. Pitutur luhur ingkang saged dipunpendhet saking cariyos ing nginggil yaiku....

A. Kudu jujur marang liyan
B. Kudu legawa nalika arep mbiyantu sasama
C. Gawe senjata kang migunani tumrap sesami
D. Pasrah lan sabar nalika pikantuk pancoban saka Gusti
E. Golek kasekten kanggo nulung sapadha-padha

Jawaban: D

20. Paraga iki kang kasil mecah bungkus. Pecahing bungkus dadi sapatemon kalorone, kagyat dadi perange. Sirna jasade paraga iki, roh lan daya kekuwatane manjing jroning angga Sang Bungkus.

Paraga kang dimaksud saking wacan ing nginggil yaiku....
A. Raden Permadi
B. Gajah Sena
C. Dewi Umayi
D. Prabu Pandhu
E. Bratasena

Jawaban: B

21. Unen-unen kang ajeg panganggone,mawa teges entar, di arani...

A. Saloka
B. Bebasan
C. Paribasan
D. Guru Wilangan
E. Guru Gatra

Jawaban: C

22. Arep jamure emoh watange, kalebu tuladha....

A. Saloka
B. Paribasan
C. Sandangan
D. Guru Basa
E. Bebasan

Jawaban: E

23. Kutuk marani sunduk, kalebu tuladha.....

A. Basa Rinengga
B. Paribasan
C. Bebasan
D. Guru gatra
E. Saloka

Jawaban: E

24. Purwakanthi kaperang dadi telu,yaiku Guru Swara,Guru Sastra lan.. ..

A. Guru Basa
B. Guru Wilangan
C. Guru Gatra
D. Guru Lagu
E. Krama Inggil

Jawaban: A

25. Bocah pinter, pintere ngungkuli dhokter, kalebu puwakanthi guru....

A. Sastra
B. Basa
C. Swara
D. Wilangan
E. Lagu

Jawaban: B

26. Prakaryaku dituku ibu guru, kalebu purwakanthi guru...

A. Lumaksita
B. Lagu
C. Swara
D. Sastra
E. Wilangan

Jawaban: C

27. Sekul lepat ulam segara, wonten lepat nyuwun pangapura, kalebu purwakanthi....

A. Guru Lagu
B. Guru Swara
C. Guru Wilangan
D. Guru Basa
E. Guru Sastra

Jawaban: E

28. Mangan tahu, tahune kanggo Wong wolu, kalebu purwakanthi.....

A. Guru Basa
B. Guru Satra
C. Guru Lagu
D. Guru Swara
E. Guru Gatra

Jawaban: D

29. Panulisane “ endah “ nganggo sandhangan.... .lan.........

A. Taling lan wignyan
B. Suku lan wulu
C. Wignyan lan taling
D. Taling tarung lan cecak
E. Pasangan lan wignyan

Jawaban: A

30. Prahu layar, yen ditulis kudu nganggo sandhangan.............

A. Cakra re, suku lan layar
B. Layar lan pepet
C. Taling lan wulu
D. Wignyan lan Cecak
E. Taling tarung lan suku

Jawaban: A

31. Tembung “ kopyah “ yen di tulis, mawa aksara Jawa mbutuhake sandhangan.....

A. Taling tarung,cakra,wignyan
B. Taling tarung, pengkal, wignyan
C. Pengkal lan wignyan
D. Cakra, suku lan cecak
E. Pengkal, taling, pangkon

Jawaban: B

32. Sing kalebu Aksara Rekan, yaiku.....

A. Fa, kha, dha, za, gha
B. Fa, kha, dza, tha, gha
C. Fa, kha, dza, za, tha
D. Fa, tha, dza, za, gha
E. Fa, kha, dza, za,gha

Jawaban: E

33. Sing duweni Aksara Murda, yaiku.....

A. Na, ka,ta,sa,pa,ya,ga,ba
B. Na,ka,ta,sa,pa,nya,ga,nga
C. Na,ka,tha,sa,pa,nya,ga,ba
D. Na,ka,ta,sa,pa,nya,ga,ba
E. Na,da,tha,sa,pa,nya,ga,ba

Jawaban: D

34. Bedane basa kang dianggo ing teks sastra lan teks non sastra yaiku....

a. Teks sastra akeh nggunakake tembung entar lan simbol-simbol dene teks non sastra nggunakake tembung kang tegese lugas lan faktual (apa anane).

b. Teks sastra akeh nggunakake tembung denotasi lan simbol-simbol dene teks non sastra nggunakake tembung kang tegese lugas lan faktual (apa anane).

c. Teks sastra akeh nggunakake tembung kang multi tafsir dene teks non sastra nggunakake tembung kang ditegesi sapa wae padha.

d. Teks sastra akeh nggunakake basa resmi lan simbol-simbol dene teks non sastra nggunakake basa ora resmi.

e. Teks sastra rakitane tembunge lumrah wae dene teks non sastra rakitane tembunge nuwuahake wirama (musikalitas)

Jawaban: A

35. Titikane teks sastra yaiku....

a. Wujud reriptan nganggo basa kang endah lan gampang dimangerteni.
b. Wujud reriptan nganggo basa kang agung, lungit lan isine jero
c. Wujude reriptan nganggo basa endah, ngemu wirama, wirasa panyurasane gumantung sing maca.
d. Wujud reriptan kang isine kasunyatane lan kaendahane urip ing ndonya,nuwuhake pamikat.
e. Wujud reriptan kang isine pasulayane urip ing madyane bebrayan.

