Pendidikan
JAWABAN Latihan Soal Bahasa Jawa Kelas 10 Kurikulum Merdeka Semester 1, Soal Pilihan Ganda
Memungkinkan siswa akan mendapatkan pengalaman terkait soal-soal yang akan dihadapi dalam ulangan/ujian semester 1 mendatang.
Panjenenganipun para tamu saha para lenggah, mekaten menggah urut reroncening tata adicara ing siyang menika, murih rahayuning sedya sumangga kita tansah sami nyenyuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha agung, mugi-mugi lampahing adicara ing kalenggahan punika pinaringan karaharjan lan tinebihaken saking rubeda.
11. Pethilan teks ing nginggil kalebu perangan teks panatacara kang diarani....
A. Salam pambuka
B. Pambuka
C. Isi
D. Panutup
E. Pangarep-arep
Jawaban : A
Gatosaken wacan ing ngandhap!
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu bagya mulya, minangka adiacara ingkang pungkasan nun inggih donga ingkang badhe kapandegani dening ingkang kinurmatan bapa Slamet. Anaging saderengipun adicara donga kalaksanan, konjuk dhumateng bapa Mukidi keparenga hanjengkaraken pinanganten kekalih kanthi tumuju wiwaraning sasana pawiwahan saperlu nguntapaken konduring para rawuh saha nyuwun tambahing berkah pangestu, lan saking kula minangka panatacara hambok bilih wiwitan dumugi pungkasan wonten kiranging subasita saha atur kula ingkang boten nuju prana, kula nyuwun agunging.... nuwun, nuwun, maturnuwun.
12. Tembung ingkang trep kangge jangkepi teks panatacara ing nginggil yaiku....
A. pangaksami
B. maturnuwun
C. pangapura
D. sesulih
E. rantamaning
Jawaban : B
13. Ing ngandhap punika pratelan kang wosingipun boten nuduhake babagan surasaning basa yaiku....
A. kula minangka sesulih saking Bapa Kurniawan sakaluwarga, nyuwun pangapunten bilih kathah kekirangan saha kalepatan ing samudayanipun
B. mugi-mugi temanten kekalih tansah rukun, asih sinisihan, lan mulya gesangipun
C. wasana minangka panutuping atur, bilih anggen kula matur wonten kalepatan, kula nyuwun agunging samudra pangaksami, nuwun.
D. Bapa Sudirman ing titi wanci punika sampun hanetepi darmaning asepuh mahargya putra-putrinipun ingkang sesilih Rr. Ayu Sekar Triwarni dhaup kaliyan Bagus Muhammad Noor Arif
E. Mugi-mugi temanten sarimbit saged atut runtut ngantos kaken ninen.
Jawaban : C
14. Gatosaken tembang ing ngandhap punika!
1. Sinambi ing saben mangsa,
2. Lelana teki-teki,
3. Nggayuh geyonganing kayun,
4. Sanitiyasa pinrihatin,
5. Mamangun marta martani,
6. Samangsane pasamuan,
7. Kayungyun eninging tyas,
8. Kala kalaning asepi,
9. Puguh panggah cegah dhahar lawan nendra
Urutan ingkang trep saking tembang Sinom ing nginggil yaiku....
A. 6, 5, 4, 3, 2, 1, 7, 8, 9
B. 6, 1, 5, 4, 2, 3, 7, 8, 9
C. 6, 5, 1, 8, 2, 3, 7, 4, 9
D. 6, 7, 8, 2, 3, 1, 4, 5, 9
E. 6, 5, 1, 7, 2, 4, 3, 8, 9
Jawaban : B
15. Mamangun marta martani ngemu teges yaiku....
A. Ing saben patemon kudu tumindak becik lan sabar
B. Nyiptakake kabagyan lair batin kanthi tumindak sabar
C. Saben ana kalodhangan becike mertapa
D. Saben mertapa kuwi kanggo nggayuh pepinginan
E. Tumindak prihatin aja mangan lan turu
Jawaban : B
Ukara ing nginggil menawi dialihaksarake dados aksara latin yaiku….
A. Bonbin Mangkang salah siji papan pariwisata ing Jawa Timur
B. Bonbin Mangkang salah siji papan pariwisata ing Jawa Tengah
C. Bonbin Mangkang salah siji papan pariwisata ing Semarang
D. Bonbin Mangkang salah siji papan pariwisata ing Jawa Barat
E. Bonbin Mangkang salah siji papan pariwisata ing Mangkang
Jawaban : B
17. Salah siji dampak saka anane virus corona yaiku Ujian Nasional 2020 dibatalke.
Ukara ing nginggil menawa ditulis kanthi aksara Jawa yaiku….
Gatosaken wacan ing ngandhap!
Saisine negara Astina bela sungkawa awit putrane Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi lair kanthi wujud ora lumrah yaiku kanthi kahanan bungkus. Sawetara ibune bungkus, Dewi Kunthi sing kudune bungah nampa kanugrahan putra, mung bisa pasrah marang keparenge Gusti nalika nyipati kahanan kang kaya mangkono. Ora ana senjata kang bisa tumama mecah wujuding bungkus. Pirang-pirang pambudidaya kanggo ngluwari panandhange bungkus ora ana sing kasil.
18. Nilai kang bisa dipunpendhet saking pethilan cariyos wayang ing nginggil yaiku....
A. Lila legawa
B. Kajujuran
C. Andhap asor
D. Gedhe pangapura
E. Lembah manah
Jawaban : B
19. Pitutur luhur ingkang saged dipunpendhet saking cariyos ing nginggil yaiku....
A. Kudu jujur marang liyan
B. Kudu legawa nalika arep mbiyantu sasama
C. Gawe senjata kang migunani tumrap sesami
D. Pasrah lan sabar nalika pikantuk pancoban saka Gusti
E. Golek kasekten kanggo nulung sapadha-padha
Jawaban : D
20. Paraga iki kang kasil mecah bungkus. Pecahing bungkus dadi sapatemon kalorone, kagyat dadi perange. Sirna jasade paraga iki, roh lan daya kekuwatane manjing jroning angga Sang Bungkus.
Paraga kang dimaksud saking wacan ing nginggil yaiku....
A. Raden Permadi
B. Gajah Sena
C. Dewi Umayi
D. Prabu Pandhu
E. Bratasena
Jawaban : B
Dapatkan Informasi Terkini dari Tribun Pontianak via SW di sini
Cek berita dan artikel menarik lainnya melalui akses Google News
Alur Daftar Online Sekolah dan Link Surat Pernyataan Ortu, Dokumen yang Harus Diunggah SPMB |
![]() |
---|
SOAL dan Jawaban Tes Toefl Bahasa Inggris Bagi Peserta Didik ataupun Yang Hendak Melamar Kerja |
![]() |
---|
35 JAWABAN IPS Kelas Semester 2 Untuk Ujian dan Ulangan Pilihan Ganda Terbaru |
![]() |
---|
Soal dan Jawaban Bahasa Jawa Kelas 8 Semester 2 Soal Pilihan Ganda Lengkap Kunci Jawaban Terbaru |
![]() |
---|
40 JAWABAN Ulangan / Ujian Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 2 Pilihan Ganda |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.