Pendidikan
JAWABAN Tugas Wulangan 4 Bahasa Jawa Kelas 11 Kurikulum Merdeka Halaman 95
Untuk itu, pelajari seluruhnya sebagai persiapan untuk menghadapi ulangan semester 1........................................
TRIBUNPONTIANAK.CO.ID - Inilah latihan soal pada Gladhen Wulangan 4 pada pelajaran Bahasa Jawa Kelas 11.
Terdiri dari soal pilihan ganda dan essay sebagai panduan belajar.
Untuk itu, pelajari seluruhnya sebagai persiapan untuk menghadapi ulangan semester 1.
Soal sudah dilengkapi dengan kunci jawaban secara lengkap.
Untuk memudahkan dalam belajar dan memahami pelajaran pada buku paket.
Baca juga: JAWABAN Tugas Wulangan 3 Bahasa Jawa Kelas 11 Kurikulum Merdeka Soal Hal 67 Serta Link Buku
WULANGAN 4 TUNTUNAN JRONING TONTONAN
GLADHEN WULANGAN 4
I. Pilihen wangsulan sing paling bener!
1. Manungsa iku diajeni ing bebrayan, jalaran nduweni … sing becik.
a. gelar
b. drajat
c. pangkat
d. moral
e. martabat
Jawaban : D
2. Saka kesenian, kita ora mung bisa seneng-seneng ngrasakake endahing asil karyaning para seniman, ananging kita uga bisa ….
a. ngundhakake drajat lan pangkat
b. ngundhakake gelar lan martabat
c. ngundhakake gengsi lan prestisi
d. ngundhakake pangkat lan jabatan
e. ngundhakake ilmu lan kaweruh
Jawaban : E
3. Pagelaran lakon, bisa dadi salah sawijine sarana nggegulang moral sing cocok lan trep. Jalaran ….
a. Tuntunan lan wulangan ing pagelaran lakon nduweni sifat doktriner kang meksa.
b. Tuntunan lan wulangan ing pagelaran lakon ora nduweni sifat doktriner kang meksa.
c. Kanthi lumantar nonton, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral ora bisa rumesep lan kajiwaraga.
d. Kanthi lumantar nonton, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral nduweni sifat doktriner kang meksa.
e. Kanthi lumantar nonton, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral bisa meksa rumesep lan kajiwa raga
Jawaban : B
4. Ing sajerone adicara penyuluhan utawa sosialisasi, biyasane panitia utawa penyaji materi nyuguhake drama cekak kang awujud lakon utawa sosiodrama. Ancase kanggo ….
a. ngenteni adicara sabanjure
b. ngenteni adicara inti
c. menehi pakaryan paraga lakon
d. minangka adicara inti
e. narik kawigaten
Jawaban : E
5. Lakon kagelar kanthi wujud drama prasaja. Kaarani prasaja jalaran ….
a. mung nduweni ancas kanggo sesuluh
b. mung magepokan karo fenomena sosial
c. tanpa rerenggan tata artistik
d. tanpa ngetokake prabeya akeh
e. isine ora goroh utawa mbujuk
Jawaban : C
6. Perangan wiwitane crita kanggo nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure, ing struktur teks lakon diarani ….
a. jejer (orientasi)
b. pasulayan (komplikasi)
c. pangudhare prakara (resolusi)
d. pungkasaning crita (koda)
e. owahing crita (revolusi)
Jawaban : A
7. Dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga, ing struktur teks lakon diarani ….
a. jejer (orientasi)
b. pasulayan (komplikasi)
c. pangudhare prakara (resolusi)
d. pungkasaning crita (koda)
e. owahing crita (revolusi)
Jawaban : B
8. Pungkasan karampungane pasulayan utawa dredah, ing struktur teks lakon diarani ….
a. jejer (orientasi)
b. pasulayan (komplikasi)
c. pangudhare prakara (resolusi)
d. pungkasaning crita (koda)
e. owahing crita (revolusi)
Jawaban : C
9. Bab pokok sing mbedakaken antarane teks lakon karo teks prosa ’gancaran’ liyane yaiku anane … ing teks lakon.
a. urutan crita
b. tema
c. wewarah
d. antawacana
e. irah-irahan
Jawaban : D
10. Ing tataran andum gawe, ayahan sepisanan sing kudu katindakake yaiku ….
a. milih irah-irahan lakon
b. netepake dhalang utawa sutradhara
c. netepake jadwal gladhen
d. netepake paraga
e. netepake pananggap
Jawaban : A
11. Sadurunge lakon kagelar, skenario kudu didhudhah lan dibabar supaya ….
a. Gambaran kasar ngenani swasana lakon sajerone naskah kasebut bisa kabayangake.
b. Dhalang bisa milih lan ngatur samubarang wiwit sadurunge nganti sarampunge pagelaran.
c. Dhalang bisa milih para paraga kacundhukake karo wewatake tokoh ing sajeroning teks.
d. Dhalang bisa milih pirantining pagelaran (perabotan, busana, lan paes) sing kudu dicepakake.
e. Dhalang bisa milih lan netepake irah-irahan lakon sing arep kagelar lan bisa andum gawe.
Jawaban : A
12. Pagelaran lakon bisa lumaku kanthi lancar lan apik, yen ….
a. Sekabehe pawongan kasangkut ing pagelaran kanthi linambaran rasa seneng.
b. Sekabehe pawongan melu ngatur pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.
c. Sekabehe pawongan makarya kanthi linambaran rasa seneng lan tanggung jawab.
d. Sekabehe pawongan melu netepake pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.
e. Sekabehe pawongan melu milih pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.