Jawaban: B

36. Titikane teks non sastra yaiku....

a. Wujud reriptan nganggo basa kang endah lan gampang dimangerteni.
b. Wujud reriptan nganggo basa kang agung, lungit lan isine jero.
c. Wujude reriptan nganggo basa endah, ngemu wirama, wirasa panyurasane gumantung sing maca.
d. Wujud reriptan kang isine kasunyatane lan kaendahane urip ing ndonya,nuwuhake pamikat.
e. Wujud reriptan nganggo basa kang ngemu teges wantah lan isi bab kasunyatan.

Jawaban: E

37. Tuladhane tembung saroja yaiku....

a. putih memplak, mukti wibawa, gagah prakosa
b. ajur mumur, sekti mandra guna, manca warna
c. kolik priya priyagung anjani putra, edi peni
d. rambute ngelar kumbang, jembar segarane
e. mudha-mudhi, baya pakewuh, dawa tangane

Jawaban: D

38. Ing ngisor iki kang kalebu sesanti yaiku....

a. Emprit abuntut bedhug. Kebo nusu gudel.
b. Cagak nguntal empyak. Sing taberi, nastiti lan ngati-ati.
c. Mripate ndamar kanginan. Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti.
d. Gandane arum jamban. Pasuryane abang dluwang.
e. Ing ngarsa sung tuladha. Ing madya mangun karsa.

Jawaban: A

39. Ing ngisor iki kang kalebu saloka yaiku....

a. Emprit abuntut bedhug. Kebo nusu gudel.
b. Cagak nguntal empyak. Sing taberi, nastiti lan ngati-ati.
c. Mripate ndamar kanginan. Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti.
d. Gandane arum jamban. Pasuryane abang dluwang.
e. Ing ngarsa sung tuladha. Ing madya mangun karsa

Jawaban: D

40. Kang kagolong tembung yogyaswara yaiku....

a. abang dluwang, mudha mudhi, dewa dewi
b. gandarwa gandarwi, kedhana kedhini, mudha mudhi
c. maneka warni, dewa dewi, siswa siswi
d. putra putri, edi peni, perwitasari
e. pemudha pemudha, prameswari, jaluestri

Jawaban: E

41. Ukara ing ngisor iki kang ngemot tembung entar yaiku....

a. Sapa sing salah kudu ngalah.
b. Yen mangsa udan dalane lunyu banget, mula sing ati-ati.
c. Tangane bocah iku dawa sisih, cacat wiwit cilik.
d. Bocah kuwi pancen lunyu ilate, mula didohi kancane.
e. Polatane katon sumringah bareng krungu kabar kahanan bojone.

Jawaban: B

42. Ukara sing ngemu basa rinengga yaiku....

a. Sedina natas udane ora uwis-uwis.
b. Agemane Bapak diampil Pak Dhe.
c. Saben dina pagaweyane mung thutuk watu.
d. Pancen bocahe ya ayu, tur solah tingkahe nyenengake.
e. Dhasar gandhes, luwes, yen nganggo busana sarwa pantes.

Jawaban: E

43. Ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa rinengga yaiku....

a. He, lungguhmu aja jigang kaya ngono kuwi ora sopan, tur ora pantes disawang!
b. Sapa sing rumangsa salah, wis samestine kudu gelem ngakoni salahe mau becike banjur njaluk pangapura.
c. Nalika tekan papan kang dituju, bocah wadon mau gage-gage mudhun, terus mlebu omah cet biru mau.
d. Pancen pantes yen dadi patuladhan, dhasar ayu rupane, sumunar cahyane, gandhes luwes solah bawane.
e. Cahyane lampu sokle cumlorot madhangi dalan sing diliwati, lan uga sakiwa tengene, nganti katon watu gedhe-gedhe kang njegreg kaya patung.

Jawaban: A

44. Mengeti tanggal kelahirane RA Kartini, saben ...

A. 21 April
B. 10 April
C. 1 Mei
D. 5 Mei
E. 15 Juni

Jawaban: A

45. Asma pahlawan kang nyiptakake lagu Bengawan Solo, yaiku ...

A. Suroto
B. Gesang
C. Marzuki
D. Simanjutak
E. Kinarsih

Jawaban: B

- Baca Berita Terbaru Lainnya di GOOGLE NEWS
- Dapatkan Berita Viral Via Saluran WhatsApp

!!!Membaca Bagi Pikiran Seperti Olahraga Bagi Tubuh!!!

Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved