Pendidikan

JAWABAN Tugas Wulangan 2 Bahasa Jawa Kelas 11 Kurikulum Merdeka Halaman 41 Soal Pilihan dan Essay

Semakin banyak mengerjakan soal latihan, maka akan mengasah kemampuan diri dalam memahami materi pada buku serta terbiasa mengasah dengan menjawab soa

Penulis: Madrosid | Editor: Madrosid
Kolase Tribunpontianak.co.id / sid / google
Pelajaran Wulangan 2 pada Bahasa Jawa Kelas 11 . Setiap soal sudah dilengkapi dengan kunci jawaban sebagai panduan belajar dalam menghadapi ulangan semester 1. 

TRIBUNPONTIANAK.CO.ID - Inilah materi soal latihan pada gladhen wulangan 2 pada pelajaran Bahasa Jawa Kelas 11 kurikulum merdeka.

Terdiri dari soal pilihan ganda dan essay, seluruh soal ini sudah dilengkapi dengan kunci jawaban.

Cocok sekali digunakan untuk mengasah kemampuan diri dalam menghadapi berbagai soal pada ulangan/ujian semester.

Semakin banyak mengerjakan soal latihan, maka akan mengasah kemampuan diri dalam memahami materi pada buku serta terbiasa mengasah dengan menjawab soal.

Untuk itu, pastikan seluruh soal dikerjakan dan diikuti secara seksama.

Baca juga: 25 SOAL FIQIH Kelas 1 MI SD Ulangan/Ujian Semester 1 & Kunci Jawaban Soal Fiqih Kls I Tahun 2024

GLADHEN WULANGAN 2

I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih wangsulan kang paling bener!

TEDHAK SITEN

Tedhak siten iku salah sawijine upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 lapan utawa 245 dina. Nalika iku bocah lagi sepisanan ajar mlaku. Selapan yaiku kombinasi 7 dina ing kalender internasional lan 5 dina ing kalender Jawa. Selapan iku pendhak 35 dina pisan. Tedhak siten asale saka rong tembung, yaiku "tedhak" utawa idak tegese mudhun lan "siten" saka tembung siti kang tegese bumi. Dadi tedhak siten nduweni arti ngidakake sikil ing lemah/pertiwi. Tedhak siten nggambarake kasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan kang bener ing mangsa ngarep. Upacara tedhak siten nduweni teges cedhake manungsa karo bumi. Awit nglakokake kauripan kang apik lan becik ing
bumi lan tetep ngruwat lan njaga bumi. Iku kanggo ngelingaken menawa bumi wis menehi akeh banget barang kang dibutuhake kangge uripe manungsa. Ing budaya Jawa ana kapitayan masyarakat ngenani bab tedhak siten, yaiku yen lemah iku nduweni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala, mula kanggo ngendhani kadadean sing ora becik dianakake upacara tedhak siten. Kaya dene upacara adat liyane, tedhak siten uga nduweni piranti lan ubarampe, 

yaiku:
1. Pengaron sing diisi kembang setaman.
2. Kurungan, kanggo nggambarake yen donyane anak isih sithik utawa ciut.
3. Werna-werna barang sing diselehake sajroning kurungan kang nggambarake suwene urip lan kawajibane manungsa nggolek nafkah, kayata:
a) pari sabengket
b) kapuk sabengket
c) piranti nulis
d) bokor kang diisi beras kuning
e) werna-werna jinis dhuwit
f) mas-masan
4. Klasa sing isih anyar, kanggo lemek ing njeroning kurungan
5. Udhik-udhik utawa dhuwit logam dicampur kembang
6. Andha tebu "Arjuna", yaiku tebu sing wernane ungu kang nggambarake undhakundhakane urip sing arep dilakoni anak.
7. Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu, lan jambon.
Tegese kanggo ngemutake anak yen urip kudu waspada saka goda kang wernawerna.

8. Bancakan, kayata sega gudhangan (urap-urap) sing didumake marang para tamu sing rawuh.
Tata carane upacara tedhak siten, yaiku:
Kang kapisan, bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidak jadah 7 werna kang kagawe saka ketan. Werna-wernane, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu, lan jambon. Jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng. Iku pralambang tumrap bocah kang bisa ngliwati tantangan ing uripe. Urip iku ora gampang nanging kabeh alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang
padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.

Kang kaping pindho, bocah dituntun munggah andha kang kagawe saka wit tebu "Arjuna" banjur mudhun maneh. Tebu saka ukara "antebing kalbu" tegese yaiku tekad ati kang mantep. Tebu "Arjuna" nglambangaken supaya bocah lelakone kaya Arjuna kang nduweni watak satriya lan nduweni tanggung jawab. Lelakone apik lan seneng tetulung, mbela kabeneran, lan bekti marang negara.
Kaping telu, yaiku bocah dituntun kanggo mlaku ing wedhi (pasi). Bocah iku nyeker-nyekerake sikile ing pasir, kang nduweni teges nggolek pangan. Karepe bocah bisaa nyukupi kaperluane dhewe menawa wis gedhe.

Kang kaping papat, bocah dilebokake menyang kurungan kang digawe apik lan dilambari klasa. Ing njerone ana maneka werna bandha-bandha, kaya pari sabengket, kapuk sabengket, piranti nulis, bokor kang diisi beras kuning, werna-werna jinis dhuwit, lan sa jinising mas-masan utawa rerenggan. Kurungan nglambangaken donya, dadi dikarepake bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe bisa kacukupan awit saka pakaryane kang dipilih wiwit cilik.

Kang kaping lima, bapak lan simbahe bocah nyebar udhik-udhik utawa dhuwit logam dicampur kembang. Karepe supaya si bocah nalika diwasa bisa dadi bocah kang dermawan lan seneng tetulung. Amarga seneng menehi lan seneng tetulung, dheweke gampang nggolek rejeki.

Kang kaping enem, yaiku bocah wau diadusi nganggo banyu setaman kang wis dicampur kembang-kembang (melathi, mawar, kenanga, lan kanthil).

Halaman
1234
Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved