Soal Kelas 7
Soal Ujian/Ulangan Bahasa Jawa Kelas 7 SMP/MTs Semester Genap 2023 Lengkap Kunci Jawaban Bahasa Jawa
Carilah berbagai referensi untuk mengasah kemampuanmu dalam penguasaan materi Bahasa Jawa.
TRIBUNPONTIANAK.CO.ID - Berikut adalah soal-soal ujian atau ulangan semester 2 tahun 2023.
Cermati setiap pertanyaan yang ada selanjutnya berikan jawabanmu.
Ingat soal-soal yang ada dalam artikel ini hanya sebagai bahan belajar.
Carilah berbagai referensi untuk mengasah kemampuanmu dalam penguasaan materi Bahasa Jawa.
Setiap pertanyaan juga disertai dengan kunci jawaban.
Adanya kunci jawaban tentu akan memudahkanmu dalam mengevaluasi hasil belajar.
Jika menemukan kesulitan mintalah bantuan pada guru.
Baca juga: Soal Matematika Kelas 7 SMP/MTs Ulangan/Ujian Semester 2 Tahun 2023 Lengkap Kunci Jawaban MTK
Soal Bahasa Jawa Kelas 7:
Ana ing papan wisata Jatim Park iku bisa ditemokake maneka warna wahana kanggo dolanan, kayata : kreta kelinci, bom-bom car, tornado, labirin lan sapanunggalane kang bisa gawe para wisatawan iku kasengsem marang papan panggonan kasebut.
1. Paragraf ing dhuwur kalebu struktur teks deskripsi yaiku ….
a. Idhentifikasi
b. Klasifikasi
c. Kolaborasi
d. Deskripsi bageyan
Jawab : b
Sampun setunggal taun anggenipun kula ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki
2. Tembung “kawruh” ing ndhuwur kalebu tembung ….
a. Aran
b. Kriya
c. Wilangan
d. Katrangan
Jawab : a
Yen bu guru dhawuh prayogane bocah - bocah kudu ngrungokake, amarga pituture bu guru iku becik yen ditindhakak
3. Tembung dhawuh ing dhuwur kalebu tembung .…
a. Wilangan
b. Kahanan
c. Panyilah
d. Kriya
Jawab : d
Baca juga: Soal Ujian Sekolah Quran Hadist Kelas 7 MTs Lengkap Kunci Jawaban Ujian / Ulangan 2023
Kalawingi Budhe Narmi tindhak menyang Surabaya amarga arep dherek lomba nembang macapat.
4. Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ….
a. Cara
b. Wektu
c. Upaya
d. Panggonan
Jawab : b
Sawise lulus saka STOVIA, Dr Soetomo banjur nerusake perjuwangane ing Kutha Surabaya. Liwat organisasi Budi Utomo. Dr. Soetomo uga ngedegake organisasi putri Mardika, yaiku sawijine organisasi kewanitaan kang nerbitake ariwarti Darma Kandha, sawijining surat kabar kang digunakake kanggo propaganda merjuwangake kamardikan.
5. Teks kasebut ing dhuwur kalebu struktur bageyan ….
a. Surasa
b. Wasana
c. Pambuka
d. Idhentifikasi
Jawab : a
Wekasan Riwayate
Perjuwangan lan lelabuhan
Riwayat Pakaryan
Asal Usul tokoh
Anugrah kang diterima
6. Pranyatan nomer … lan … ing dhuwur kalebu isi panutup / wasana teks profil.
a. 2 lan 3
b. 1 lan 5
c. 2 lan 4
d. 1 lan 3
Jawab : b
Lelabuhanipun Bung Hatta kangge Negara Indonesia kathah sanget, piyambakipun aktif wonten organisasi kepemudaan, salah satunggaling perjuwangan saking Bung Hatta inggih menika dados wakiling bangsa Indonesia ana ing Perundingan yaiku Konferensi Meja Bundar kang dianakake ing negari Walanda kang isine nyuwun datheng negara ing donya lan negri Walanda kedaulatan Indonesia amargi bangsa Walanda iku melu ngatur pemerintahan Indonesia kamangka Indonesia wis mardika. Saliyane iku Bung Hatta uga gadhah jejuluk yaiku Bapak Koperasi Indonesia amarga kiprahipun kangge kesejahteraan lan kemakmuran masyarakat damel koperasi.
7. Teks kasebut ing dhuwur kalebu struktur bageyan ….
a. Surasa
b. Wasana
c. Pambuka
d. Idhentifikasi
Jawab : a
Wingi Dina nyilih buku ceritamu amarga dewekke seneng
Potlote apa wis kokbalekake
Payunge digawa bapak
Amarga kowe bali dhisik dadi tasmu dakgawakna
8. Tembung – tembung kang kawuwuhan ater-ater anuswara yaiku ….
a. Nyilih
b. Digawa
c. Dakgawakna
d. Kokbalekake
Jawab : a
9. Kang diarani pahlawan / tokoh iku minangka salah sawijining paraga kang bisa dadi patuladhan uga duweni gegayuhan marang nusa lan bangsa. Piyambakipun mimpin perang gerilya ing jaman penjajahan Walanda. Gambar ing ngisor iki tuladhane paraga kang melu nyengkuyung kanggo kamardikan Indonesia yaiku ….
a. B.J. Habibie
b. Gajah Mada
c. Jendral Sudirman
d. Drs, Mohammad Hatta
Jawab : c
Esuk umun umun para kadhang tani tumandhang gawe menyang sawah, padha sayuk rukun makarya ing sawah kanthi sengkud, ana kang macul, ana kang ngresiki gulma, ana sing mupuk lsp, supaya nalika mangsa panen, asil panen apik lan nyenengake.