Jawaban : C
13. Sajerone pagelaran lakon, paraga kudu bisa ngatur swara, supaya….
a. Antawacanane bisa kaprungu endhek-dhuwur dening pamiarsa ing sajerone gedhung utawa panggung.
b. Antawacanane bisa kaprungu kanthi jelas dening pamiarsa ing sajerone gedhung utawa panggung.
c. Paraga lakon bisa ngatur intensitas (kekuatan/seru-lirihe suara) ing sajerone gedhung utawa panggung.
d. Paraga lakon bisa ngatur intonasi (nada/endhek-dhuwure suara) ing sajerone gedhung utawa panggung.
e. Paraga lakon bisa ngatur artikulasi (kedal/obah lan menga-mingkeme tutuk ) ing sajerone gedhung utawa panggung.
Jawaban : B
14. Cengkorongan (asring kasebut sinopsis) teks lakon, yaiku babon ringkes cerita lakon sing gunane kanggo ….
a. Nuntun panulis supaya bisa mahami urutane crita sing sawutuhe.
b. Nuntun panulis supaya asil ciptane bisa luwih apik lan temata urut-urutane.
c. Nuntun panulis supaya bisa maca cengkorongan kanthi gampang.
d. Nuntun dhalang supaya bisa mahami urutane crita sing sawutuhe.
e. Nuntun dhalang supaya bisa maca cengkorongan kanthi gampang.
Jawaban : D
15. Teks lakon katulis kanthi bleger kang dumadi saka….
a. bait, baris, paragraf, lan antawacana
b.paragraf,antawacana,swasana, lan pituduh laku
c. tokoh,bait, baris ,swasana, lan pituduh laku
d. tokoh,paragraf,swasana, lan pituduh laku
e. tokoh,antawacana,swasana, lan pituduh laku
Jawaban : E
II. Wangsulana pitakon-pitakon iki kanthi patitis!
1. Apa sing diarani drama?
Jawaban :
Drama iku sawijining karya sastra kang disajikake kanthi wujud pagelaran langsung ing panggung utawa media liyane, sing nuduhake konflik, emosi, lan interaksi antar tokoh-tokoh sing digawé dening pangarang. Drama asring ngemot dialog lan aksi kanggo ngandhakake cerita lan tema.
2. Apa bedane drama tradhisional karo drama modheren?
Jawaban :
Drama Tradhisional biasane nganut adat utawa kabudayan lokal, nganggo pola panggung lan unsur sing wis ana wiwit jaman biyen. Drama tradhisional asring ngemot unsur ritual utawa upacara.
Drama Modheren ngadhepi tema lan gaya anyar, kadang luwih fokus marang psikologi tokoh utawa kritik sosial. Drama modheren luwih fleksibel ing babagan panggung lan teknik, ora terikat karo aturan tradhisional.
3. Sebutna tuladhane jinis drama?
Jawaban :
- Drama Tragedi
Drama sing nyritakake tumindak-tumindak tragis utawa kedadeyan sing nyebabake penderitaan lan kekalahan. Conto: "Hamlet" dening William Shakespeare.
- Drama Komedi
Drama sing nyedhiyakake unsur humor lan hiburan, biasane kanthi akhir sing bahagia. Conto: "Much Ado About Nothing" dening William Shakespeare.
- Drama Sosial
Drama sing ngangkat isu-isu sosial utawa politik, tujuane kanggo nambah kesadaran utawa nyebabake owah-owahan. Conto: "Death of a Salesman" dening Arthur Miller.
- Drama Absurd
Drama sing ngandhut elemen-elemen absurd utawa ora logis, kanthi tujuan kanggo nggambarake kekacoan lan kebingungan eksistensial. Conto: "Waiting for Godot" dening Samuel Beckett.
4. Apa bedane teks drama karo teks liyane?
Jawaban :
Teks drama beda saka teks liyane amarga ngemot elemen-elemen kaya dialog, petunjuk panggung, lan interaksi antar tokoh. Teks drama dirancang kanggo ditampilake ing panggung, mula luwih fokus marang bagaimana dialog lan aksi kudu ditampilake tinimbang nyritakake deskripsi rinci utawa narasi kaya ing prosa.
5. Apa kang kudu digatekake nalika arep mentasake drama?
Jawaban :
- Persiapan Teknis
Nyusun lan ngatur panggung, peralatan, busana, lan piranti tambahan sing dibutuhake.
- Latihan Paraga
Ngatur lan nyetel dialog, gerakan, lan ekspresi para pemain supaya cocog karo peran lan cerita.
- Koordinasi
Ngatur jadwal latihan, komunikasi antar anggota tim, lan mesthekake kabeh komponen pagelaran bisa lumaku bareng.
- Evaluasi
Ndelok lan ngukur kinerja ing latihan lan prabawa saka penampilan supaya bisa ningkatake kualitas pagelaran.
- Promosi
Nyebar informasi lan narik perhatian pamiarsa supaya bisa hadir nonton pagelaran.
Link download buku di sini
Dapatkan Informasi Terkini dari Tribun Pontianak via SW di sini
Cek berita dan artikel menarik lainnya melalui akses Google News
6 Tantangan Pengamalan Pancasila Bagi Peserta Didik Hadapi Era Reformasi |
![]() |
---|
Alur Daftar Online Sekolah dan Link Surat Pernyataan Ortu, Dokumen yang Harus Diunggah SPMB |
![]() |
---|
SOAL dan Jawaban Tes Toefl Bahasa Inggris Bagi Peserta Didik ataupun Yang Hendak Melamar Kerja |
![]() |
---|
35 JAWABAN IPS Kelas Semester 2 Untuk Ujian dan Ulangan Pilihan Ganda Terbaru |
![]() |
---|
Soal dan Jawaban Bahasa Jawa Kelas 8 Semester 2 Soal Pilihan Ganda Lengkap Kunci Jawaban Terbaru |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.