10. Tembung “ macul, ngresiki lan mupuk “ kalebu tembung ….
a. Wilangan
b. Kahanan
c. Panyilah
d. Kriya
Jawab : d
Adikku nggawa buku Basa Jawa kanggo sinau
11. Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ….
a. Upaya
b. Wektu
c. Tujuan
d. Panggonan
Jawab : c
Para pangunjung yen kepengin lunga menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum.
12. Saka ukara ing ndhuwur, kang kalebu tembung ancer-ancer yaiku tembung ....
a. Menyang
b. Sendhang biru
c. Para pengunjung
d. Kendaraan umum
Jawab : a
Aku tuku gula ing pasar
Kula tumbas gendhis wonten ing peken
Kula mundhut gula ing peken
Kula mundhut gendhis ing peken
13. Ukara ing dhuwur kang kalebu basa ngoko lugu yaiku nomer ….
a. 1
b. 2
c. 3
d. 4
Jawab : a
Mbak Rani wingi lunga menyang Pekalongan arep tuku Batik.
14. Yen nganggo basa ngoko alus, yaiku ….
a. Mbak Rani kalawingi kesah dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik
b. Mbak Rani kalawingi tindhak dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik
c. Mbak Rani wingi tindhak menyang Pekalongan arep mundhut Batik.
d. Mbak Rani wingi kesah datheng Pekalongan arep mundhut Batik
Jawab : c
Gunung Arjuna yen didheleng saka kutha Malang mligine tlatah Singosari katon ijo royo royo, ing lembah utawa kaki gunung kaya kaya astane satria kang gagah prakosa njaga alam ing sakiwa tengene.
15. Miturut tata rakite utawa jenise tembung, tembung “saka” kalebu tembung ancer ancer amarga tembung saka….
a. Sesulihing Gunung Arjuna
b. Nerangake kaendahan ing Gunung Arjuna
c. Kanggo nerangake pangrasa ndheleng Gunung Arjuna
d. Kanggo nyambung tembung di dheleng karo Kutha Malang
Jawab : d
Agrowisata Kebun Teh Wonosari minangka salah satunggaling papan wisata kang asri ana ing wewengkon Kutha Malang. Dumunung kira kira 6 km saka Lawang lan 30 km saka Malang, ana ing lerenge Gunung Arjuna, mula hawane adhem
16. Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ....
a. Kolaborasi
b. Idhentifikasi
c. Klasifikasi
d. Deskripsi bageyan
Jawab : b
Ing Coban randa saliyane banyu anjlog akeh wahana wisata kang bisa kita temoni kayata : kebun satwa lan kebon woh - wohan, taman labirin kanggo wahana dolanan goleki dalan, papan kanggo outbond uga ana, ana kuliner utawa café lan uga ana hunting foto.
17. Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ....
a. Idhentifikasi
b. Kolaborasi
c. Klasifikasi
d. Deskripsi bageyan
Jawab : d
Minangka salah sawijining papan wisata ing Jawa Wetan, dumunung ing kutha Blitar kalebu wisata budaya / cagar budaya. Manggon ana ing sangisore Gunung Kelud. Ing sakupenge tinemu reca ( arca ) peninggalan saka kerajaan Kediri.
18. Wisata ing dhuwur nyritakake ….
a. Pesisir Ngliyep
b. Kampung Coklat
c. Candi Penataran
d. Pesarean Bung karno
Jawab : c
Telaga Sarangan iku dununge ing sakulone kutha Magetan, kurang luwih 16 km saka kutha.
19. Tembung kurang luwih yen karunut miturut macane nggunakake swara ….
a. U jejeg, A jejeg, U jejeg, I miring
b. U jejeg, A miring, U jejeg, I jejeg
c. U miring, A miring, U jejeg, I jejeg
d. U miring, A jejeg, U jejeg, I miring
Jawab : a
Mbah Sastra duwe pekarangan kang amba banget, dhewekke seneng ngingu kewan, akeh maneka warna kewan kang ana ing pekarangan kayata : sapi, wedhus, kebo, pitik, kelinci, bebek, menthog.
20. Manut teks ing dhuwur tembung kang nganggo swara miring yaiku ….
a. Sapi
b. Kebo
c. Kelinci
d. Wedhus
Jawab : d
Cek Berita dan Artikel Mudah Diakses di Google News
semester genap
ujian
Ulangan
Bahasa Jawa
soal
Kelas 7
soal bahasa jawa kelas 7 semester 2 pdf
soal bahasa jawa kelas 7 semester 2
soal bahasa jawa kelas 7 pdf
soal ulangan bahasa jawa kelas 7 semester 2
soal bahasa jawa smp
soal bahasa jawa kelas 7 semester 2 kurikulum 2013
50 Soal Alquran Hadist Kelas 7 Ulangan/Ujian Semester Ajaran 2025/2026 Lengkap Kunci Jawaban Essay |
![]() |
---|
50 Soal Fiqih Kelas 7 MTs Ulangan/Ujian Semester Tahun Ajaran 2025/2026 Lengkap Kunci Jawaban Essay |
![]() |
---|
40 Soal Bahasa Bali Kelas 7 Ulangan/Ujian Semester Tahun Ajaran 2025/2026 Lengkap Kunci Jawaban Esai |
![]() |
---|
45 Soal Bahasa Jawa Kelas 7 Ulangan/Ujian Semester Tahun Ajaran 2025/2026 Lengkap Kunci Jawaban Esai |
![]() |
---|
45 Soal Agama Kristen Kelas 7 Ulangan/Ujian Semester Tahun Ajaran 2025/2026 Lengkap Kunci Jawaban |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.